Translate

Jumat, 04 Juli 2014

Ilange Kaendahan lan Ilange Kasetyan (Geguritan)

Ilange Kaendahan
anggitane Nina (2011)

Papan kang dhuwur ing pagunungan
Wit-witan kang rembuyung katon ijo royo-royo
Saka kadohan katon layap-layap ing tanceping langit
Endah banjur di nulu, banjur eling
Marang kang nyiptakake
Ananging …….
Kabeh mau sinawang katon beda dening
Para-para kang ora duwe rasa tanggung jawab
Swasana mau kanggo sumbering kadurakan
Ora mikirake bebaya kang bakal dumadi
Banjir…. Banjir….
Amargi gunung kang gundul
Kana, kene di tebangi mung kanggo mblendhukake wetenge dhewe


Ilange Kasetyan
anggitane Nina (2011)

Wanci wis bengi tan saya sepi
Tanpa rasa, tanpa raga lan tanpa jiwa
Sepi sepi lan sepi
Tanpa rasa tanpa krasa
blenjani ing janji
Ilanging tresna , ilanging setya
 Ananging tetep mandheg ana ing ati
Sliramu kang ilang amung saka netra 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar