Translate

Selasa, 08 Juli 2014

Kothak Sabun (Cerkak)



KOTHAK SABUN
Anggitane Ariesta Widya

Banyu kalen sing ora bening merga mentas udan disawang tajem. Wong-wong sa-ang­sane keciburan nawu ilining banyu. Kabeh manggon pinggir kali, winates dalan gedhe lan tembok greja, wis biasa slulup. Senadyan maha­nani sesawangan kontras, dheweke kelebu ewon­ing wong-wong ing pinggir kali mau.
Wiwit mau mung meneng ngenut playuning pangangen. Anake loro lanang wadon lagi ribut ngetung oleh-olehan dina iki. Adol swara ket­ambahan kotak sabun mawa senar karet ireng-ireng. Panguripan selawase ngidak lan ngurud urip.
“Ngapa Mak, kok meneng wae ora melu ngetung dhuwit?” Karno anake lanang nyeger­ake lelamunane. Banjur mung mesem minangkani pitakone anake sakarone. Anake wadon menyat anggone lungguh terus:
“Mak-mak.” Tembunge aleman njejeri emboke.
“Huh, dina iki entuk dhuwit akeh, mak.”
Bali eseme ngrenggani lambene, nyawang anake wadon sing lendhetan lengene.
“Entuk akeh, Tarmi?”
Saiki Tarmi anake manthuk. Dhuwit oleh-olehane dina iki digegem lan disuntak ana pang­kone. Dadakan polatane owah
“Kowe entuk dhuwit akeh, Tarmi?”
“Ncen, mak.”
Anake lanang nyaut aweh wangsulan.
“Mau ana wong lanang dak cedhaki terus Tarmi dak kon nyanyi.”
“He’eh, Mak. Mangsa aku kon nyanyi ngan­ti swaraku serak.”
Emboke nyapih wadulane.
“Ya gentenan ta, Kar.”
“Guluku lara kok mak, yen dienggo ngulu angel. Kok kon dienggo nyanyi?”
Banjur gagehan njupuk obat gosok digo­sok-gosokake gulune anake.
“Anu, anu, Mak.” Tarmi mbacutake ngecu­wis crita anggone entuk dhuwit akeh dina iki.
“Aku nyanyi sing marahi mak-e kae. Apa mak jenenge?” embokne melu ngeling-eling.
“Sing ndi, Tar?”
“Sing, sing kae. Dhek durung ana kene.”
“Ah, emake lali.”
“Aku nyanyi sepisan rampung. Terus wong lanang mau aba yen kon terus nyanyi. Nganti ping pat ya kar?”
Kakange manthuk karo terus ngetung dhuwite.
Aku njur diawe lan dirogohake dhuwit lan isine seketan karo laweyan.”
`Anake wadon mudheng olehe crita dalan gedhe wong-wong padha rame ngrubug colt man­dheg marga makelar pingger dalan iku tukaran karo kernet juragan awehe. “Banjur?” em­boke genti takon.
“Kowe padha jajan mau?”
“Rung, no mak. Kuwi ta tarmi kok jajan ta gelem.”
Anake lanang mangsuli, nanging anake wa­don ora nrimakake.
“Ra dhing Mak. Aku kandha jajanana, aku ora pengin.
“Lhah ngapa kok ora jajan?”
“Sih wareg kok. Aku wis seneng entuk dhuwit akeh kok mak.”
“Ngono kae suk neh dha jajan, nek masuk angin?”
“Lhah, mak e ya rung mangan ta?”
“Aku wong tuwa, wis biyasa.”
Malah wong tuwa gampang lara. Mdhek ana kana ae wong kono. Tangane KIarno nudhingi panggonan buk ngisor kreteg.
Yen ora ana apa-apa ya uwis. Ning yen ana? Haa..
Wangsulane kebak pengarep-arep ka­bungahan. Embokne bali meneng ora nyambungi pikirane tumlawang adoh. Urip iki uripe, kaya kleyang aking godhong mahoni kang tumiba pang­gonan kang dienggo mapan.
“Wis kana, kowe cah loro dha jajan!”
“Ra ah, nek ora mbi mak. Make wedok mbantah.”
“Rasah, wis ta.”
“Moh thik.”
Bali anake wedok aleman.
“Ngapa ta mak moh?”
“Aku rada aras-arasen. Seawanan krasa ngelu.”
“Nah, iku masuk angin mak.”
“Nek ngono yuk, Tar. Wetengku wis perih selak sore.” “Ngko dak gawake wae ya mak?”
Mbokne manthuk trenyuh pikirane angles. Terus bocah loro iku mudhun gumpingan nyidhat laku nyabrangt kali tekan rattan gedhe. Paman­dengetutake jangkahe anake nganti ilang ana enggok-enggokan dalan trotoar anyar sing diga­rap kota madya.
Banjur lagi mingseg anggone lungguh mre­bahake kotak sabun sing wis direka dadi balok, sing saben dina dioyong-oyong anake. Banjur blengker blek roti minangka pengeringe kotak sabun. Isih dikantheni trempolong wadhah susur diiseni krikil kanggo marakas. Kabeh ditutupi plastic menet tembok.
Srengenge wis meh ilang. Dalan anyar sing lagi digarap iku wis ora patiya rame lan bu­ruh-buruh iku lagi ambyur ana kali sing diadhe­pi. Nanging wiwit anake ninggalake panggonane angen-angene mabur dhewe. Banjur nalika saka sabrangan kali keprungu swarane lagi pikirane bali dadi kanyatan.
“Mak, mak-e.”
Anake lungguh njejeri terus mbukak bun­telan sega,
“Mau mak? Wong sing aweh dhuwit akeh temu neh.”
Mbokne ora melu kajaba mung omong ngambang.
“Ah, kowe kleru Tar. Utawa padha rupa?”
“Ra kok mak. Tenan, persis mau awan kok.”
Nalika iku Karno sing wiwit mau mau melu ambyuran wis ngadeg ana ngarepe embokne. Awake isih teles, banyune rambut dleweran ana bathuk dilapi klambine.
“Ya, Kar ya?”
Embokne mandheg praupane. Karno sing isih dilapi klambi dhikut.
“Bener, Kar?”
Embokne ngyakinake critane anake we­dok.
“Apane, mak?”
“Wong sing aeh dhuwit akeh dhek awan rak mau temu nang kana ya?”
Karno manthuk ngiyani.
“Dikira ngapusi.”
Gremenge Tarmi ish terus mbacot omong.
“Mau nakoni ta?”
“He-eh ki mak.”
Mbokne sangsaya ngungun krungu critane anake loro ngethuprus.
“Takon piye?”
Karo nganggo klambi sing mentas dienggo ngelap Karno, nirokake.
“Ra mbarengt neh kowe?”
“Mpun kesel.”
“Kowe padha ngapa mrene?”
“Ajeng tumbas sekul.”
“Dhuwitmu pira?”
“Niki napa.”
“Dhit ntuk aweh mau awan ndi?”
“Kula ken nyimpen mak-e.” banjur wong lanang mau meneng terus ngawasake.”
“Mak mu ya isih?”
“Tesih.”
“Pak mu?”
“Criyose mak-e mpun pejah.”
“Wis suwe?”
“Kirangan.”
“Lhah manggon nang ndi?”
“Teng ngrika.”
“Ndi?”
“Cakey nggreja, cedhak kalen. Em­bokne mung meneng krungu crita anake klanang ndremimil kaya dhalang. Buntelan sega wiwit mau durung dibukak. Anake wedok melu nyanyi nerokake swarane lagu gamelan.
“Nah, iku masuk angin mak. Ngisor uwit cedhak andheg-andhegan colt lan bemo. Ben­gine wiwit krasa sorote lampu natrium ing bubn­deran iku nuwuhake cahaya kuning semu abang. Ndadekake rerupan wong mlaku dadi malih.
“Oya mak. Anake lanang anggone crita.
Wong lanang mau nunggoni terus nggonku tuku sega. Aku wedi mak, ngetke terus. Njur dhek aku bali mrene ngetutake kok. Mula aku karo Tarmi njur mlayu mau.
“Terus wonge nan ndi?”
“mbuh, aku selak wedi. Wonge gagah, mak. Nggo kaos abang, kathoke dhawa ireng.”
“Mau ngetutake tekan endi?”
“Ra ruh. Ning gek aku ados mau wis nga­deg na kono kae lho. Ngisor wit kae.”
Banjur dicoba pamendenge nimbus cahya remeng-remeng nyawang wong-wong sing ngadeg ngisor wit, kaya sing dicritakake anake. Nanging meksa durung bisa ngerteni.
“Nek saiki, kowe ruh maneh ra pangling?”
“Ra, no mak.”
Saiki pikirane muyeg. Nganeh-anehi, nga­pa anake ditutake wong blanang sing mung kenal saka anggone mbarang. Ah, banjur eling lelakon iki, dalan urip sing saiki ditempuh. Urip bay­angan, urut bayangan urut dalan kaya kleyang kawur.
Dhisik urip-urip iki ditempuh kaya wong-wong liyane. Nduweni papan sing tanggon. Duwe omah, duwe bojo sing syah manut kukum sing kaprah.
Duwe anak saka tuwuhing bebojowan kar­na saiki wis nempuh kasiling nasib.saiki cepet-cepet kelingan nalika bojone diangkatake tahan­an marga mung mateni wong mung jalaran salah panampa bab upah anggone nukang. Taun-taun sing dianti wis kliwat adoh kabar bojone ora anal an akhiring pikir dheweke nampa tanggane sing buruh-buruh ana kutha iki. Tekaning nged­hon pahiting urip kudu dirasakake. Kabeh musna marga wong lanang sing bisa dititipi uripe mung sumur, bayi bayine Tarmi.
“Ayo dha rana sik, Kat!”
“Marani wong lanang mau?”
“Ya, cepet Kar.”
Anake lanang digeret, nanging Tarmi trima enak-enak klekaran. Tekan ngisor wit iku Karno mandheg diiringake mbokne, banjur omong lirih.
 “Kuwi mak!”
Dheweke mandeng ngawasake wong kaos abang kathok ireng kaya sing dikandhakake anake pucuk jempol tekan rambut.
“Kang Karli?”
Wong lanang iku noleh. Sepisan maneh jeneng iku diucapake.
“Kang Karli?”
“Kowe Ngat?”
“Iya, kang. Ah, iki mung marga Karno sing kandha.”
“Karno?”
“Iki, iki Karno cah mbarang sing kok wenehi dhiy mau awan.”
“Oh.”
“Iki anakmu, kang?”
Wong lanang iku nubruk Karno dikekep. Dheweke dhewe mung njenger banjur.
“Kowe bisa ngapura aku kang?”
“Apa sing kudu dak apura?”
“Aku dosa gedhe kang, wong lanang iku mencereng lan wong wadon iku luhe drojosan.”
“Aku wis duwe anak karo wong liya kang.” Tembunge pedhot-pedhot nanging rasa kaget diendhem.
“Endi saiki?”
“Ana kana kae. Cah wedok sing mau esuk uga ketemnu kowe kang.”
“Oh.”
Wong telu malu rikatan nrabas suketan pinggir kali nggoleki Tarmi sing wis mlepus turu ngekep kotak sabun ssumerehing uripe.
Iba kagete, nalika tibane sangsaya de­res nalika dheweke turu kepati. Lan anake isih ngglinthing ana sandhige. Kali iku banyune wis megung, sedhela engkas mbludhag ngeleb pang­gonanae. Dene sing diundang kang isih ngringkuk ana lembaga pemasyarakatan nampa dhendaning panggawe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar