Translate

Jumat, 04 Juli 2014

Jeriting Alam Satemene (Geguritan)



Jeriting Alam Satemene
anggitane Nina (2011)


Pancen alam wus bosen
Kanti tingkah kang munafik
Tikah amung sageleme kepenak kang nuruti naluri salah
Selak saka kabeneran
Mbrantas kang mesti di jaga
Budidaya kang kleru winates
Polatan kang ora lumrah saka sipating manungsa satemene
Rasa pangrasa kang mati
Aji ning diri amung ana ing kemunafikan
Lair batin selak saka kasunyatan
Ngrusak kang ora lumrah
Alam pada njerit padha nangis
Ing pangkon bumi kang wus guncang
Dening rasa pangrasa kang wus ora ana

Sejatine apa
Sejatine kepiye
Tresna marang sliramu amung tangis
Kangenku amung esem ler mendhem  

Sejatine kapan
Sejatine sepira
Amung kelumat ing sajroning batin
Dadi panglilaku ninggalake sliramu

Sejatine apa wae
Sejatine ngapa
Setya marang tresna kang tak rasa
Tetep setya marang tresna kang ra bakal tak gawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar