Translate

Jumat, 04 Juli 2014

Panyawaku lan Selak (Geguritan)



Panyawangku
anggitane Nina (2011)


Sekar melati kang rinonce
Rias cundhuk wonten ing mustaka
Kaparinga kasawang ing sejatine praupan
Panyawang netra kang karesep lebeting manah
eseme sumribit lir angin sore kang nggawa manising segara madu
bisaa lugu katon ayu
polat luwes katon sampurna
asih tresna marang sapada
manising ati lumancar ana ing pasuryanmu
dhuh nimas wong ayu
kaparenga kula wujudaken rasa menika



Selak
anggitane Nina (2011)

Sepira gedhening rasa pangrasa iku
Sepira bisane nglakoni lelakon iku
Sepira suwene mendhem lan sinawang kang beda
Ora kapinginan ora kasenengan
Sélak saka rasa lan raga
Kasawang katon beda, karasa saya sulaya
Ananging tetep bisa di gadhang
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar