Translate

Jumat, 04 Juli 2014

Tetep Sliramu lan Titip Kangen (Geguritan)



Tetep Sliramu
anggitane Nina (2011)


Semana kang suwe
Ora nate ilang saka sliramu
Semana lawase pancen ora di nyana
Kabeh pancen tanpa sengaja
Ananging
Malah saya bisa gawe jeroning pangrasa ku
Sepira maneh lawase anggonku bisa
Selak saka sliramu
Kang tak anti.. tak tresnani.. tak puja lan puji
Sepira cacating jiwa mu kang ra bisa dak tampa
Ora bisa ngluwihi tresna iki
Kanti ilanging nyawa tetep bisa di rasa
Kanti sejati mandheg ing sajroning ati

Titip Kangen
anggitane Nina (2011)
Lewat angin bengi
Lintang rembulan kang dadi saksi
Tan saya sepi ing ati iki
Rina wengi saya suwunging ati
Ngenteni sliramu kang dak tresnani
Nganti kapan aku ra ngerti
Bisa nyandhing sliramu
Cah ayu . . .
Kasawang katon esemu lir sepet madu
Katon-katon kasawang soroting netramu
Anyep, adem, lir angin sore kang gawa kangen iki
Cah ayu . . .
Muga bisa dadia tamba laraning ati iki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar