Translate

Selasa, 08 Juli 2014

Veteran (Cerkak)



VETERAN
Anggitane Ariesta Widya

Lagu penutup pemancar, wis ilang. Terus kon­tak-kontak aliran tak pateni dhewe. Kaya adat saben yen siaran ijenan. Tak sawang saka kaca ruang tengah mendhunge ireng abot. Sedhela maneh mesthine udan. Lagi lawang-la­wang arep dak kunceni kaprungu swara sepatu munggah trap-trapan sing mlebu studio. Sidane lawang ora dak tutup. Malah bali mlebu ruang operator. Ngiras ngenteni sapa sing teka aku ngecek iklan-iklan sing dienggo siaran mengko bengi.
Petugas mengko bengi Mas Panji. Niat­ku iki marga adhakane mensthi telat. Nalikane swara mandheg ana kaca ngarep operator. Bnjur esem sing saben-saben nimbus atiku. Pancen dak akoni durung ana tembung sing nate dak rungu pratandha ning simpati gedhene ngrembug sawi­jining sesambungan antarane wong lanang lan wadon dewasa. Mangka kanca-kanca ing kantor swarane wis mesthekake. Aku karo masa Joko sing kebeneran nunggal kntor lan nduweni hoy ana pamancar.
“Wis munhun dhik Tatiek”
“Iya”
“Kok isih utheg?”
“Iklan”
“Sregep”
Wangsulan cekak.
“Ora selak kondur ta dhik Tatiek?”
“Ana kersa?”
“Iya”
“Penting?”
“Srius kok dhik Tatiek”
Saka atiku trataban. Aku lan mas Jojok padha dene lagi dadi lakon. Dadi wong bingung-bingungku wiwit kahananku karo mas Bambang ora karu-karuan. Lan mas Jojok aku ora ngerti uga lagi bingung karo prombleme mbak Mari, ya wiwit iku antarane aku karo mas Joko kerep be­barengan sing mengku teges jero.
Kadengaren sore iki dik Panji teka gasik, mas Joko metu. Terus mudun ana aula ngisor sing biasane dianggap latihan badminton.
Lampu neon ing aula mung murub sing ana ngarep panggung. Dak sawang saka trap-trapan mas Jojok lungguh marga katon geni rokok. Aku ngerti yen mas Jojok pengen aku teka pratand­ha rek-e disumet maneh. Nalikane aku nyedhaki mas Jojok sing lungguh ana kursi pring cendhani pasuryane katon nggambarake sesanggan.
“Lenggah dhisik dhik Tatiek”
Durung nganti aku lungguh wis disambung ngendikane maneh:
“Ora kesesa kondur ta”
“Ana kersa ta Mas?”
Sawise aku lungguh mas Jojok durung kersa ngendika.
Saiki dak rungu pemancar wis munggah. Mesthine lagi testing manasake memancar. Mar­ga dak deleng jam durung jam: 18.55. Akh lagu iku; lagune Brury Personalia: cinta takan padam. Ujug-ujug mas Jojok ngendika: “Dhik Tatiek isih eling lagu iku?”
Sejatine aku mesem. Nanging mesthine mas Jojok ora pirsa. Aku isih elingan nalikane pamancar iki durung pindhah ana jalan Veteran: 67. Ya sore ngene. Sasore iku mas Jojok ngan­cani aku. Kadingaren batinku. Yen sepisan iku mas Jojok ngeterake tekan asmara. Lan wiwit iku pendhak-pendhak aku siaran sore mesthi ditunggoni lan ya diaterake mulih. Sabanjure kepara saben malam minggu rawuh asrama. Lu­wih-luwih sikape sing sangsaya dak rasa ruma­kete.
Sing ngyakinake maneh lan nggumu­nake yaiku nganti ngerti dina jarugku. Sore iku rawuh ngersakake tindakan lan ngndika yen iki mirunggan kanggo mahargya dina lahirku. Wis jelas mesthine. Bnjur ing sawijining sore na­lika pemancar testing, pamancare Undip: Ja­tayu nglagokake lagune Brury mas Jojok ngaras bathukku. Bisaku mung meneng wae. Wiwit iku ing antara ning aku karo mas Jojok intim. Iku sing nggawe atiku lali karo persoalanku karo mas Bambang. Lan dak rungu uga persoalane mas Jo­jok karo mbak Mari wis adem. Lelakon iku wis lumaku karo tengah taun tekane wulan Desem­ber’74.
Ya tekan wulan Desember minggu iki, wengi iki sing dak adhepi bebarengan mas Jojok.
Nalika pandangane mas Jojok ora dak wangsuli, banjur ndangu maneh;
“Dhik T.ti isih kelingan lagu iku?”
Nalika lagu iku entek, disambung lagune Koes Plus Hatiku Beku.
“Isih mas.”
“Angel?”
“Aku ora bisa matur”
“Kaya awake dhewe iki ta?”
“Bisa uga”
“Lho kok bisa uga. Iku tegese ora ngakoni karo kanyataan.
“Pancen mas awakku dhewe urip ing anta­rane kanyatan lan ora”
Lan kabeh iki ora bisa dijarake tanpa tu­juwan kudu ana tujuan yen arep mbacut. Kudu mandheg yen ora ngerti tujuwane”.
“Banjur kersane?”
“Kabeh kudu didhadhagi awake dhewe.”
“Dhik Tatiek tahu mikir utawa ngalmun piye dadine kabeh iki?”Ngendikane mantap. Aku bingung ang­gonku arep nyaosi wangsulan. Jer kanyatan ing batinku selawase iki ya mengkono kahanane.
“Dak kira kaya sing peninenengan galih mas”
Wangsulanku diplomatis.
“Hem, pancen sakawit aku pengen dalan iki ana akhire sing nyenengake”
Ning kepeksa aku nempuh dalan iki. Aku kepengin urip kanthi kayatan.
“Saelingku, Tatiek…” ngendikane mand­heg rada suwe
“Ing wulan Agustus, aku kudu ngeleg kan­yatan. Sakawi dalan iki arep dak rebut sauga aku bisa urip kanthi kanyatan Okh, aku manungsa sing kudu nganggo akalku.”
Dak rungu mas Jojok unjal ambegan. Ka­tone seseg banget. Aku dhewe gela ngapa nda­dak ngetokake tembung iku. Gela. Gela banget.
“Dik Tatiek”
Ngendikane mas Jojok.
“Ya marga kaya sing diucapke dik Tatiek mau aku pengen kandha saiki.”
“Nuwun sewu lho mas. Yen iki ndadekake geraning penggalih”
“Ora. Ora dik Tatiek. Tiwas kebeberan yen dik Tatiek ya nglenggana kenyatan iki.”
Saiki mas Jojok ngasta rokok meneh Diakep suwe lan dawa banget.
“awake dhewe wis mlaku adoh. Ning me­nyang ngendi parane ora ngerti.
Bali ngendikane mandheg maneh rada sauntara banjur.
“aku mulih ninggalake Pandanaran 107 marga aku ketumbuk karo kenyatan.
“Mas Bambang teka, ta?” pitakone kaya ana sidhang pengadilan.
“Iki sing dak arani aku kudu urip kanthi kenyatan. Mula dina iki aku nyuwun pamit. Muga aku bisa nemoni urip kanyatan. Dak ajap dik Tatiek uga”
“Banjur mas Jojok?”
Swaraku mandheg ing nggorokan selak kesusu banget pancen nalika iku mas Bambang teka ana studio ngrembug sesambunganku. Ning aku uga durung aweh kepasthian, lan kabar sing paling akhir dak tampa saka ashiku yen mas Bambang wis melu BUTSI ana Maluku.
“Dhik Tatiek pangapurane sing gedhe lan wulan Desember iki aku arep nempuh dalan ke­nyatan”
Dumadakan mas Jojok menyat terus ngaras bathukku. Tanpa kaya ora sadhar aku ngrangkul mas Jojok. Banjur krasa kaya sing sepisanan astane ngelus rambutku.
“Piye dhik Tatiek”
“Wis mas aku ora susah di penggalih”
Wong loro menyat ninggal aula gedhung Veteran bablas mudhun dalan prapatan ngarep Taman Pahlawan Giri Tunggal. Saiki becak sing dak tumpaki bablas ngener asramaku. Mas Jo­jok isih nganthi tekan asrama lan isih kersa arep kondur ngendika:
“Dhik Tatiek isih kuat nunggoni aku nam­pa sakramen ana greja?”
Bisaku mung manthuk kaya kena daya magnet.
Dina iki tanggal: 11 April 1975, aku isih eling yen sesuk tanggal: 12 April 1935: dina wi­yosane mas Jojok. Bubar kantoran aku bablas lunga Johar tuku kartu. Tanpa tembung apa-apa trus dak lebokake kantor pos. sesuk dina Min­ggu, dina Senin wis ketampa. Piye mengko peng­galihe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar