Translate

Selasa, 08 Juli 2014

Padanaran (Cerkak)



PADANARAN
Anggitane Ariesta Widya

Dina minggu mulihku saka Sarangan durung patiya bengi. Benere aku isih rangu-rangu marga kawarasanku pancen durung pulih, mung entuk cuti dokter seminggu. Kaya dhek emben kae, akun njaluk tulung Dhek Wid tekan sanggar. Marga budhalku jam 3.00 bengi. Su­payane tekan Sarangan isih esuk. Upama ora ke­peksa mono rada rikuh wong ya pada bujangan. Lan kanca-kanca mesthi nafsir sing ora-ora. Ya marga aku nginggati tembung-tembung mau aku njaluk tulung: Dhik Wid, jalaran ngantine saiki iki Dheik Wid dadi paraga pasrawungan kang becik.
Sore mau kanca sasanggar kandha yen Suka teka ngomahku nganti ambal ping telu. Aku ngerti playuning tumrap dhiriku, Knggoku tinim­bang kabeh mau dadi pirembugan raire. Mangka ing batinku ora bisa nampa kahanan iki marahi aku mumet yen mikir kuwi.
Dina senen bengi budhal menyang stu­dio numpakm becak. Kanca-kanca rada lengkap bengi iku pemancar isih testing. Lagu-lagu dak puter kanggo ngisi acara kontak monitor. Ten­gah-tengahing siaran Dhek Wid teka bebaren­gan Paulus lan Uut, terus mlebu ruang operator nyedhak:
“Yu Pur, entuk kiriman.”
Aku ethok-ethok ora ngerti, jalaran Dhek Wid senengane guyonan.
“Yu Pur entuk kiriman, percaya nggak?” Tembunge maneh, terus nuduhake laying.
“Percaya ora?”
“Saka sapa?”
“Titeni wae, tulisane sapa!”
Aku apal banget karo tulisan iku. Sabab pendhak-pendhak tulisan iku dak tampa saka Jogja.
Operator digenteni Dhik Paulus, aku mle­bu ruang penyiar sing uwis ora dienggo selak ora sabar kepengin ngerti isine. Oh, sumrepet rasaning sirah, iki buntute nalika aku ditimbali mbakyu ana Yogya kae. Upama ora ana studio aku pengin nangis sakatoge, kepengin nguras eluhku. Kanca-kanca isih padha ribut ana ruang tamu kawistara yen ora ana sing ngerti kepriye rasaning atiku.
Kanggo ngilangake panguneg-uneg ati dak coba mesem. Ah, dakkira kabeh mung panyakra bawa sing durung jelas garise. Angel anggon­bku arep ngeyakinake prinsipku. Seminggu ke­pungkur aku ditelegram mbakyu sing ana Yogya ngrembug kahananku karo Mas Bambang. Aku wanita sing saiki dadi tertuduh.
“Kowe kudu nyingkiri rasa pasrawungan sing saiki Pur!”
“Pasrawungan sing endi?”
“Pasrawunganmu sing akhir-akhir iki.”
“Apa aku nerak wewatesaning norma pas­rawungan?”
“Saiki ora. Sapa ngerti mbesuke.”
“Aku isih eling.”
“Pancen. Ning saora-orane sarana iku apa ora ateges aweh dalan?”
“Pasrawungan rak mung maujud pasrawun­gan kanca sakarier.”
“Bener. Apa ora jeneng mokal pasrawun­gan sakarier sing njumbuhake rasa lan pangrasa bisa mujud marang niyat kang manunggal? Lan mesthi bisa nuwuhake teges liya maneh sing lu­wih akeh.”
“Teges sing piye?”
“Ya sing bisa njalari bakal byugarake pen­garep-arepe Dhik Bambang.”
“Wektu iki aku isih bebas, bebas bergaul kanthi wewaton normaning pasrawungan .”
“Aku ngerti, Pur. Ning suwalike aku uga emoh ngerti, margaaku wis tuwa lan mripat sar­ta atiku uga wis tuwa.”
“Dadine aku disalahake marga pasrawun­ganku karo Suka?”
“Kira-kira mamngkono. Kowe secara ora langsung ngakoni.”
“Aku tetep berprinsip: aku bebas. Aku emoh dikekang uripku saiki iki, marga aku isih bisa mbedakake abang lan ireng.”
“Yen ngantine Dhik Bambang uga bertah­an karo prinsipe?”
“Terserah. Jalaran aku ngantoi dina iki ora nduweni owah-owahan. Kena apa kita kudu berprasangka sing ora gumathok.”
Iku kadadeyanku karo mbakyu ana Jogja seminggu kepungkur.
Oh, dina iki ngendikane mbakyu numusi tenan. Nanging batinku, aku arep mbuktekake yen ing antaraning aku lan Suka mujudake kanca sakarier pencinta pemancar. Wis.
Bali perangan layange Mas Bambang sing ngenani dhiriku dak waca:
~Yen Dhik Pur tetep berprinip sing ora ngerteni karep lan dhiriku, aku uga emoh ngerte­ni karep lan dhiri Dhik Pur. Marga ing antarane aku lan Dhik Pur padha dene nggekengi prinsip pribadi. Lan laying iki mesthi wae dadi laying kang pungkasan sing dak tulis kanggo Dhik Pur.
Donga-Dinonga.
Selagine aku lungguh lenger-lenger, Dhik Wid teka terus nyandhingi.
“Piye Yu kabare? Sajake kok …” tembunge ora dibacutake, lan aku uga ora mangsuli. Dak sawang wit cemara ngarep markas kaku nglan­gak langit. Bengi iku mendhung-mendhung kaya sore-sore sing kepungkur.
“Sapa sing nggawa layang iki?”
“Ora ngerti, mau awan tekane. Dak kon ngenteni ora gelem, aku sejatine wegah omong ananging Dhik Wid terus kandha:
“Layang perih apa piye?”
“Ora.”
“Kok mendhung?”
“Yen ora layang pedhes?”
“Ah, embuh-embuh.”
“Utawa laying akhir?”
“Akhir apa?”
“Ya akhir april, iki rak wulan mei.” Wang­sulane karo ngguyu latah.
“Kaya ngertiya kae.”
“Kira-kira lho.”
“Wis tau perih ap?”
“Ora trima tau. Ping kopang-kaping kaya deret dimet” bali Dhik Wid ngguyu maneh.
“Dhek Wid cah putra gampangan.”
“Apa dupeh bocah putra iki kaya ora susah.”
“Ngono-ngono kae banyak kebebasan.”
“Kebebasan kae uga ana watese. Apa ya banjur bebas melar?”
Aku terima meneng. Yen omongan karo Dhik WId aku mesthin kalahe. Selagi angen-an­gen bali keplanirang adoh Dhik Har. Crew Radio New-Imelda numpak CB-ne.
“Sorry, ngganggu wong lagi…”
“Nganggu apa?”
“Lagi mendhung Mas Har langite.” Dhek Wid mbacutake.
“Bagong ana?”
“Ora ketok wiwit mau sore, ning coba di­goleki ana mburi.”
Dhik Har mungkur. Aku lan Dhik Wid isih-meneng-menengan. Mas Kiswo bagian tehnisi isih sibuk. Sedela krungu guyune Dhik Paulus lan Mas Mekto.santer banget, grimis uwis tumiba.
“Mlebu wae Yu, mmengko mundhak masuk angin-angin bengi.”
“Wis ben. Aku lagi seneng ngene iki.”
Lan nalika udan bres kaya disuntak, aku uga durung menyat saka bangku. Dhik Wid uga durung obah kajaba bangku dipepetake tembok.
“Mlebu ta yu, udane tambah deres. Watuk lho!”
“Wis kana Dhik Wid, tindak njero dhisik!”
“Widadarine melu bela sungkawa. Eluhe mili tekan bumi”, Dhik Wid grenengan banjur isih dibacutake kaya wong maca puisi:
Dak tampa layangmu
Pungkasan,
Kalamangsane udan
Tumetes ing teras.
Wit-wit cemara ngacir kaku
Nglangak langit kulawu,
Arepku
Kepeksane aku ngguyu sanadyan jroning ati ndhongkol, terus kaya ora sadhar Dhik Wid tak gablog karo aku menyat ninggalake bangku ngarep markas mlebu kumpul kanca-kanca.
Mulihku sing lumrahe diterake Suka ben­gi iki ora. Aku mau wis kandha karo Dhik Yona ngeterake tekan sanggar.
***
Minggu candhake, awan-awan budhalku numpak becak. Karepku nglungani yen dipethuk Suka. Ing ngarep studio Dhik Wid lan Dhek Yona lungguhan bangku ngisor cemara ngarep markas. Pemancar mengko munggah jam loro awan. Isih ana wektu mesthine, dadine bocah telu padha lungguhan.
“Kuncine diasta, Yu?”
“Ora. Dak kira diasta Dhik Wid.”
“Aku rak ora tugas.”
“Kok ndadak rawuh barang.”
“We, kok galak. Yuk, mulih wae Dhek Yona. Wis diusir sing kagungan studio.” Dhek Wid tetep mbanyoli.
“Rene ki mbantu! Malah ketiban bom dhateng kula badhe nyaosaken punika ndara pu­tri.”
Dhik Wid ngulungake kaset anyare “Zainal Group” lan buku kata-kata mutiara. Aku banjur eling dina minggu iki ana ruang kata-kata mu­tiara. Duku sing dhisik dak ilangake dak akoni Dhik Wid pancen pinter srawung sing sejatine isih pegel ana atiku ndadak dibanyoli:
“Piye gerahe?”
“Lara apa?”
“Lha gerah apa kono, wisdangan!”
“Durung.”
“Gek diobati!”
“Obate ora ana apotik.”
“Yen ora digolekake dokter spesialis.”
“Uga ora ana.”
“Yu Pur wis yakin yen ora ana dokter?”
“Ah, embuh, embuh.”
“Yen ana piye?”
Aku meneng wae, jalaran ewuh anggonku arep mangsuli.
“Kene ana dokter loro.”
“Loro?”
“Kae sing siji.” Tembunge karo nudingi Suka sing lagi teka numpak vespane.
“Kae? Dudu. Dheweke calon dokter sing ora bakal lulus dadi dokter.”
“Sebabe?”
“Marga aku dhosene.”
Dhik Wid ngguyu latah-latah.
“Yen ngono mung kari siji. Yen lulus tenta­men.”
“Ana ngendi?”
“Ora adoh.”
Aku bajur noleh Dhik Wid, dak sawang Dhek Wid ora ngadhepi aku. Pamandenge tum­lawung adoh.
“Ana ngendi?”
“Cedhak. Ana ngisor wit cemara Studio Cendikia Puruhita jalan Pandawa 107, cedhak penyiar Purwitasari. Piye?”
Aku sakala bingung, sing dikarepake mes­thi pribadine pancen dak akoni. Akhir-akhir iki pendhak guyon Dhik Wid tansah nyenggol-ny­enggol atiku. Apa maneh yen ngedhongi ngaso bebarengan ana ruang departemen, banjur yen nyawang praupanku nunjem ati. Aku wis krasa, aku diwasa. Nanging apa tembung mau mung guy­onan. Dadakan dadi problem anyar ing pikiranku. Tuwuh pitakonan sing luwih dawa maneh. Nger­tiku Dhek Wid ana hubungan karo bocah dok­ter Cipto. Apa hubungane sida pedhot tenan. Iki kabar sing dak rungu nganti anggonku ngayahi tugas siaran sore iki bola-bali salah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar