Translate

Senin, 30 Juni 2014

Benang-benang Katresnan (Cerkak)



BENANG-BENANG KATRESNAN
Dening Arieta Widya

Kabeh wis lumaku 15 tahun. Awn iku nalika mboke kandha yen Tarmi tilik desa ana rasa goreh sing godha atine. Tarmi bojone Barjo, loro-lorone nyambut gawe ana kesehatan, dina iku tilik mulih. Dadakan rasa kepenin omong-omongan karo Tarmi notol atine.
“Leh teka karo bojone pa mbok?”
“Ra patiya cetha.”
“Kira-kira mampir kena pa ya?”
“Ketoke ra rene. Wis bola-bali tilik desa kapan dha sudi mampir.. wis dha mulya yake. Dha wegah. Dikira kene ngiler oleh-oleh.”
“Ah ya ra ngono. Mbokmanawa preine mung sithik.”
“Ngono-ngono nek trima anguk-anguk pa ra isa. Wong ncen wis dha ra sudi karo wong desa ngene ki.”
“Ra sah neka-neka bok. Aku pengin temu karo Tarmi.”
“Ndengaren. Na penting pa?”
“Penting ya ra. Mung perlu ngono wae.”
Mbokke ditinggal. Sewat-sewut anggone ganti terus budhal. Lakune mlipir metu mburi omah nrabas kebone lik kayat anjog dalan sing nugel desane. Nalika tekan ngarepe omahe Badrun Petruk terus menggok warunge randhane Sanuwar sing saiki dialap Sarman dudhane Siyam.
“Ajeng teng pundi, Mas Rus?”
“Anu, ajeng golek rokok niki napa.”
“Kok kesesa sajakke?”
“Ajeng teng Dhe Matkodir. Turene Yu Tarmi mriki.”
“O, inggih. Nika napa sek dha jagongan kaih lare-lare.”
Tanpa pamit panggonan iku dtinggal bablas nerusake laku pengin methuki Tarmi. Ana prakara sing arep ditakonake.
Tekan omahe Dhe Markodir ya wong tuwane Tarmi ora mlebu pendhapa nanging njujug pawon, methuk Yu Ginah wong wadon sing wis kepapagan umur nanging tetep setya anggone ngawula.
“Yu, Yu Ginah. Kok gayeng men ana tamu pa?”
“Allah... si mase. Ngeget-egeti mawon Mas Rus iki.”
Saking ora sabare pitakone dibaleni, “Ana tamu pa, Yu?”
“Nggih, nggih, enten tamu Mbak Tarmi kuwi.”
“Dheweke pa, Yu?”
“Nggih, kiyambakan. Turene enten perlu pados batur napa dos pundi?”
Ora diatag Yu Ginah menyak anguk-anguk omah tengah karo ngaruhake yen ana tamu. Dene Rus isih ngadeg njenger ana tengah pawon.
Ana rasa rangu-rangu bareng arep ngadhepi Tarmi. Kepriye mengko anggone arep miwiti pitakon?. Rasa lain nyingget lanange. Marga dhisik-dhisik wis supata ana ngarepe Tarmi. Ora arep madal janji. Banjur nalika Tarmi manglung lawang ngungak ora sranta sikile jumangkah mlebu.
“Ouw. Yu Tarmi.”
“We... lah ana tamu Dhik Rus. Kene-kene iki mau lagi ngobrol karo cah-cah.”
Tanpa kakean rembug terus nyeret kursi mapan lungguh. Rokok sing mau tuku ana warunge Sarman siduwek. Disumet siji sajak gragaban. Tarmi wis mapan ana ngarepe, kalane angone udud keluke wis bola-bali nggeblas munggah.
“Dhewekan Yu?”
“Ya, bapakke mbuh ana perlu apa ngono. Iki rak arep golek bocah nggo momong.”
“Wis suwe ya pindhahan nggon sing anyar iki?”
“Cukup. Kapan dolan rana? Ja nduwel we ana omah. Ndhak marakake gelis tuwa.”
“Arepe dolan-dolan wong nyatane rak ya wis tuwa ta, Yu?”
“Ngono kae rak beda. Ja kalah karo sing nom-noman ngono.”
Atine goreh nalika arep omong bab siji kuwi, tujune Tarmi maah bukak dalan.\
“Ouw, Dhik. Aku sajake ki arep crita. Nong ngko gek marakake mala.”
“Ah mandhak crita we dadi mala. Ra Yu ra. Critaa wis dak rungokne.”
Tarmi nyeret kursine nyedhak. Mripate langsir ngiwa nengen mbokmenawa ana wong liya sing melu krungu, awakke sansaya geter. Drijine melu ndhredheg nadyan durung ngerti apa sing bakal disritakake.
Kaya-kaya sing arep dirungu ya sing saiki lagi digagas.
“Dhik Rus, ra tau kelingan cah-cah pa?”
Pitakon iku kaya bledheg nyamber. Dhadhakan kaya bengkah-bangkah. Ora ngira ya pitakon iku sing metu luwih dhisik. Sirah dadi mumet sakal.
“Piye Dhik Rus. Kok njur kamitenggengen?”
“Piye ra kamitenggengen ta Yu. Ngendi wong tuwa ra kelingan anak?”
“Ko sik. Nggonku takon ngono ki, ee, kok le cep klakep ra ana kabare. Pa ngabarake. Aku lho Dhik sing melu isin.”
“Ya, ya, Yu. Aku ngerti.”
“Ngerti apa ethok-ethok ra ngerti. Coba gagasen. Dhek semana sapa sing nglantarake?” pitakon sing kaya mitralyur iku sangsaya rumangs asore dhirine. Ing atase wong lanang tinggal glangang colong playu.
“Aku sing luput, Yu.”
“Ra cukup mung ngakoni lho, Dhik.”
“Njur kudu piye?”
“Kudu piye? Ya njaluk pangapura ngono.”
Pakon iki maneh sing nambahi sanggan. Sanadyan pancen wis dadi niyate. Nanging ora kok langsung arep njaluk pangapura nanging sarana pengin ketemu anakke.
“Njur piye anggonku njaluk pangapura. Luwih-luwih karo cah-cah.”
Aine saiki dadi karanta-ranta. Mendah kaya ngapa ajure ati yen tenan mengko ketemu bocah-bocah sing pisah wis limalas taunnan.
“Wis Yu kono piye bisane aku weruh bocah-bocah.”
“Lha ngono. Dadine aku ki gampang nggone mikir.”
Tarmi memburi sedhela. Terus disusul Yu Ginah nggawa kopi sagelas. Isih kebul-kebul panas mentas disoki jaran saka ceret. Ora antara suwe Tarmi bali nemoni.
“Dhik Rus. Sakjane anggonku pengin rembugan ki rak wis suwe. Ya prekara kuwi. Ncen dina iki anggonku mrene uda bab iku. Babe Dhik Rus lan cah-cah.”
“Dadi Yu Tarmi wis ruh cah-cah?”
Sing ditakoni ora enggal omong nanging malah mesam-mesem sajak ngandhut penyenges njalari atine Rus tambah goreh.
“Saiki ngene Dhik Rus. Piye carane bisa sesambungan karo bocah-bocah  maneh? Iki alamate ibune.”
Atine kaya kasrempet jeblosan granat. Or angira yen bojone uripe wis mapan.
“Wis omah-omah neh ta, Yu?”
Kabeh tembunge ora ana sing arep diwangsuli. Diwangsuli mesthi keseser. Jer pancen awakke dhewe sing luput. Luput nuruti kobonging ati dhek semana.
“Wis Yu, matur nuwun.”
“Padha-padha Dhik. Ning rembugmu sing tenan.”
“Mesthi, Yu.”
“Lha rene ki sajane mung dolan pa?”
“Akh, waleh-waleh apa. Ncen anggonku madik-madik alamate cah-cah ki ya wis lawas. Kebenaran Yu Tarmi mrene thik ya wis aweh dalan.”
Wedang kopi disruput entek. Embuh rasane wedang kopi ora ngerti. Mung saiki pengarep-arep iku cumondhok ana atine wong tuwa marang anakke.
Tekan omah nulis layang. Meh sedina ndhuwel ana kamare. Mbok nganti gumun. Kadingaren ora kaya adat saben. Bola-bali kertas sing wis diwiwiti disuwek. Kabeh jugar.
“Dengaren ra metu-metu, Tus?” embokne aruh-aruh saka kamar tengah karo nyawisake wedange.
“Wegah.” wangsulane cekak banjur metu nemoni mboke sing lagi nyeleh cangkir.
“Suk minggu ngarep iki yo lunga ya mbok?”
Mbokke mandeng paraupane anakke ngemi pitakon. Kaya-kaya ana pangangen sing digembol.
“Wong ya gawene ndhuwel na omah we kok. Lunga-lunga ngendi.”
“E, e, ya lunga dolan-dolan ngono. Aku ki ana perlu sethithik kok mbok.”
“Gek perlu ap, Rus?”
Mbokke lungguh bangko-bangko cedhak lemari sing dienggo nyimpen bala pecah. Nganti suwe anggone ngenteni tembunge anakke nanging ora enggal kawetu.
“Ana gawe apa ta, Rus?” pitakone maneh.
“Wingi iki aku rak ka nggone Yu Tarmi. Ah wis ana pirang-pirang wektu iki kok ati iki rasane kothong, mbok.”
Mbokke sangsaya ora ngerti playune omonge. Anakke nerusi.
“Dak pikir seprene rak wis limalas taunan ya mbok?”
“Apane ta Rus, kok aku ora mudheng?”
“Ah, rumangsa dosa wong tuwa ora mikiri anakke. Wog tuwa sing banjur lali marang jejere. Mendak panutuhe anak.”
Siki mbokke lagi bisa nggagapi apa sing dikarepake anakke.
“Ya, ya Rus. Pancen kabeh luput. Aku sing dadi wong tuwa kudune aweh sesuluh uga lali. Awakke dhewe lali kabeh.”
Brebel luh tuwane ambrol. Mangkono uga luhe dhewe ora kena diampet.
“Hmmm. Kok kira semono lawase ki isih ngarep tekane Dhik Rus. Cah-cah rak ya butuh pengayoman sing mbapani?”
Sesorahe Tarmi iki sing nambahi sanggane sangsaya abot.
“Saiki piye? Kabeh wis cetha. Kurang apa maneh? Dalan wis dak bukak. Saiki kari Dhik Rus sing bisa nglungguhi lanang. Aja kaya wong ora nate ngidak sekolah.”
“Yu Tarmi wis ngerti kabeh kahanane bocah-bocah, mbok.” swarane tambah ngondhok-ondhok.
“Nggonku njintel ana kamar rak ya kirim layang mrana. Kepriye wae aku pengin weruh cah-cah. Embuh ana kana ngko bakal dicecenges ibune aku ora bakal selak.”
“Ya ta, Rus. Aku melu bungah yen ing atimu wis krenteg niliki anakmu. Njur kapan nggonmu arep mrana?”
“Dak angkkah seminggunan. Kira-kira layange wis ketampa. Dadi ra banget ngaggetake.”
“Ya, iya. Sedheng kene isa nggawe oleh-oleh.”
Esuk iku sida ngeposake layang tumuju tilas bojone.
Limalas taun kepungkur dheweke nyambut gawe ana lembaga pemerintah tugas ing padesan. Nanging ora ana desane dhewe. Banjur sawijining wektu ana petugas lapangan sing ana gandheng rapete karo gaweyane. Bocah wadon mau mondhok ing omahe wong tuwani Tarmi, banjur tuwuh kepingin sesambungan. Lan saka tangane Tarmi tetepungan iku bisa sempulur ngandi dadi bojo anak loro. Sanadyan nalika semana pancen ing desane uga ana sing ngayunake. Bocah nom sing ing desane uga kalebu bocah nom sing kinurmatan, Suminto. Nanging Tarmi sing dadi jeksane. Putusane pungkasan dheweke sing bisa mengku. Lan bocah wadon mau jenenge Wahyuni.
Nanging sajak sesambungan iku pancen ana buntute sing dawa. Ana rasa sujana sing mbutarepen ngenani bojone marga anggone ngayahi tugas dipindhah liya panggonan. Dadine ora bisa kumpul. Ngantine tuwuh pengin tha-entha ing atine.
Kanggo nyingkiri kabeh mau sing wadon njaluk pindhah panggonan sing nyedhaki wong tuwane. Mengkono sebacute ngantine sawijining wektu tuwuh lelakon sing ora kanyana. Nalika iku anak sing nomer loro lagi umur setengah tahunan. Kanthi tatag bojone napa kahann iki. Tumeka tibaning putusan manut hukume yen sing lanang wing ninggalake kewajiban marga rasa sujanane sing tanpa lelandhesan. Mangka sejatine ing atine dhewe lagi kagiwang ing wong wadon liya. Kabeh dadi bosah-baseh. Ngantine wong wadon sing dibujung-bujung iku tibane ya mung ayang-ayang. Tegese cabar ora kaya sing digantha sakawit. Sing wusanane trima kabali ditinggal. Bali urip kumpul karo wong tuwane.
Tibaning wektu sida budhal bebarengan karo mbokke dikanthi adhine Karti. Ngregiyeng anggone nggawa oleh-oleh. Ketang kepingine weruh daging getihe. Alamat saka Tarmi digembol primpen. Bola-bali ditiliki. Sanadyan jenenge desane Wahyuni lan jenenge bojone ya wis diapalake. Bis sing nggawa wong telu rasane nggremet. Lelakon telung jam krasa nyiksa batin. Ning akhire uga tekan enggon. Mandheg kaya welingane Tarmi, ing dalan pratelon sing lagi digarap. Maju sithik tekan pabrik tegel banjur menggok nengen bablas. Kira-kira saka dalan gedhe ana sepuluh somahan. Ing sisih kiwa omah ing kinepung wit rambutan. Ngarepe ditanduri pager urip wit ceplok piring. Ngarep omah persis ana wit kemuning sajodho. Kabeh piwelinge Tarmi disetitekake. Nanging bareng bener tekan omah kaya sing diangen atine sangsaya goreh. Omah iku ora nganggo papan nama, bojone Wahyuni.
Mbokke lan adhine diglandang mlebu plataran. Swarane sing angel metu uluk salam. Saka njero metu wong lanang. Dedeg priya gedhe kaya dheweke. Umur-umurane angel dibedhek. Marga katon kaya wong umur patang puluh limanan. Awakke dhewe katon luwih tuwa.
“Wonten kersa?” pitakone wong lang sing lagi metu.
“Nuwun sewu, punapa leres punika dalemipun Pak Kartiko?”
Pitakon iku ora enggal diwangsuli nanging malah ganti dtakoni.
“Panjenengan sinten?”
“Kula Rusdi.”
Sing duwe omah ngacarani lungguh sawise nampa wangsulan. Omah iku katon sepi. Ora ana bocah kemliwer. Wong telu uga mung bungkem ora ana tembunge.
“Punapa leres punika griyanipun Pak Kartika?”
Wong lang sing ditakoni mung manthuk.
“Punapa leres garwanipun ibu Wahyuni?”
Sepisan maneh wong lanang iku manthuk, banjur pitakone :
“Lajeng wonten kersa napa??”
Pitakon iku sing saiki nyumpet pikirane. Kepriye anggone arep njlentrehake. Apa ora gawe kagete. Apa wahyuni durung crita ngenani layang sing dikirim. Kabeh nggoda atine. Ujug-ujug saka mburi jumendhul Budi lan Wida anake Wahyuni karo dheweke. Atik anak gawane bojone Wahyuni sing saiki. Kaya kena daya listrik metune bocah-bocah mau njalari mbokke mengok.
“Bidi kowe Budi Setiawan?”
Bocah mau manthuk. Sakala mbokke ngrangkul. Bocahe njenger ora ngerti.
“Oh, putuku. Endhi adhimu Wida, Bud?”
Tangane kemlawe nudingi Wida Dwianti sing ngadeg ana sisihe. Bocah loro dirangkul, kudu mberot. Swasanane dadi oa karuwan.
Adhine Rus melu nrambul. Ning ora isa apa-apa kajabaluhe ambrol-ambrol. Wong telu adus luh. Sin duwe omah lungguh nyawang sawijing lelakon sing ora kenyana.
Bocah loro nadyan kudu mberotdigujer ana kursi cedhake. Banjur lagi wiwit ngomong, “Nyuwun pangapunten”.
Kartiko mung mesem kaya kaya dene ora manoni lelakon apa-apa.
“Kula nyuwun pangapunten dene sampun tumindak kirang samesthinipun.”
Karti adhine Rus melu mbuka gunem, marga kakange ora bisa ngomong kajaba kamisesegen ngempet rasaning ati.
Kabeh crita dibuka kanthi ngeblak amrih ora ana sengga runggi. Sanadyan Kartiko sejatine wis dicritani Wahyuni yen bakal ana tamu bapake Budi lan Wida.
Anghone lungguhan wis kliwat telung jam. Nanging Wahyuni durung katon. Nadyan boyoke tamune kesel banget ora ana sing wani takon, sajake Kartiko wing anggap.
“Menawi badhe pinanggih ibunipun Budi kedah ngrantos ngantos sonten. Piyambakipun saweg pilkantuk tugas setunggal minggu ngantos sonten.”
“Boten dados punapa, sampun pinanggih lare-lare.”
Wong papat anggone omong-omongan ora gayeng marga padha nggembol rasane dhewe-dhewe. Anggone lungguhan wis nyandhak patang jam. Srengenge wis meh angslup. Wong telu pamitan mung dienggihi.
“Kapan kowe tilik bapak, Budi, Wida?”
Bocah loro ora mangsuli kejaba mung dhungkluk nyawang lemah abang sin kadonan. Nanging wong telu lakune mandheg tumoleh ninggal omah sing kanggo nggedhekake daging getihe.
“Apa bakal katresnan iki bisa tuwuh?” batine Rusdi nalika bis wiwit nggondhol nggeblas dalan enggok-engokan panggonane tilas bojone lan anakke. Luhe isih deres metu sanadyan kabeh sing digantha wis dilakoni.
“Ah, apa tenan Wahyuni dines? Apa ora mung marga kepingin nglungani tekane?”


TAMAT
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar