Translate

Senin, 30 Juni 2014

Cemara Gunung (Cerkak)


CEMARA GUNUNG

Dening Ariesta Widya

Kutho Tomohon, sing bawane adhem ing saben wektu ketambahan angin desember kang nggawa udan sangsaya krasa banget. Ereng-erangan mburi Simanari Manengah sing asri lan wit cemara sumiyut, binareng tetesing banyu udan kang kanthil ing godhong-godhonge cumlorot cahyane tiba. Kudune esuk mengkene sawangan endah saka mburi Pasturan.



“Wegah saupama ora kajibah keyakinan tugas mengko bengi pesta natal ekomene. Dina iki kudu entuk wit cemara”, kanggo Christ Bom. Pesta agama kang ngelingake Wiyasan Dalem Gusti Yesus Panebusing Manungsa lan mengko babalas mulih Manado, nglatih tablou gabungan kanca-kanca PMKRI/GMKI.



Aku pengen yen ada-ada nyedhakake golongan kang percaya marang Sabda Dalem Gusti alelantaran Injil bisa gembleng dadi siji kaya purwaning pasamuan suci. Luwih-luwih tembunge Rasul Yahya: Et Omnes unum Sint. Muga kabeh bisaa manunggal.

Perengan mburi Seminari cemarane. Lan aku wis tepung becik karo rama, ya rama moderator PMKRI.

Nalika aku mlaku anjor ereng-erengan winates kali, daksawang ana kenya methiki kembang kang lumrah tuwuh ing dhaerah pegunungan kaya Tomohon iki. Luwih-luwih ing mangsa udan wulan desember, kaya-kaya melu ngrangu tekane natalan lan taun baru.

       “Amek kembang, Non?” tembungku mlumpat.

“Iya, rekasa ya dadi panitia, gerimis-gerimis kepeksa nglucut golek wit cemara kathik nyang Tomohon pisan.”

“Ngretine?”

“Ngreti pisan. Rak arep kanggo Christ, mengko bengi ta?”

“Bener!” Aku gumun Julie kok pinter mbadhe.

Dheweke banjur ngguyu latah sajak mbebeda. E, kok sajak tambah manis. Pancen kenya-kenya dhaerah Minahasa, kaya dene Tomohon iki pakulitan kuning resik sarta supel. Aku banjur nglumpukake pangeling-elingku. Dakira yen ora luput, kepethuk ing sawijining wengi nalika Parade Bian ing Tomohon, Minahasa. Pembukaan Universitas Kristen, klub dramaku Study Club Drama Manado melu nyumbang: BARABAH-e Motinggo Boesja.



       “Aku kok wis rada lali ya. Kapan nate ketemu?”

       “Ah, lalen temen.”

       “Piye olehe ora lali, wong wis tuwa ngene!” Aku mbanyoli.

       “Nyatane kok ya, temu pisan kathik bengi mung kaya impen.” Tembungku puitis nyenengake.

       “Ing malam parade drama ya?”

       “Gene, kok ya isih bisa kelingan.”

       Bali guyune metu maneh.

       “Ah, seniman kok ya, ning ora kena sombong lho!”

       “sapa ta sing sombong? Yen sombong mesthine rak ora gelem karo putri Gunung Lakon.”

       “Wis-wis.”

       “Ah, ya durung uwis. Isih ana tambahe aku, durung entuk ta? O, ya becike aku ndisiki, Agustinus.”

       “Fransiska.”

       “Kudune ana lengkape!”

       “Fransiska Rompis.”

       “O, ya jenengku ya durung lengkap, Agustinus Widyatama.”

Bubar ngrampungake wit cemara, aku bablas Menado. Sejatine aku rada gela, tetepungan sing mung sedhela iku. Ning kepriye maneh, aku kudu ngoyak wektu.

       Wit cemara diangkut nganggo pick up tekan Gubernuran. Endie lan Herman malang kerik aweh instruksi kanca-kanca nggawe panggung. Aku ngakoni prakara panggung angger dipasrahake cah loro iki mesthi berese.

       “Kae, Jawane teka!”

       Undhang-undhangan spesifik, aku cah telu. Endie saka Timor, Herman saka Kei, njur aku saka Jawa. Cah loro dak glandang ngombe cedhak Kantor Pos, ngiringan Kodam XIII Merdeka.

       Sinambi ngenteni nasi kuning, Herman karo Endi iwis nggayemi nasi lan jahe.

       “Iki pesta climen. Marga Sang Gatotkaca mentas ketemu Pergiwa Sang Dewa Mahawu ketemu Dewining. Gunung Lakon.” Kandhaku ngecuwis. Nyritakake temuku karo Siska (tur dak tambah-tambahi), cah loro mung misuh-misuh.

***

       Aku pinuju aweh asistensi Kasusastran Jawa ana IKIP Kristen Tomohon. Daklaju saka Manado nalika bubar asistensi angkahku terusan mulih, ngelingi mengko bengi mimpin Kader Forming PMKRI uga kerawuhan moderator pusat., terus budhal Menado. Daktoleh Siska ngadeg ana lawang.

       “Aja tindak gubugku!” Tembunge andhap asor. Ewadene aku isih meneng.

       “O, ya mesthi ora sudi. Wong panggonanku kaya kandhang babi.”

       “Aku ewuh Siska. Piye  mengko kanca-kancamu?”

       “Apa durung suwe mener ana Minahasa? Eh, Manado?”

       “Ya wis, ning embuh ya! Oya, mbok buwang wae embel-embelan mener iku! Kanggoku kok ora kepenak.”

       “Iku kalumrahan kene.”

       “Bener luwih becik diundhang jenengku wae Agus, ngono! Minangka tandha sayekti paseduluran, gelem ta? Uga ngelingake kasihing ibuku.”

       “Dak cobane.”

       Tenan, Aku sida mampir omahe Siska. Ah, dakira luwih becik dak sebut villa ing pegunungan. Omah kang sedhengan gedhene, kanthi swasana katentreman.

       Kelir-kelir tembok lan dekorasi stylleven sangsaya nambahi kanikmatan ngadhemake pangrasa. Mamah metu nepungake lan Aku bisa mesthekake yen nalika kenyane, mesthi kenya narik ati. Sidane aku karo Siska ditinggal ana kamar tamu.

       Dakrasa banget yen tetemon dina iki krasa nyang ati. Luwih-luwih tangkepe mamahe semono uga carane Siska ngadhepi aku.

       “Agus mesthi ora kapok yen dolan mrene?” nalikane arep pamitan mulih.

       “Dakkira ora bakal kapok, angger isih sudi daksaba.”

       “Tenan?”

       “Ya, tenan.”

       “Ah, mengko gek mung tembung pemain drama?”

Siska ngguyu latah karo nyawang plataran jembar ditanduri kembang-kembang pegunungan.

“Iki rak ora ana panggung ta Siska?” Ning ya kono, piye anggone Siska arep negesi.  Wong nyatane tembung mono kena ditegesi dagelan. Benere ora?

Wiwit dina iku kena diarani pendhak lunga Tomohon mesthi mampir lan sesambungan kencan. Sesambungan kaya dene Mamanua lan Wulanlaka, kaya cerita dhaerah iki. Nalika Aku karo Herman bebarengan tour sakanca PMKRI. Aku mrelokake mampir omahe, omahe katon sepi kejaba rewange ana ngeringan omah.

“Layak langite resik wong arep ana Dewa Gunung Klabat tumurun”, kandhaku.

“Iya, arep nemoni widadari Gunung Lokon.”

“Wis-wis iki ora ana panggung.”

“Kok sepi?”

“Mama karo papa tindak Tondano.”

“Beneran?”

“Beneran apane?”

“Ya embuh kono, ngreti dhewe.” Tembungku guyon.

“Piye, Manado?”

“Biasa wae, mung sing terang tetep maju. Wong nganti nglurug tekan Tomohon.” Siska mung ngguyu sing saben wektu disuguhaken ana ngarepku.

“Tenan, aku ana prelune rada banget piye? Rembugku dhisik kae lho.”

Siska ngeling-ngeling durung diwangsuli wis daksambung.

“Jalaran dakrasa cukup suwe, anggonone dhewe srawung”

“He’em. Kabeh Aku ngreti, daktampa. Ning panjenengan aja menilai sing ora nyang dhiriku merga caraku iki mung aku rumangsa ora susah ditembungake. Samudanane cah dewasa cukup nyasmitani sakaliring karep.”

Aku mronggol cepetan.

“Dadi ditampa?”

“Iya! Ning isih ana bacute. Ana bab sing angel dileksanani marga ora bisa jumbuh.”

“Bab agama.”

“Ora luput.” Tembunge gragapan.

“Pancen Aku wis krasa sadurunge, yen iki sing dadi palangan. Lhah mungguhe Siska dhewe piye?”

“Ah, embuh. Aku dhewe banjur bingung Papa Mama tetep ora nayogyani yen aku manunggal keyakinan karo Agus. Nadyan kabeh sejatine pada dene muride Gusti Yesus. Papa mama ngendhika yen padha dene nerusake keyakinan dhewe. Dene bocah ya ben milih yen wis dhewasa.”

“Ya merga bocah Siska. Aku pengin yen saomah mung ana keyakinan siji., iki ora kok dhasarku fanatik. Mung, mligi gampanging kahanan Siska lan Siska aja rumangsa aku tindak berat sebelah. Kok ora aku wae sing manunggal. Kaya-kaya ora perlu dakbaleni keteranganku dhisik-dhisik. Aku percaya yen antarane aku karo Siska ora ana prasangka negatip. Jalaran prasangka bakal nuwuhake pradongdi, saora-orane ngurangi katentraman.

“Ah, embuh. Yen aku ngelingi iki kabeh, aku terima meneng. Ning yen meneng ateges nyiksa batin.”

“Ora terima batinmu Siska, ngejur ati? Apa batinku ora luwih saka iku. Oh, ndadak dhisik awake dhewe ketemu barang saupama ora mesthine iki kober uga ura ana.”

Dina iku dina pungkasan aku ngambah ngambah omahe Siska. Kajaba seminggu sepisan aku ketemu ning ruang asistensi. Dakrasa sangsaya nujem atiku, samangsa aku aweh asistensi. Iki gagaling sesambungan karo kenya sing ping papate sawise: Mariyatun sing digondhol polisi, Hartani Tanahatu kenya campuran Ambon Sunda diplayokake angkatan laut, Mieko Ong darah campuran Jepang Tionghoa sing aku kalah posisi karo dhosenku, njur saiki iki Siska.

Bebarengan: Endi lulus lulus sarjana terus ngadu nasib ana Jakarta, Herman mulih mbangun dhaerahe. Aku nyoba nyoba-nyoba melu testing Pangkad ALRI.

1967 iki aku melu rombongan operasi Sangir Tallaud dhaerah penyelundupan Sulawesi Utara lan Filipina Selatan. Pelabuhan Bitung sing anteng, ing antarane Tanjung Minahasa lan Pulo Lembah sing banyune biru. Kapal labuh.

Mau aku mlaku-mlaku arep nggoleki kanca-kanca nelika semana. Tekan ngarep Tugu Aru sing ngelingake jaman Trikora, karyane pemahat Wowor. Pangrasaku kaya kena daya magnet panyawangku kraket karo kenya sing lagi ngadang bis kadadeyan iku kaya wingi sore wae.

“Siska, Siska Rompis.” Tembungku mlumpat-mlumpat, pedhot lan praupan kang beda katon kucem. Penganggo iku, penganggo sing tansah.

“Oh, Agus. Kapan teka kene?”

“Mau bengi, piye wis rampung studine?”

“Aku wis ora mbacutake wiwit dhek kae.”

“Piye Siska saiki?”

“Ah, ya isih kaya dhisik. Kaya dhek jamane ketemu karo pemetik cemara gunung mburi Seminari.”

“He’em, romantis nemen tembungmu Siska. Oya, iki arep menyang endi?”

“Bali Tomoron, mengko arep mampir daleme tante ana Tikala. Lha Agus arep lunga endi?”

“Dakangkah arep mlaku-mlaku nggoleki kanca lawas lan mengko bengi arep nderek natal ana katedral.”

“Oya, papa mama ya isih sok nakokake piye yen ana wektu dolan-dolan  Tomohon?”

“Kapan-kapan wae. Iki lagi melu rombongan, mesthine yen ora pamit natalan ijine bakal terbatas.”

“Piye yen mengko bengi dak ampiri nderek natalan ana katedral?” Siska dak sawang mung meneng wae, mratandai yen ora nolak.

Oh, bengi iku dak sawang katedral luwih endah tinimbang katedral wektu-wekyu kepungkur. Trenyuhing ati dibarengi lagu kidung melu ngebaki dhadha. Siska ana sandhingku. Aku mung bisa matur ana ngarsane Gusti. Sumangga Gusti menawi sampeyan dalem ngarsakaken temtu badhe maringi margi ingkang manungsa boten nyata.

Dak lirik mripate Siska kembeng-kembeng, aku melu trenyuh ning aku bisa nggapi yen ing bathine wis dudu Siska sing dhisik-dhisik.

Iku Nalika Missa Natal bubaran, dakgandheng ana ngarep guwa natal, terus nyengkeng ana ngarep kandhang natal. Sepisanan iku Siska nggawe tanda pamentrangan. Ah, atiku ngeles lan besuk arep Tomohon.

Sanggar Bubrah, Sembungan Tengah 225 Ungaran, numpang salam kagem sutresna DK kang mahargya riyaya natal. GLORIA IN EXELCISDEO.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar