Translate

Minggu, 29 Juni 2014

Silah-silahing Tembung



SILAH-SILAHING TEMBUNG (JENIS KATA)

Mungguh jenise tembung iku ana 10 warna, yaiku:
1. Tembung Aran (Kata Benda)
Contone: meja, kursi, lemari, montor, payung, omah, lawang, kasur, papan, jogan, klambi, kathok, rok, jungkat, anduk, sikat, toples, lan sapanunggalane.
2.  Tembung Kriya (Kata Kerja)
Contone: ngarit, mlayu, mangan, macul, maca, nembang, nulis, ngombe, turu, tuku, dolan, nggambar, mikul, tandur, nyapu, lan sapanunggalane.
3. Tembung Ganti (Kata Ganti)
Contone: aku, ibu, bapak, adhi, kowe, sampeyan, ku, mu, dheweke, lan sapanunggalane.
4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Contone: sithik, setengah, akeh, siji, loro, telu, papat, lima las, patlikur, rong puluh, seket, satus, sewu, sayuta, lan sapanunggalane.
5. Tembung Sipat/Kaanan (Kata Sifat)
Contone:  seneng, ireng, abang, gedhe, susah, cilik, ijo, ayu, pinter, resik, ala, lan sapanunggalane.
6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Contone: pinggir, kulon, kene, ngisor, tengah, ndhuwur, kiwa, tengen, lan sapanunggalane.
7. Tembung Seru/Pangguwuh (Kata Seru)
Contone: lho, tulung, adhuh, wah, ah, hi, lan sapanunggalane.
8. Tembung Sandhangan (Kata Sandang)
Contone: Raden, Sang, Kyai, Kaji, lan sapanunggalane.
9. Tembung Panyambung (Kata Sambung)
Contone: lan, sarta, mulane, nanging, kamangka, banjur, lan sapanunggalane.
10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Contone: ing, saka, menyang, mung, yen, sing, lan sapanunggalane.
Sumber: Palguno R. Dan S. Rahayu. -. Pinter Pepak Basa Jawa. Surabaya: Anugrah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar