Translate

Minggu, 29 Juni 2014

Silah-silahing Ukara



SILAH-SILAHING UKARA

Silah-silahing ukara iku ana 6 (enem) warna, yaiku:
1. Ukara Kandha (Kalimat Langsung)
Contone:
a. Bu guru ngendika, “Dewi kudu sregep sinau”.
b. Bayu matur Bapak, “Kula nyuwun pit onthel”.
c. Lina matur Ibu, “Ngenjang Ibu mundhut rapot ing sekolahan”.
2. Ukara Crita (Kalimat Tak Langsung)
Contone:
a. Ibu ngendika menawa aku kudu bisa tamat sekolah.
b. Tarno kandha yen Bapak wingi tindak menyang Semarang.
c. Simbah ngendika bilih saiki Simbah lagi gerah.
3. Ukara Tanduk (Kalimat Aktif)
Contone:
a. Rahayu numpak dokar.
b. Tutik nyapu latar.
c. Tono nggawe layangan
4. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)
Contone:
a. Siti dijawil Jupri
b. Rotine dipangan Darmi.
c. Tini ditukokake klambi Ibune.
5. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Contone:
a. Balekna bukuku ana ing dhuwur meja kuwi.
b. Tukokna jajan kae.
c. Jupukna sandhalku ana ing njaba kana.
6. Ukara Panjaluk (Kalimat Permohonan)
Contone:
a. Ani mrenea dak wenehi jajan.
b. Tulung aku jupukna klambi ana ing lemari.
c. Coba gambarna wit-witan iki.
Sumber: Palguno R. Dan S. Rahayu. -. Pinter Pepak Basa Jawa. Surabaya: Anugrah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar