Translate

Senin, 30 Juni 2014

Dina-dina Kawuri Ora Bakal Bali (Cerkak)



         DINA-DINA KAWURI ORA BAKAL BALI
Dening Arista Widya

Saking bungahku, aku ora bisa apa-apa. Kejaba mripatku bajur kembeng-kembeng, dakliik pendulu kang luruh iku. ah, bisaku mung kandha.
“Mesthi tak tampa, Yan.”
“Tenan iku Magda?”
Bareng dakrasan Cahyono wis lungguh ana sandhingku. Oh, ora ngira yen problem sing dakadhepi semono lawase iku rampung bengi iku. iku dumadi ing wulan mei 1964 cinathet dakbocku. Ngantine Cahyono pamitan bali, lan lonceng muni ping sepuluh. Tembunge dibaleni maneh.
“Kowe wis mantep tenan, Magda?”  Sarana mung daksauri manthuk, banhur mripatku ora kuwat nadhahi pendulune. Krasaku mung kaya impen ing tengahing engi. Endah nanging tanganku isih kenceng gondhelan tangane.
Saiki atiku uwis lega, kari ngrembakake sesambungan antarane aku lan Cahyono donyanjung Cahyono, drama, organisasine. Dakcoba daktegui saorane aweh semangat. Malah aku langsung dadi pembantune ana IPMI, lan aku nawakake tenagaku kanggo study club dramane kariere Cahyono sangsaya nynengake.
Taun candhake sawijining dina. Sore sawise nonton ana benteng kaya adat saben mulihhe mlaku luwih kepenak.
“Magda, aku sida arep mentasake ana Wisma Miangas. Ana persetujuan karo Mayor Marrouw, gabunbgan IWAPENSI.”
“Kok, ana Wisma Miangas?”
“Iya, iki gabungan aksi social kanggo nggedhekake Asrama Pikat Bubar karo ALRI, Floating Recreation. Ana Menado nganggo kapal Klingi, malem minggune.
“Meriah,  ya?”
“Embuh, yen sukses kudune ngono. Magda pengen melu?”
“Apa sing arep dipentasake?”
“Magda wis nonton kabeh ‘Nyonya dan Nyonya Motinggo’, ‘Penggali Intane Kirjo Mulya’? Yen pengen ana Wisma Mianggas wae supaya bubar nonton bisa terus bali Sedheng Floating.”
“Becike sing ana kapal wae.”
“Piye mengko brurmu watake, Magda? Aku kok ora arep nyelaki upama didadekake sebab. Ning, apa ora ana cara kang luwih becik?”
“Ah wis ben. Upama ana apa-apane aku wis ta…”
“Ya dipikir sing becik, Magda. Aja grusa-gusu karuwan iku wis dadi tanggung jawabku seratus persen. Becike, ora kabeh wae yen ngono. Mau esuk sida tenan aku kandha, lan pangirane Cahyono ora luput.”
“Ngapa kowe bengi-bengi kluyuran ana nduwur kapal? Apa kowe wis bisa wareg senimu kuwi? Kowe ngerti, aku sutik ndeleng yen ngantiya budhal.”
Brur Henkie, putrane Brur Papa. Dadi yen kao aku nunggal opa, nanging wewateke kang kagawa tanpa sedulur iku angel dielukake. Dhasare kecukupan tinggalan warisan, omah tingkat telu iki, lan pabrik obat ‘Liong You’. Yen ngelingi aku kabeh. Oh, bakal lebur sesambunganku karo Cahyono.
Sidane aku tetep nekad, koper cilik daksediakake isi pakean kanggo ana kapal. Acara bebas bengi iku aku nyandhingi Cahyono minangka semangate.
Jam 4 sore, Cahyono bebarengan Endie Sinagula numpak land, trove ALRI. Persis Brur Henkie ana ngarepan, banjur nalikane aku maani lan rover. Oh, mripat kuwi mencereng kepleng kaya mata Liang Liong, raine abang kaya urang kepanasen. Land Rover bablas dalan wenang menggok dalan pasar, dlab Sam Ratulangi mampir sanggar SDM terus Walea ngamipiri instrument band gita rama, dheweke pelukis Makasuci. Motor boat wis ninggalake pelabuhanMenado, nyedhaki kapal Klingi.
“Brurmu katon mendhung, Magda.” Tembunge sing selaningswara mesin.
“Wis ah, aja. Ora susah ngrembug iku dhisik. Dipikir wae sing bakal kelakon mengko, main sing becik supaya karimu nyegerake. Tetep dadi pengarep-arep pencinta seni  yen mengkono aku luwih bungah, tinimbang ngrembug bab liya. Bab iku dirembug sabubare, sing penting bengi sukses pangarih-arihku.” Kaya ibu mbujuk putrane. Marga aku pengen Cahyono tetep kelet karo donyane. Sebab, yen ngantiya gugat bisa dipasthekake aku sing dadi sebabe.
Sore sadurunge acara, Cahyono dakajak mbaleni teks-teks lan saiki wis bali sigrak maneh.
Tenan bengi iki aku bangga, merga kabeh acara nyegerake. Malah nalika acara bebas Cahyono mimpin polonice, terus dibacutake melantai nadyan, mung ping pindho. Lintang ing langit ngilo tengahing laut, ombak nyempyok-nyempyok lambunging kapal tanganku digandheng Cahyono. Mlaku urut tepising buritan kapal, Cahyono mandheg ning anggone nyekeli tanganku sangsaya singset. Wengi iku wengo-wengi sing daklalekake, rembulan wis mangklung mangulon, adhem nlusuri balung, tembunge Cahyono kawetu.
“Piye bengi iki pangrasamu, Magda?”
“Apa sing mbok karepke, Jon?
“Aku ora bisa ngudhar nganggo tembung. Kowe ngerti Magda, apa sing sumimpen ana atiku?”
“Ya ora ngerti ngono, wong atine liyan. Nadyan aku tetep prasaja.
“Kahananmu mau esuk sajak nggawa firasat ala.”
“Wis, pasrahna wae marang aku.  Pancen dakarah mengkono amrih aku bisa oncat saka djl Asia Arika.
“Piye? Kok malah mbingungake.”
“Bener kandhamu. Ngertiya ibu dhisik-dhisik aku kumpul karo mama ana Tikala. Ning sabanjure papa sowan ing ngarsane pangeran. Oh, kena pinaribasake burung dalam sangkar emas. Saiki dak aggep kowe Jon, sing bisa dadi lelantaran ngrampungake panandangku. Oh, aku maturnuwun banget, dakkira ora ana wong liya sing bisa nangekake donyaku kang wis ambruk.”
       Lan bengi iku angin wengi bola-bali ngelus pipiku. Esuke aku bali nyang omah djl. Asia Afrika. Tenan firasate Cahyono numusi. Lagi aku munggah trap-trap Brur Henkie wis methukake. Kanyatane dina iku aku ninggalake omah djl. Asia Afrika, terus babalas Tikala kumpul dadi siji maneh karo Mama Martha adhiku nangis. Tekan ngomah Tikala sepi Dannie ragilku, mama daktakoni Ruthna lunga Tomohon karo calone, mama kumpulan emmanuel ana Aimadidi.
Sorene lagi krasa, bareng digugah mama. Aku gragapan marga aku ngimpi digejer mama.
“Ngapa Magda, kok pakaianmu digawa mrene kabeh? Aku ora mangsuli.
“Dinesoni, Henkie.”
“Iya.”
“Sebabe?” karo tembungku a lot aku crita wiwit niyatku mbiyantu Cahyono nganti mulihe.
“Ha, ya ta aku welas karo Cahyono.”
“Melas apa tresna?”
“Ya, loro-lorone.”
“Dadi kowe wis mantep. Wis kok piker jero ngarani pribadine Cahyono.”
“Dak piker uwis. Aku wis cukup srawung suwe. Mula aku mung kari duwe soal siji yaiku gumantung mama sing ngrampungake.”
“Kowe wis gedhe, Magda. Panimbangmu dakkira cukup wiring, mama ora ngalang-ngalangi.”\
Aku njur nangis ngguguk, mama dakrangkul. Apa maneh rambutku dielus-elus lan bathukku diaras, eluhku sangsaya ora kena sangsaya dicandhet. Wulan juli tanggal 19, taun 1965 aku karo Cahyono ning galake omah Tikala.
Mampir dhisik Rumah Makan Esa Mokan. Minangka mangan pungkasan, kang mbukak purwaning.
Purwaning mangan bareng kang langgeng sawise kudun pepisahan dhisik. Aku ora mangsuli, marga sjatine aku wegah banget. Atiku krasa kosong lan daksawang lampu-lampu ing ndalan surem, kaya sureming atiku. Batinku arep-arepa ndempling. Manganku kesandhet-sandhet, ewadene emosine Cahyono babarpisan ora kawistara.
“Ayo ta Magda, mbok aja sedhih-sedhih.” Aku banjur melu ora karu-karuwan.
Tembung-tembung ngarih-arih nalikamunggah dhokar tumuju bioskop benteng. Filem bengi iku ‘Love in the Trapize’, ewadene ora ana gambar siji-sijia sing kanthil an angen-angenku kajaba perpisahan sesuk esuk. Ah, emosiku emosine wong wadon. Baline aku karo Cahyono mlaku ngurud djl. Klabat, Cahyono wiwit guneman.
“Ayo Magda, mbok ya njanji-njanji. Wis aja sedhih-sedhih.
“Piye kon ora sedhih ta Jon. Sesuk bakal pepisahan, njur suwe ora temu.
“Mbok ya aja ngono.”
“Piye ora. Bengi iki bengi pungkasan dakrasa kaya dibethot kasenenganku kang lagi mekar.
“Ngono kae. Bubar iku njur ora pisah-pisah maneh.” Aku isih meneng, nanging tanganku sangsaya sinkset.
“Jon. Jon!”
“Piye, Magda?”
“Kowe janji, ya?”
“Janji piye?”
“Janji yen ora arep ninggalake aku. Aku wedi kelangan, kelangan kowe.”
“Ah, kok nganeh-aneh. Ngrembug sing ora-ora.” Bengi iku aku isih bisa lungguhan ana plataran ngarepan  lan nalika pamitan. Oh, atiku enenge mung luh dleweran nelesi dhadhane Cahyono. Saupama ora ngelingi pisike sesuk akupengein bengi iki omong-omong sing akeh. Oh, bengi iku kangelan banget anggonku arep turu.
Tanggal 20 juni sore mengko Cahyono budhal Ambon ngayahi gaweyan anyare. Aku bungah dene kadhudhukane sangsaya mundhak. Sedhih marga aku kudu pisah.
Dina iku aku nyedhiakake sangune Cahyono kanggo ana kapal lawuh  lan keju kanggo ngurangi ‘sea sick’. Nanging atiku tetep ora ka-karuan wedi kasamaran lan akeh maneh. Nganti awan anggonku ngrangu Cahyono. Marga aku pengin ngeterake, mung dak sawang langite mendhung. Angin sangsaya santer. Lebu-lebu djl. Klabat mabur bebarengan karo godhong pelem ngarepan nomah. Tenan budhale menyang pelabuhan dibarengi grimis tumemplek ndhuwu dhokar.
Balika kabeh wis munggah boat motor, Cahyono isih njege, tangane isih dakcekeli. Banjur tembunge:
“Magda?” Kasilep getering swara ombak nyemplok darmaga.
“Aku dak budhal ya?” Getering getihku santer dakrasa napase Cahyono ncedhak pipiku. Banjur nalikane Endie ngaruhake yen kapal wis stoom pindho.
Bisaku mung nheteake Cahyono. Ilang saka pandeleng ing samburining blegering gudhang-gudhang kopra ing pelabuhan. Saiki aku bali sepi kayata taun-taun sadurunge lungguh dhewekan. Sepi ah, lagi saiki dinane aku ngerti. Apa iku sepi lan kaya ngapa gedhening tegese Cahyono kanggoku ing sedinane. Mung, aku tetep isih seneng layang-layange sajrone ada dalanan. Ternate taktampa, apa maneh meh saben rong minggukabare mesthhi ana.
Nalika umurku sing ping 22, 4 september kae kapinujon. Kancaku sakuliyah cah Ambon, Mas Huliselan katemu Cahyono baline menyang Manado aku dikirimi weeding. Oh, atiku sansaya mantep tenan. Njur ing layang antarane taun 1966 masa dhinasku ana Ambon wis entek. Aku bali Menado dakajab kowe, uga uwis rampung sarjana mudamu. Bubar iku terus pahargyan tukar cincin. Mengko resmine dicocokake pisan karo perajanjian dhisik. Kae crita ing tanggal 11 Mei.
Tahun 1965 wis mungkur. Taun 1966 wis wulan oktober. Mesthine rong wulan maneh Cahyono bali.
Winginane nalika aku lunga Biro IKIP lan perpustakaan, bali layange Cahyono daktampa. Mulihku cepetan, selak pengin ngreti isine. Oh, bungahku ora kinira-nira.
Magda dakkira aku bisa melu mahargya natalan ana Menado. Banjur wong loro melu missa natalan. Mendah seneng lan bengi iku aku arep matur nuwun dene arp diparingi calon sing lembut. Bubar missa natal arep dakpasrahake Ibu Dalem Maria, ben binerkahan sih kaibuan dalem Pangeran.!~
Dakanti sajroning rong wulan iki. Geneya Cahyono meksa durung ana kabare. Natalan wis mungkur. Taun baru wis lewat.
Dina iki atiku kaya remuk-remuka. Terus ora kelingan mama melu bingung. Post loppe sing nggawa layange Cahyono sing nuwuhakke awakku sedina iki ora nggawa daya. Pangarep-arepku entek, kekuwatanku semplah kejaba wewayangane Cahyono, seniorku  dhek masa perplancongan.
Seminggu iki aku ana Air Madidi , ngleremake ati. Daksawang gunung klabat, kalimput pedhut. Omah ngarepan omahe omku kawistara sepi, cahyaning srengenge metu selaning godhong manggis, ngeringan kang nujem atiku.
Magda, ing donya iki ora ana barang sampurna. Kowe ngerti Magda, keputusanku sing paling akhir sajrone ngayahi tugas iki. Aku isih tresna karo kowe Magda, kaya-kaya dhisik-dhisik during luntur, during owah janjiku kabeh, durung ana sing lali.
Ana bab sing dakkira Magda dung ngerti. Magda kaya dhisik sing nate dakkandhakake wohing katresnan antaraning piya lan wanita diwujudake ana bebrayan kawin. Aku ngakoni ning rak ora muthak ta? Mula Magda banjur aku banjur narik kesimpulan, ana kalane ora tumeka nehira, ora tekan kawin. Mula aku kandha tetep tresna.
Mung katresnanku kang nate dakesokake ana ngarepe. Magda aep dakbalekake ana punjering katresnan kang luhur dhewe, Gusti kang Mubeng Gesang. Katrresnan arep dakgawe senjata pamungkas njembarake kraton dalem gusti. Apa kowe ora seneng Magda? Yen nduweni mitra njur gelem melu nderek Gusti Yesus. Kudune bangga wiwit natalan kepungkur iki, aku wis mlebu panggeladhi  rohani calon-calon Wihara Sarekat Yesus ing Ngayogya. Pamujimu dak jaluk .~
Iku layange kang gawe remuking ati.
Oh, sajroning seminggu iki aku nggagas tekade Cahyono, olehe keras. Oh, kanthi ati semplah dak kuwat-kuwatake aku ngeculake Cahyono ngembara ning Keraton Dalem Pangeran. Muga-muga besuk sawise tamat saka seminariumm dadiya pastur kang wicaksana, kang bisa nglantarake tuhuning katresnan sejati.
Saiki angin alon tumiyup saka lembah gunung. Klebat hawa sore kang adhem nyiram kutha Airmadini. Adhem tulus kanthi, tulus aku  ngeculake Cahyono lan binareng lonceng greja muni ping nem, mratandhani angelus rampung anggonku nulis naskah iki. Ngenani awakku lan piya manca kang perwira.

~Tamat~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar