Translate

Senin, 30 Juni 2014

Monitoring Setia (Cerkak)



MONITORING SETIA
Dening Ariesta Widya

Esuk iki kebeneran ora mulang. Ewadene kudu teka ana kantor ngisi bukiu absen. Ing bbatin nggrundhel piye ora? Wektu-wektu sing bisa dienggo kebutuhan liya kepeksa dikalahake. Sedina muput karepe kaya pegawai negeri sing title ping sanga. Saying mung absene gajine ya gajine wong PGPN lumrah. Ah, embuh mumet gundhul.
       Dharma sing lagi daktampa dakbukaki. Mmesthine tulisanku diemot. Akhir-akhir aku wegah nulis. Aku pengin nulis sing liya. Sing dudu ngrembug bab katresnan periya nom lan kenya nom kabeh-kabeh nulis iku-iku. Ing batin aku maturnuwun karo Mas Arwondo sing gelem ngemot tulisanku bab nelayan sing kapiran ing Maluku. Pancen ancasku pengin nulis bab ngono-ngono iku. Soal masyarakat soal penguripan sing wajar sing sedihe pancen lagi jamane.
       “Piye Dik Moel, sesok kosong ta?” Tembunge Mas Mekto nyugarake lelamunanku. Mas Mekto penanggung jawab Radio Cendikia Puruhita duweke Yayasan Pelajar Brigade XVII.
       “Ora kok mas. Ngapa ta?”
       “Ngene, sesok dik Gi’o ora bisa tugas. Ancasku Dik Moel sing siyaran.”
       “Bisa mas. Ning, aku durung patiya becik kanggo operator.”
       “Ben didampingi Dek Win. Kebenaran mau ketemu lan sanggup.”
       “Yen ngono bisa wis la.”
       “Oo, ya yen sesuk ana relasi sing arep pasang iklan diberesi pisan.”
       “Iya mas.”
       Mas Mekto pancen raket karo aku kepara kaya keluarga dhewe. Ngantine aku dikon mbantu dadi penyiar senadyan kasile ora sepira ning nyenengake.
***
       Tenan esuke aku teka kantor ancasku mung tanda tangan terus pamitan kepala sekolah. Tanda tangan awan bisa mengko 12.30, marga siaran rampung jam 12.00. mangkatku mampir omahe Dek Win, petunganku ngirid duwit becak bisa nggonceng DKW-ne Dek Win. Tibake petunganku luput, marga dek Win wis budhal luwih dhisik. Kapeksa mbecak uga ateges rokoke, rokok ketheprak ijen-ijen.
       Tekan studio dik win wis sibuk nyiapake piringan hitam lan cassette. Pemancar wis dipanasake terus aku mlebu ruang penyiar. Dik Win mung mesem ing antaraning pilihan kronconge Mas Moelyadi “randa ngarep omah”. Dik Win ngguyu nyekakak, sidane aku melu ngguyu.
       Pemancar wis munggah, swaraku wis mabur atiku uga melu mabur, mabur bebarengan karo gelombang 112 meter. Lan aku yakin mesthi tilpun muni terus. Oh, pancen donya ngono kebak pepalson. Laying-layang sing mlebu kandha yen swaraku penak dirungokak. Kadang-kadang ana pitakon: kaya ngapa kak moel iki? Apa isih sedulur karo Eddy Moelyono penyiar RRI Surabaya? Paling-paling banjur mung ngguyu dhewekan, bodho, bodho banget. Diapusi karo swara lan nate ana tamu kabeneran aku dines esuk. Tamu sing cukup ngeyakinake yen tamu-tamu mau kahanane ukuran jaman saiki klebu mewah. Numpak motor sedan corona cat abu-abu, kandha yen nggoleki penyiar Agoes Moelyono. Mangka nalika iku aku dhewe sing nemoni, piye? Aku kapeksa dora yen mitra Agoes Moelyono lagi wae metu. Dina iku dheweke nggawa piringan hitam lan cassette bisa dienggo nglengkapi siyaran. Ah, embuh dina iku aku emoh kandha yen Agoes Moelyono, ya aku iki. Aku wedi mundhak dheweke gela, ge’a marga antarane swara lan blegering lahir ora padha. Siasat iki dak enggo amrih aku tansah bisa entuk bantuan cassette utawa piringan hitam ora luwih.
***
       Tilpun wis muni ping bola-bali, aku menyat nututi telepon.
       “Ya betul di sini Cendikia Puruhita. Dengan siapa bicara?”
       “Agus.” Banjur krungu swara guru renyah, batinku misuh dadakan.
       “Kenapa tertawa?” Swara mau ngguyu mareh. Nanging aku isih bisa ngampet nepsuku.
       “Apa perlu?” Swara iku dadi malih lembut  nyenengake.
       “Selamat siyang kaka goes?” Saiki nepsukun ilang. Oh, padha karo disiyang jendhol. Mati ngadeg, durung nganti dak jawab  getonne dheweke wis kandha maneh:
       “Ini pencinta Cendikia Puruhita. Lebih-lebih pencinta swara Kak Agoes.” Dadine aku sing malah ngguyu.
       “Terimakasih. Biarlah cinta dengan swaranya. Oya, adik siapa namanya?”
       “Malu ah. Tapi biarlah, Diah. Oya, kapan Dik Diah bisa ketemu Kak Agoes?”
       “Kapan-kapan saja. Tapi jangan kaget Kak Agoes ini macam apa ya, tuh-tuh macam Bagong.”
       Tilpun dak pedhor lan tak rasa-rasa uwis cukup suwe, mesthi Dik Win misuh-misuh. Tenan, Dik Win nggrundhelan jarene aku kesuwen. Ah, ditampa wae, kabeh uwis ilang jalaran uwis lumrah mengkono. Jeneng pirang-pirang wis nate mlebu kuping. Mlebu banjur ilang lumrah radio amatir pancen mengkono kahanane. Arep piye maneh, kabeh kudu ditampa kanthi rasa manyadulur. Ah, apa teges jeneng. What is the name? tembunge William Shakepeare.
       Wis pirang-pirang dina iki pendhak ana ruang pilihan pendengar, Diah mesthi kirim maneh. Kanca-kanca dadi rame soale ya mung Diah. Paling-paling aku mung ngguyu. Oh, pacaran karo angin batinku.
       Sawijining dina aku ditugasake Mas Mekto nagihi relasi sing dadi sponsor.
       Omah iku cukup ngeyakinake yen sing duwe wong kecukupan. Tatanan moderen sing eyub sing netremake ati. DKW-ne Dik Win dak srobot, nalika aku ngancik plataran jembar iku wis dipapagake kenya dewasa.
       “Bade pinanggih Bapak Soewignyo. Punapa saged?”
       “Wonten, kersa?”
       “Urusan iklan.”
       “Oh, bapak saweg tindak, lan mbokmenawi kalih dinten malih saweg kondur.
       “Ngaten, menawi saged serat punika katilar sanes wekdal sowan. Kenya mau nampa laying terus ngiling-ilingi amplop Cendikia Puruhita. Dheweke nglirik aku ngerti ing praupane katon sawijining tanda pitakon.
       “Mas saking Cendikia Puruhita?”
       “Inggih. Wonten kersa?”
       “Tepang kaliyan Kak Agoes Penyiar?”
       “O, inggih-inggih tepang. Tepang sanget, wonten kaperluwan?”
       “Boten. Namung remen dating swantenipun. O, inggih. Nuwun sewu menawi pinanggih kinen salam kagem Kak Agoes saking Diah.”
       “Inggih-inggih, mugi-mugi boten kesupen.”
       Omah gedhe iku daktinggal. E, tibake iku ta Dek Diah sing sok nilpun kae. Tekan studio aku kandha karo Mas Jito nunut salam kanggo Diah yen salame wis ditampa. Ah, sandiwra maneh.
       Dina-dina candhake pendhak tinggal. Dak sawang priyayi setengah umur jumeneng ana ngarep lawang. Aku sesalaman terus lungguh.
       “Kalih dinten kepengker nak mas tindak griya?”
       “Inggih pak.” Omonganku glagepan marga wong kaya aku ngene diajak basa modhel ngono ilat bisa tugel.
       “Punika sedaya arta kangge kontrak relasi sampun kula bekta tigang wulan.”
       “Leres pak, lan maturnuwun.”
       “Wah, damel sampun damel repot bapak.”
       “Ah, boten dados punapa. Tiyang wau punika pun.
***
       Dina iku sandiwara kepeksa badar. Aku tugas dhewekan kaya adat saben mesthi aku kandha.
       “Inilah penyiar anda Agoes Moelyono kembali mengunjungi anda. Sayangnya penyair anda sendirian.”
       Dumadakan bel ngarepan muni, kapeksa aku nemoni cassette Koes Bloes dak pasang, ngelingi yen mengko ana rembugan dawa.
       “Gendhok ngoyek-ngoyek ngriki bade pengin sumerep studio?”
       “Namung kados mekaten kok pak.”
       “Sampun sae. Piyambakan punika kok nak?”
       “inggih. Kanca-kanca saweg sami tentamen.”
       Saka njaba dak sawang ana kenya mlebu. Oh, kagetku ora kinira. Diah nderek bapake, Diah ndungkluk ormat terus melu lungguhan karo Pak Soewigyo.
       “Iki Diah, nak Goes Moelyono. Sing sok kok kandhakake swara ulem kae.”
       Sakala raiku abang, semune Diah uga kaget. Aku menyat ulungake tanganku. Aku ora nyebut jenengku. Diah uga meneng kanggo ngirang swasanana aku kapeksa ngusir alus.
       “Nuwun sewu pak, gandheng dalem piyambakan kapeksa..”
       “Inggih-inggih kula mangertos.” Mangga-mangga batinku. Matik aku, Diah wis ngerti yen aku ngapusi. Sandiwara, sandiwara wis badar. Dakkira sandiwara iku badar tekan semono, tibake isih dawa. Lan luwih dawa maneh. Lan pendak nagihi jane Pak Soewignyo aku mesthi menyanggupkan dhiri luwih dhisik. Jelas Diah sing nemoni, ngantine dina iki. Diah dadi monitor sing palingf setia, malah setia nyandhungi ana studio la nana ngomah Diah Marini Moelyono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar