Translate

Senin, 30 Juni 2014

Kembang Anyelir (Cerkak)



KEMBANG ANYELIR
Dening Arirta Widya

Ambune kembang ceplok piring kang mageri dalem Martoprawiran lan kembang kenanga bengi iku nggawe atiku lelungitan endah. Luwih-luwih rembulan kucem ing selaning mendhung. Swaraning gamelan ing klurahan nganjut-anjut nggawa atiku mabur (wiwit biyen mula pendhak-pendhak krungu ngrangining gamelan atiku banjur kesengol).
Anggonku ora sowan mono pancene wis suwe, nalika aku pindah panggonan gaweyan. Krenteging atim mono kepengin kaya dhisik-dhisik kala mangsane isih sapamulangan karo Mbak As. Ah yambu, bisane mung nutuh awakku dhewe, geneya kesed. Ora kaya nalika iku, banjur tangkepe Bu Marto sing gupuh sumedhep keibuan ngelingake pisowanan sing jalari. Atiku tansah kumudu mlangkah dalem Martoprawiran.
“Ndhuk Rika, mbok ya uwis mlebu kene! Aja ewuh-ewuh dianggep kaya daleme dhewe.”
Atiku ketiban katresnaning ibune Mbak As ya ibune Mas Arie. Daleme iki ana pegunungan kang adhem kaya adheming katresnan kaluarga Martoprawiran. Dakakoni aku ngagumi Mas Aries lan aku awani ngeyakini yen Mas Aries jiwane tuwuh bakat-bakat kang ngagumake.
Lukisan-lukisan saka astane. Oh, dakira yen kancaku ngarani simpatik marga kancaku ngarani kau ladak. Angel banget ana pasrawungan mangka kancaku babar pisan ora mesti clingus.
“Ya kaya ngene lho, ndhuk Rika. Aja dipadhakake karo kutha, ah ndesa kluthuk.”
Nalika iku ameh namatake sekolah guru bebarengan Mbak As.
“Asmane sing tenan ki sapa ta sajane? Ibu kok durung ngerti karo lenggahe ngangseg anggonku lungguh ana amben dhawa modhel padesan.”
“Dalem, Frederika Widyanti.”
“Ah, asmane kok apik nemen ya, kaya asmane nona-nona Landa. Oh, ora kok asmane wong khatolik ya As?”
“Inggih, bu.”
Aku mrongkol, aja-aja kaya Aries mase As.
Aku ndungkluk mesem lengkape mono Ariestides Widyawatama. Bu MArto mbanjurake ngendikane. Bisaku mung meneng, atiku ajur luluh karo sifate Bu Marto. Kadidene kasihing wong kang nglahirake aku (ah, aku arep-erepa nangis). Eman dene aku durung nate ngrasakake kinemulan asihing biyung tresnaning bapa. Ah, mendah begjane.
“Ha, ya aja ngono ta Ndhuk Rika. Kala-kala dolan mrene, dolan mrene ibu seneng banget lan kena kanggo tambah sedulur As. Piye gelem ta?” Durung nganti aku caos wangsulan selak ngendika neh.
“Oh ya, ibu ki kok lucu. Mesti ora kersa karo wong gunung, kok sebacute tetepungan sing sepisan iki sing mujudake sesambungan sing angel dilalekake. Sing mucuki pendhakan wektu tansah kepengin sowan.”
Liburan wulan desember aku bali sowan maneh nalika iku aku wis napak nyambut gawe lan sowanku dak perlokake banget.
Sore kalamangsane srengene mangklung ngulon. Ing adheming hawa pegunungan lan kumriciking pancuran bening kembang manggur kang mayungi pancuran sing dienggo adus wong-wong padesan, agawe aku krasan. Dhisik-dhisik aku tansah ngggas yen ana padesan iku mbosenake. Ora penak, tibake panggraitanku luput.
Iku durung dadi bab kang wigati tumrapku. Mung siji sing nggorehake atiku, priya iku kang ngadhepi jagrak. Sepira getering atiku, yen lukisan sing lagi digarap mau praupanku dhewe. O, sakala aku jeger dene aku sing dadi gemenganing. Banjur atiku daktata sanajan ning batin geter:
…Mas. Aries…
Priya mau ora liya Mas Aris piyambak. Sanalika pasuryane katon abang, jalaran ora kanyana yen awan iki aku teka. Banjur mesem-sem sing tansah ngrenggani atine Mas Aries saben-saben ngendika astane isih nggawa kuas. Mung paningale kang tajem ikunggawa aku ewuh.
…Dhik Rika…
Dak wanek-wanekake nyawang pasuryane.
“Wis mau ana kana.”
“Ya, wis. Wiwit panjenengan ngasta gambar wit munggur ngantine gambar kenya iku rampung.”
“Yen ngono uwis suwe. Piye mungguh pangiramu, Dhik Rika?”
“Wah, ya endah mas. Ceples karo pancuran iki.”
“Tenan apa?”
“Ya, tenan ngono. Apa aku matur dora ta?”
“Gek mengko tembungku mung sinamun sing pangina?”
“Ah, Mas Aries iki. Mundhut pirsa lho, malah dakwa ta? Iki metu saka mulusing jiwaku mas, ora sinamun ing samudana.”
“Bagus, Dhik Rika.”
“Mung ana sayange sithik mas.”
“Apane?” Aku mlenggong nalika Mas Aries mirsani tajem. Oh, getunku banget. Ewuh anggonku arep caos wangsulan. Marga dakrasa nggawe nggronjaling penggalihe Mas Aries, banjur gambar kenya iku wangsulanku gampang.
“Kenya iku kena apa?”
“Kenya kang ijen iku?”
“Piye panemumu, Dhik Rika kudune? Iki rak dewi tumurun.”
“Ning kudune ana jenenge mas?”
Mas Aries banjur kendel semono uga, aku ora bisa caos wangsulan maneh. Pancuran bali sepi kejaba kumriciking banyu. Aku oengen ngerti apa sing sumimen ing penggalihe Mas Aries. Mangka ing tangga teparo pada ngira yen antara aku lan Mas Aries ana sesambungan rasa malah dhek nalika paskahan kae Mbak As, ya kandha yen Mas Aries takon ngenani dhiriku. Emane aku rak wanita sutik blakasami ta?
“Sapa mas jenenge?”
“Jenenge Winadi, Dhik Rika.”
“Kok, aneh ya mas?”
“Iya, pancen mengkono. Angel anggonku arep aweh jeneng.”
“Nanging mas..”
“Piye?”
“Gegambarn kang nyenggol atine pelukis bisa nuwuhake lukis ya mas?”
“Pancen ngono. Ning ana kalane metu saka dalil iku, ora mutlak.”
“Mosok? Apa iki kanyata kang digokeki.”
“Kanyata apane?”
“Ya, kanyatan kang digoleki Mas Aries.”
“Karepe?”
“Ah, piye ta! Mas Aries ki kok sajak kok nutup-nutupi barang kang katon. Aku arep matur maneh. Sepisan engkas. Anu, sapa kang njalari nggerba kang wewengan iki?”
“Sawijining Kenya ngono. Kenya kang tanpa dunung kenya ing jagading alam tukang gambar.”
“Kok, lucu temen to mas.”
“Lho, sing lucu ki sajane sapa? Dakira rak malah Dhik Rika ora pada karo Mas Aries. Mbok menawa iki lho sajalar kahanane.”
“Kersane.”
“Ya ana kene iki anggonku ngarani Mas Ariesngarani yen Dhik Rika sing lucu.”
“Ash, tenan kok aku dung mudeng.”
“Pancen mengkonoanane.”
“Piye kersane, Dhik? Aies nrima kahanan. Pokoke Mas Aries nrima ngalah. Ning dicabut,  iki ora kalah. Mas Aries aep mblakakake kabeh sing gib=nebeng ana slempitan ning atine Mas Aries kang tinumplek ana gambar iki. Ning ana syarate lho Dhik Rika!”
“Apa syarate?”
“Ngene, iki wujude iki pitakon kang mbok menawa cukup ruwet, kaya pitakonane Dhik Rika bab gambar mau.”
“Iya mas.” Rika sing nate nulis geguritan: ngenteni fajar banjur mawa catetan kang lagi tepungan. Maknyut aku kelingan tulisanku kang nate dak kirim nyang redaksi. Oh getunku, kebangetan emosiku nalika iku ngertiya dak simpen.
“Piye Dhik Rika, kok meneng wae?” Ngendikane mantep. Bareng dak lirik nujem atiku jero.
“Sapa, Dhik Rika?” Apa ora Dhik Rika dhewe?”
Aku isih meneng, mung dhadhaku krasa arep bengkah-bengkaha. Jiwaku kaya oncat saka ragaku.
“Becike ngene wae Dhik Rika. Waleh-waleh Mas Aries ora arep nyelaki tur yaw is dadi kanyatan kanggone Dhik Rika. Mas Aries arep aweh jeneng lukisan iki “Kembang Anyelir” pujanku. Piye Dhik Rika?”
Luwih bingung manegesi ki aku. Bareng kanthi sekepenake Mas Aries muwuhi tulisan ing pojok gambar. Jantungku keteg sansaya santer. Dhadhaku kasa sesak kaya kena.
“Daya magnet.” Tembungku mlupat.
“Mas Aries.”
“Dhik Rika.” Karo nyandhak pundhakku aku ora bisa apa-apa kejaba sirahku tumempel ana dhadhane Mas Aries. Banjur krasa pipiku iki kaya disapu angtin alus lan rasa adhem nlusuri awak sakujur.”
Angin bali sumulir kanthi nggawa tabet kang angel dilalekake.
“Mas Aries.” Bali aku mbukani gunem.
“Piye, Dhik Rika?”
“Geg dadiya kanyatan.”
“Aja kuwatir. Fajar sing diarep Dhik Rika wis sumamburat cahyane saka wetan. Lan mengko bengi bulane andadari.” Ngendhikane Mas Aries ngaras bathukku. Aku mesem kalegan gegambaran ati lan pengarep.
Iki lelakon wolung taun keungkur. Pengarep-arepku entek nalika Mas Aries ana luar jawa lan kapeksa aku nampa priya liya. Saiki aku wis omah-omah, anakku wis telu. Lan dina aku lunga Rumah Sakit Dr. Karyadi mreksakake anakku sing nomer telu: Agustine.
“Dhik Rika. Dhik Rika, lali?”
“Oh, Mas Aries.” Banjur puyeng sirahku.
“Dhik Rika ora susah ngeling-eling lelakon wolung taun kepungkur. Nadyan Mas Aries isih kaya nalika dadi pemuja “Kembang Anyelir”, adhepi wae kanyatan saiki. Rakamu bitih keplenging katrisnanmu, luwih-luwih bocah.”
Teus astane nyandhak janggute Agustine. Oh, rasaning ati kaya di iris-iris.
“Manis ya, goetanku kagem rakamu Dhik Rika.”
Bebarengan jarige Agustine wulan iki, lan ngelupi omah minangka kanggo pangeling-eling omah iki dak jenengake “Wisma Anyeli”. Muga-muga wae bapake bocah-bocah ora ngerti apa sababe aku milih kembang iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar