Translate

Senin, 30 Juni 2014

Dalan Gawangan (Cerkak)



DALAN GAWANGAN
Dening Ariesta Widya

“Piye mas?”
Satim Petruk tangi saka anggone klekaran.
“Akh. Cilaka dhik. Kanca-kanca ra dha nglumpuk. Piye?”
“Aku mung sadrema nggawa kabar iki, mas. Kahanan pos kene sakersa panjenengan.”
“Njur iki terus nge-pos Mundingan?”
“Dak angkah mengkono.”
“Ning yen kahanan dianggep gawat aku kudu tanggu jawab pos iki ta dhik.”
Iya. Naning yen kanca-kanca ora ngumpuk iku sing ngewuhake mesthine.”
Durung nagnti kurir saka pos Mundingan mandheg olehe lapuran, selak kesusu swarane motor mabur mbengung. Wong telu meneng mremanakake saka ngendi swarane.
Selagine wong telu ngrasakake swasana sin mulekake motor mabur iku wis liwat ndhuwur. Kepara endhek. Nggeblas ngidul banter. Bubar iku katon kembang api abor mudhun kaya teja mantheng.
“Edan, edan tenan. Kae dhaerah Gunungpati, dhik.”
“Bener mas. Piye iki?”
Regu pos dadakan ambyar metu saka klirahan. Lakune setengah mlayu mudhun sengkan blabas munggah sengkan Kwasen. Lan motor mabur iku isih mubeng-mubeng. Banjur lagi wae nyandhak dalan rata wis keprungu swarane mortir. Sakala kabeh mandheg ngawasake paran.
“Ka... Kalipancur.”
Kabeh gembreneng terus balik mlaku cepetan tumuju ara-ara sing nyingget kampung Kwasen lan Kandiri. Lamino mogok nalika Desa Kandiri wis katon.
“Tekan Kandiri nilik pos. Yen wis kosong nrabas metu Blabag marga dak kira pos Mundingan mundur ngulon metu Kali Kranji.
Tlatah Asistenan iku wis suwe bisa dibroki. Nanging perangan lor kampung-kampung iku wong-wong durung entuk bali. Tetep isih ana pengapsen. Kajaba Desa Mundingan kulon dalan sing wis kena dienggoni minangka dhapur umum, pembantu asis tenan Gunungpati. Uga minangka pos pembantu (tlatah perangan kulon) asisten Boja. Ngantine wektu-wektu iku tlatah iku isih bisa lestari dikuwasani. Sanadyan pos persiyapan. Sadeng dumunung ing puthukan sing disingget Kali Gibrig wis mlangkah tlatah pertahanane mungsuh. Tlatah sing paing ruwet marga dadi ajanging penyelundupan pangan. Iki ateges secara ora langsung mbiyantu tlatahe mungsuh entuk   kekuwatan pangan.
“Piye dhik, dhaerah kene?” pitakena Pak Ambar. Komandan dhaerah pertahanan asistenan-asistenan iku. Nalika esuk umun-umun nekani pos Sadeng.
“Wah radi repot, Pak.” Wangsulane Lamino sing wis rong dina iki manggon pendhapa klurahan sing dadi pos pertahan mlebu kutha.
“Repot apane?”
Dheweke isih meneng yen kelingsan kedadeyan-kedadeyan rong bengi sing kepungkur. Banjur durung kawetu tembunge wis disusul pitakon maneh.
“Kurang tenagane? Apa ransume ora nyukupi?”
“Boten.”
“Ana bab sing nyalawadani?”
Dheweke isih meneng kaya wong kena hipnotis.
“Ngene lho, Dhik, aku ki pengin ngeteni stategi perbatasan iki. Jalaran yen ora ngono tangeh banget anggone arep mlebu Semarang.”
Saiki pandelenge menjaba adoh nembus papan pendhapa sing wis ora kerumat.
“Ngaten, Pak.” Tembunge seret.
“Dhaerah mriki dhaerah penyelundupan.”
“Penyelundupan mata-mata?”
“Bab punika saged ugi. Nanging ingkang jelas dhaerah punika dhaerah penyelundupan pangan mlebet kitha.”
Pak Ambar meneng sanadyan ing bain krasa kaget krungu laporan Lamino. Anak buahe sing dikenal banget wiwit tlatah iku dipasrahake ana tangane. Lan ing batin kepingin ngyakinake yen saka tangane kutha iku bakal dibroki.
“Sing dikarepake Dhik Lamino wong-wong sing manggon ana dhaerah dhewe adol pangan nyang kutha ngono?”
“Inggih makaten.”
“Dhisik-dhisik piye?”
“Manut katerangan inggih makaten nanging saged dipun gagataken.”
“Beras sing digawa?”
“Inggih.”
“Banjur barang-barang iku?”
“ Ingkang sampun kalampahan saperangan dipun tilar wonten mriki. Sanesipun dipun kintun dhateng dhapur umum pembantu Mundingan.”
Pak Komandan Ambar meneng. Pikirane mubeng memet. Marga kanthi mengkono wektu sing dirancang arep mlebu kutha bakal rumit.
“Manut Dhik Lamino, apa sebabe?”
Lamino mencereng nglumpukake pikirane, “Ingkang jelas dhaerah mriki rumpil kanggenipun tiyang enggal.”
“Akeh jurange ngunu?”
“Kajawi kathah jurang ugi kita kirang tenaga.”
“Oh....” tembunge disaut.
“Dadi yen ngono perlu tambahan pasukan?”
“Tambahan pasukan kanthi tenaga ingknag kenging dipun agul-agulaken.
Saiki ngerti karepe anak buahe siji. Sawijining tenag mudha sing encer utege nanging ora kakehan omong.
“Sesuk dak tambahi bantuan kaya sing kok karepake, Dhik.”
Lamino mung dhingkluk ora wangsulan. Lan ora suwe Pak Komandan Ambar iku ninggalake pos Sadeng sawise nemoni anak buah sing tugas. Saungkure Komandan, panggonane lungguh durung ditinggal. Pikirane isih kelingan anggone ngoyak wong-wong nalika mlipir metu kampung Talungkacang sing adhep-adhepan karo pos iku. Dheweke bebarengan Tarmuji lan Asrul rombongan iku cukup akehe. Lan cetha banget ana sing digawa. Nanging nalika dheweke arep mbursk rombongsn iku Tarmuji kandha.
“Wong-wong kuwi arep golek urip, Lam. Kaya awakke dhewe iki.”
“Nanging wong-wong iku nggawe ringkih awakke dhewe.”
“Kowe yakin?”
“Yakin banget si ora.”
“Lha thik?”
Ning bener kandhane Lamino, Tar” Asrul nimbrung nyapuh omongane.
“Awakke dhewe ora mungsuho wong-wong kuwi ta?”
“Pancen.”
Wong telu meneng nalikane rombongan iku wis wiwit nyabrang kali Gribig. Banjur mung bisane ambegan menggeh-menggeh ngampet mangkele. Akh, ngapa mau ora kandha pisan marang Pak Ambar bab crita iku kareben ana dalan liya kanggo nyametake kahan ing pos iki. Saora-orane regi sing saiki dipindhah kabeh disnti regi liya. Nanging ngapa kaya wong kentekan engetan. Kaya wong linglung. Pos Sadeng esuk iku sangsaya sei. Regu sing jaga ora katon. Kajaba awakke dhewe nunggoni pendhapa klurahan.
Selagine ngenam-enam pikirane dadakn ing plataran ana kanca saka dhapur umum pembantu Mundingan. Dheweke apal banget. Prantiyo lan Satim Petruk. Jangkahe katon gugup ngidak suket teki ngarep klurahan. Dhewekke menyat methukake.
“Ngapa Dhik?”
“Anu Mas. Penting” Satim Petruk ndhisiki kandha.
“Ayo, dha mlebu wae.”
Tekan pendapa swasane sepi.
“Kanca-kanca, Mas?”
“Dha lunga. Adus ayake. Sewengi nyegat nang Tulukacang. Kalebon terus.”
“Mata-mata?”
“Ra, Dhik. Wong-wong nyundhup mlebu kutha.”
“Ngene Mas” Pratiyo munggel gunem.
“Situasi genting. Mungsuh stetling ing perbatasan Gunungpati, Ungaran.”
“Haa… Piye Dhik?”
“Mungsuh arep mlebu Gungpati knthi kekuwatan sing cukup lan kabeh siap-siap mudhun ngulon.”
“Boja pa Cangkriman?”
“Manut informasi, kulon uga areo dileboni.”
“Wah, edan yen ngono. Njur iki prentahe piye?”
“Kanca-kanca kene kon nggabung pos Mundingan, Mas.”
“Oh.”
Pangangkluhe terus menyat nguber kanca-kancane sa pos. Nanging mangkele memet. Marga kabeh ora katon. Banjur bali nemoni kurir sing isih klekaran ana amben dawa kanthi bathuk manther nimbus pyan kepangan jaman.
“Mengko pos Mundingan nunggu awake dhewe, Mas.”
“Iki pikiran sementara. Marga yen ndadak metu Cepoko nang pos Mundingan wektune entek.”
Bubar iku lakune wis setengah mlayu. Saka kadohan sekolahan sing dienggo pos iku wis katon sepi.
“Awakke dhewe kejepit.”
Merga nalika iku mortar wis liwat ndhuwur Kampung Kendri. Lan swarane saka kadohan wis keprungu. Terus isih kesusul brondongan manut kembang api saka motor mabur. Lamino sansaya bingung nalikane motor mabur iku mencos ngalor tumuju tlatah sing dipecaki. Tekan Blabag uga wis nyenyet. Lan rencana arep nyegat lor Kampung Mundingan dibatalake. Lakune nrabas Kampung Ngablak. Pamrihe bisaa ketemu karo wong wong pos Mundingan ana Kedungjangan. Lan motor mabur iku isih tetep ngleyang. Swara mortar tetep mecah sepining awan iku.
Metu saka alas pinggir Desa Ngabalk ngurud wangan nrabas sengkan mlipir dalan cilik tekan Kedungjangan. Tlatah iku sepi. Tabet-tabet wong-wong pos Mundingan ora katon. Mesthine mundur metu semayan Si Putih ngepos Kampung Bentur.
Tenagane kabeh wis meh entek. Ora ana dalan liya kajaba mung mlaku ninggalake pos-pos sing selawase iki ditunggoni. Tekan pinggir Kali Tempuran dicoba ngulur napase. Kabeh melu mandheg. Banjur kelingan yen dheweke sng tanggung jawab. Dheweke balik ngetung nyawa-nyawa tanggungane. Raine njengkerut.
“Ngapa, Mas?” tembunge Mitra Gareng karo kempis-kempis.
“Tarmuji.”
“Tarmuji?”
Kabeh taping pentheleng ngawasi siji-siji. Nggoleki Tarmuji anggota regune. Kanca sing omongane sapenake dhewe. Banjur lakune diterusake nalika motor mabur iku ngeneni Pos Mundingan. Nanging pikirane Lamino lagek bias nggabung Pos Mundingan. Nanging pikirane Lamino kecanthol karo Tarmuji. Apa sesambungane omonge nalika patrol kae karo serangan iki?”
“Okh … Okh ….”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar