Translate

Senin, 30 Juni 2014

Rantas (Cerkak)



RANTAS
Dening Ariesta Widya

Pikirane ngambang kaya keluk rokoke sing diakep. Wis kopang kaping bojone ngelokake anggone ngrokok wangsulane malah nganyelake ati. Wusanane sing wadon wegah muni. Wongkote pancen wis katon wiwit pacaran dhisik. Malah nalikane dikon sabar ngenteni meh-meh wae bubaran. Rekane mono kepengin sekolah sithik maneh kenoa kanggo tambah kawruh anggone dadi pegawe. Apamaneh ngelingi sedulur-sedulure perlu bantuwane, yen mung mligi njagakake sak sumber krasa abot.
Wingi nalika mulih saka omah dokter. Wong loro numpak becak nrabas udan tumuju terminal. Kekarone amem sing keprungu mung swarane banyu nyemplok rodha becak kaya notok dhadhane. Tembunge dokter ahli sing wis tuwa iku pancen kaya nyigar jantunge. Anehe sing katon luwih nratab malah sing wadon.
“Panjenengan sampun mangertos gerahipun keng raka jeng?”
“Dereng, Dokter.”
“Upami mangertos kados pundi?”
“Punapa untungi[un manawi kula boten mangertos lan mangertos?”
Dokter tuwa iku mesem. Esem sing angel batangane.
“Nuwun sewu. Ingkang kula kajengaken punika amargi kula kuwatos menggahing panjenengan. Langkung-langkung keng raka.”
Sing wadon nyoba mesem. Sanadayan esem iku mung samudana.
“Kanggenipun kula langkung prayogi manawi mangertos. Tegesipun manawi kaconggah inggih dipun usadani. Dene manawi boten.” tembunge ora dibacutake. Lan dokter malah dadi pakewuh anggone arep mblakani. Jalaran lagi iki nemoni pasien sing sajak ora ana rasa was-was mungguhing lelara sing disandhang.
“Panjenengan kedah enggal mlebet griya sakit. Opname!”
“Mangke rumiyin, Dok!” tembunge mronggol.
“Pak dokter rak dereng ngendikani menggahing sakit kula.”
“Dokter iku mesem, marga pancen sejatine ora arep aweh wangsulan kareben yen mengko wis mlebu rumah sakit wae dokter sing ngrumat sing mblakake.
“Ouw ... ouw ... inggih, inggih. Ngantos kula kesupen.”
Saking ora srantane dheweke ndhisiki mbadhe:
“Kula kenging tumor, eh, punap kanker dokter?”
Dokter iku mung manthuk. Sing wadon katon kaget kawistara praupane dadakn pucet.
“Inggih, inggih dokter?” tembunge ngyakinake. Nanging dokter iku malah nyandhak amplop. Isine layang pengiring kanggo rumah sakit sing bakal dituju.
“Mugi-mugi enggal pikantuk pitulungan mirunggan.”
“kedah dipun operasi dokter?” sing wadon nimbrung.
“Inggih. Boten wonten margi sanes.”
Omah dokter ditinggal. Tumiba ning udan wis dudu alangan. Gek enggal tekan ngomah. Gek enggal mikir priye becikke. Marga iki ora trima..., lunga ngono wae. Kabeh ana gandhenge karo pegaweyan. Sing ateges ana gandheng cenenge karo dhuwit lan bayaran. Kepriye mengko panemune kepalane. Sanadyan saka kantor pancen ana aturan mungguhing pegawene kang lara. Nanging saliyane kuwi?. Bojone, anakke. Kabeh butuh pikirane.
Tekan terminal bis awakke krasa lemes. Parandene prentahe dokter supaya mlebu rumah sakit lagi sawise telung dina dilakoni. Akeh tetimbangan liya sing njalari opname kasep.
Nalika nemoni sing tinanggenah ngurusi dikandhani yen kamar-kamr wis kebak. Arep kepriye maneh sanadyan kama riku kamar darurat kepeksane mlebu. Niyate kepleng ing kene bakal ngilangi panandhange. Banjur kamar sing dituduhake dileboni dikanthi bojone. Kamar jujugan, tempat tidure nem. Ing pojokkan mepet jendhela gedhe ana tempat tidur kosong. Kiwa tengene wis ana sing ngenggoni.wong ing sisihe isih katon nom tinimbang umur-umurane. Sawise tetpungan wong iku kandha arep operasi marga kencing batu. Manut asile ronsen watune wis watara sak isi salak.
“Lerese mawon kula mpun niyat operasi. Ning sareng kula taken dokter yen mpuna dipendet njing-njing nggih tesih saged enten malih, kula trima mopo. Ajeng medal mawon pados dhukun Jawi.”
“Panci inggih. Mboten wonten ginane manawi saged enten malih. Ngendikane dokter ginjel kula niku mboten saged kerja napa dos pundi.”
Iku wiwitane dheweke ngerti penyakite sebelahe. Dene sebelahe maneh wong tuwa wis kari balung kulit. Critan kanca nunggal kamar lara sing kari ngenteni esuk sore wae. Wengi sepisnan krasa sepine. Mung swara pangangkluh sing mlebu prungene. Rasa-rasane bosen ana kamar iki. Mangka manut katrangan durung ana kamar mirunggan sing kosong tangeh isih suwe.
Dheweke wis meling bojone ora susah niliki terus. Cukup telung dina sepiasan wae. Anakke sing cilik dhewe lagi umur nem sasi.
Meh nyandhak seminggu lagi dipriksa temenan. Wingi-wingi lagi getihe wae. Dina iki bali di Rontgen kanthi premati. Nanging durung ana tandha-tandha. Banjur nalika bojone niliki sing ping telune ana katrangan saka dokter.
“Kudu opersai Tien?!!”
“Rak ya ana kene wae?”
“Akh ... embuh. Ngewuhake. Critane sesuk arep dijupuk sithik dhisik. Dene bacutane ndeleng kahanane maneh. Utawa kepara kudu metu saka kene operasi nyang Jakarta.”
Sing wadon mlenggong. Ing panggraita mesthi penyakite sing lanang dudu sabaene. Sanadyan nalika semana dokter kae wis ngadhakake nanging pikire ora tekan semono.
“Mendah ongkose nag Jakarta, Pak.”
“Iya. Aku ora ngerti. Aku ora bisa mikir maneh.”
Dadakan luhe sing wadon nrojos metu. Kaya ing wewayangan katon ana memedi.
“Pak .... “
“Huh!”
“Bocah-bocah?”
“Aku wos ora bisa nyawang bocah-bocah kaya saiki. Kowe ngerti paru-paruku tengen wis kecandhak. Lan, wis dibuwang separengan.”
“Pak!” sing wadon nyuwara ngeget.
“Dadi ... dadi ....?”
“Iya. Ora susah kaget.”
Dadakan luhe smbrol. Nanging ngguguk ing pundhakke. Kaya dhek isih jaman pacaran nalika wong tuwane nglegani entuk kawin. Nanging saiki suwalike. Kaya dene arep pepisahan selawase.
“Lan sing luwih kudu dipikir yaiku dokter kandha ....”
“Kandha priye? Priye?” omongane ditabrak.
“Kandha yen uripku mung kira-kira kari setaunan. Malah kepar luwih cedhak maneh.”
Saiki tangise wis ora bisa dempet maneh. Nangingngger, tangga sebelah mlengak ngungak saka jendhela. Lan sedhela maneh anakke teka. Kabel leledhotan. Sing cilik dhewe sing umur setaun ngrangkul gulune. Ora krasa luhe melu dleweran. Anakke sing gedhe dicandhak dirangkul nganggo tangan kiwa sing nomer loro tangan tengen. Swasana banget nujem atine. Dietung-etung lagi tentrem durung suwe. Surung suwe anggone ngenggoni omah saka kringete dhewe, sanadyan durung krebung. Banjur gegawangan mbakyune sing ora ana. Nalikane iku uga lagi kaya dheweke ngene. Lagi arep kepenak. Ndadak kudu operasi sing wusanane ora ketulungan. Larane ya kaya lelara sing disandhang.
“Banjur kepriye, Pak?”
“Aku ora ngerti. Mung sajroning sesasi iki kudu bali rumah sakit umum.”
“Iya. Iki mung cara kanggo dedawa umur. Kejaba yen Gusti ngersakake waras. Manungsa kaya-kaya wis ora kaconggah maneh.”
“Akh ....!!”
Anggone saben dina namba wis lumaku seminggi. Ewadene rasane awakke sansaya lungkrah. Banjur nalika mampir omahe sedulure sing wadon marga ora kuwat nahan ndrodhoge awak sabubare disuntik, ipene kandha.
“Awakmu ora kuwat dhik yen saben dina kudu mangkono. Kejaa awak lara ketambahan kesel. Rak ora ana gunane tetamba. Yen gelem becik ana kene. Kamar ngarep iku rak lega, perlune nyang RS cedhak.”
Tembung-tembunge ipene dipikir. Sidane esuke bubar saka RS manggon ana kono. Kaya wingi-wingi bojone niliki patang dina sepisan. Ngepasi yen arep suntik awakke ora kuwat nglawat.
“Isih ngrokok ta, Pak?”
Nalika iku ana omah dhewekan. Wis suwe anggone arep ngrokok diampet. Rekane kanggo tamba pengin.
“Siji. Nggo tamba pengin.”
“Piye bisane waras yen aturan dokter tansah dilanggar.”
“Wis ta umurku ki kari pira. Mbok aku tak nikmati urip iki.”
“akh ... kudune mikir. Ya bener dokter kandha ngono. Sapa ngerti nyenyuwun banjur bisa mari. Nanging aturan dokter bola-bali diterak kepriye dadine? Sing peparing mesthine ora rena.”
Sing dikandhani isih tetep nyerot rokoke.
“Akh ... rak prasasat nganyut tuwuh alon-alon ta pak. Bunuh dHiri mbaka sithik.”
Dheweke isih tetep nglenthep rokoke kebal-kebul kepara anggone nyerot dijerokake sajak nikmat. Ning sepira kagete sing wadon bareng keprungu swara.
“Adhuuuhhh .... !!”
Banjur sing lanang kegeblak ana kursi awakke anyep. Ambegane abot. Sakal bojone bingung, ora ngerti apa sing bakal ditindakake. Bocah cilik ngadeg ana ngisor wit pelem diundang. Dikongkon marani tukang becak. Batine arep menyang RSU. Ing kana bakal njaluk tulung pegawe sing kampung, amrih cepet entuk pitulungan.
                                           (Purnaning Oktober 1981)

Tamat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar