Translate

Senin, 30 Juni 2014

Dudu Impen (Cerkak)



DUDU IMPEN
Dening Ariesta Widya

Sedina wingi anggone narik songkro ora mikolehi. Kanca sing wis suwe nyambut gawe bebarengan katon ayem. Pancen iku watake wiwit dhisik. Sanadyan kahanane mbokmanawa padha wae nanging inta laire katon luwih sigrak.
Nalika songkro diendhegake cedhak panggonane metu tembunge:
“Piye yen dina iki butuhmu dak enggo dhisik, Mir?” sing diajak kepenak nggoni nanggapi.
“Perlu banget pa, Kang?” bareng pitakon iku metu saka Kasmir bisa nggraita yen sejatine uga mbutuhake. Lelagean sing wis banget diapali samangsa isih mbutuhake dhewe.
“Lho yen pancen Kang Komar perlu, aku dak njupuk sacukupe. Trima dienggo butuh mbokne Tinah.”
“Kowe ora butuh tenan to, Mir?”
“Ya butuh. Ning katone kowe kang sijak aka kebutuhan sing banget.”
“Akh, yaiku ta Mir. Mbakyumu ki rak wingi thenger-thenger. Wong wedok.”
“Ngapa?”
“Yen dipikir ya lucu. Kuwi ta larene mau bengi ngimpi. Ing kanane bapake ki nganggo sandhangan putih-putih. Lha kok ndadak ditegesi jarene nemu kasusahan. Mula arep nyektekake yen tenan apa ora.”
Sing dicritane trima ngguyu mlengen. Jeneng mung impen kandhane wong-wong . impen kembange turu. Ora ana gunane. Nanging kanyatan wong-wong sabangsane isih pecaya. Malah nalika jamane wong-wong padha edan buntut impen malah padha digoleki tekan ngendi-ngendi. Kepara direwangi turu tengah jaritan.
“Piye ys, Mir. Saumpama ora susah lunga desa?”
“Ya kono ta, Kang. Jeneng wong yen wis pecaya. Utawa maneh ana rembug liya. Mung marga saking kepingine niliki desa banjur gawe-gawe entuk impen.
“Gek-gek ya ngono.”
“Ning ana becike ta kang, tilik desa. Wong nyatane ya sewu ra tilik.”
Sakarone padha meneng. Meneng engenut angen-angene dhewe. Sing siji ngenut angen-angene marga butuh iku nyowot butuhe liyan. Iki ateges gawe repote liyan. Suwalike yen ora mengkono karepe bojone ora kelakon. Kabeh ewuh.
“Kowe eklas tenan, Mir?”
“Rasah kakean piker kang.”
“Wisk on budhal. Ben atine lega.”
Kancane ngadu urip ana tengah kutha adol kekuwatane otot iku diterake ilang ana ayang-ayangane gedhong jenggereng.
Mlebu panggonane atine ngambang. Selawase iki manggon ana gubug sing dumunung ing pinggir kali tengah kutha. Bubar iku nalika kutha iku ana pembersihan saka Kotamadya sidane melu kebongkar. Uripe dipecaki sarana nunut kancane ing pinggiran kutha. Nanging nasib iku tetep ngoyak uripe. Marga nalika perusahaan perumahan murah nggawe omah kredhitan, tanah iku katut mlebu. Wiwit iku uripw sansaya kedlarung. Urip mecaki dalan sing saiki krasa sansaya adoh saka wewayangan nalika semana. Ninggal desa. Banjur urip ana kutha. Kebak pangangen-angen. Nanging saiki nyatane pancen sabar kabeh. Ana kalane yen ngedhongi bojone kagol banjur diumpah. Nyatane pancen mengkono mula trima meneng.
“Ngene pakne” sore iki bojone miwiti omong kalamangsane anake loro wis turu.
“Aku ora bisa nglakoni.”
Sing lanang njenger krungu tembunge sing wadon. Pancen nganune dina iki bojone sing ora nyambi adol rai ngubengi kampong. Anane mung ngumpet ana njero gubug iku. Beteke urip emoh laya wong-wong liyane.
“Kowe kudu mikir bocah-bocah, Pakne” omonge nduwis metu runtut kaya etugas KB sesorah ana desa.
“Kowe kudu mikir, Pakne. Yen bocah-bocah wis wiwit kudu sekolah. Awake dhewe wis bodho. Apa anake dhewe ya kudu isih marisi bodho mau? Ya ben awake dhewe dadi kere. Nanging kudu thenguk-thenguk nunggu tekamu.”
“Lha kowe ya ra gelem melu kaya wong-wong liayane?”
“Okh, Kang. Aku trima emoh yen nglakoni kaya wong-wong kae. Aku urip kaya ngene iki wis dak ampet. Isih kon nglakoni urip njaluk-njaluk? Ngemis.”
“Tinimbang urip ki mung kaya ngene. Aku dak ngalah bali desa.”
“Bali desa. Karepmu?”
“Ya mulih terus, ora bali. Tinimbang kowe setengah mati nyambut gawe. Lha mengko yen entuk rejeki akeh ya dikirimke wae.”
“Okh, dak kira sing kok omongke wingi kae mung arep tilik. La tibake ngono?”
“Piye ta Pakne. Yen urip ana kene mung ngene wae rak becik saupama aku ana desa melu buruh-buruh matun. Apa liyane. Kowe ana kene yaw is tetep nyamut gawe. Dadik aku ora nganggur kaya saiki. Aku mung rak bocah-bocah kudu beda?”
Bali sing lanang njenger ngrungokake tembung-tembunge sing wedok. Pancen selawase iki ora nate mikir marang nasibe anake. Kajaba saben dina ing angen-angene kepenclokan gagasan golek dhuwit sarana ngadu otote. Wiwit srengenge mlethek ngantine srengenge angslup.
“Yen pancen kowe tegel Kang, marang nasibe bocah-bocah ya kalah. Nanging aku gelem uripe kaya saiki mung tekan sesuk.  Sesuk esuk aku budhal. Syukur kowe yen bisa nyangoni. Yen ora trima butuhe dina sesuk dak jaluk dak enggo sangu.
“Kowe wis mantep tenan, Nem?”
“Apa sing kudu diwedeni, Kang. Selagine urip ana kutha iki maribasane mung ngenteni tekaning pati. Ora ana liya maneh. Mangan, turu kanthi ati kebak sanggan sing selawase mengkene terus.”
“Kowe ya sing duwe gubug iki?”
Swara iku mlebu kupinge. Banjur awake wis dicandhak ditarik diunggahake truk Kotamadya. Ora bisa suwala maneh kajaba manut. Luhe dleweran dadakan ngrawuhi gubuge diganthol petugas kotamadya kanthi sakepenake. Lan ing ndhuwur truk akeh wong sabangsane.
“Tujune mung aku. Upama saanak bojone? Sida ora karu-karuan. Nanging lelakon iku ora tean semono. Jalaran ora ana rembug liya esuke diangkatake numpak kapal. Nyabrang segara. Ora ana wektu kanggo crita marang bojone. Okh mendah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar