Translate

Senin, 30 Juni 2014

Panggatha (Cerkak)



PANGGATHA
Dening Ariesta Widya

Apa wis kok pikir tenan, ta Ri? Pitakone nak ndulure nalika dheweke nggelar panemune bab anggone arep ninggalake desa kelairan. Kanthi keyakinan tandhes kandha.
Oh, terang wis kang. Atiku wis mantep. Aku arep nempuh urip anyar. Urip sing nyatane. Aku emoh urip sing mung ngene-ngene terus.
“Apa kowe wis yakin yen urip sing lagi kok gantha iku bakal ngundhuh woh?”
“Akh, kang kakean piker. Kaya dene urip sing diawaki awake iki. Apa nate ngerti sadurunge?”
“Yaw is, yen pancen kowe mantep. Jeneng aku iki sedulur tuwa. Sanadyan mung akon-akon.”
“Ora kok kang. Aku wis yakin.”
Iku nalika dheweke nduweni keputusan arep ngrubah tata rakite panguripan. Urip sing ana desa kang padha wae. Ora ana kembang-kembange. Esuk tangi, mangkat tegal utawa sawah. Iku wae sipate mung buruh-buruh. Jalaran lemah warisan sing mung kena kanggo duwen-duwen ora nyakup kanggo uripe. Ngelingi maneh anake telu wis ngancik gedhe, banjur paling-paling uripe masrahake tenagane buruh-buruh. Sakecandhake. Ya buruh mikulake papan juragane Zarkoni. Utawa mikulake arenge juragane Tamsir. Kepete mikulake blanjane Mak Nyai Kamsur sing bubar munggah kaji sangsaya sugihe wong-wong kandha jarene mulih saka munggah kaji ngingu jims aka Mekah. Mangka pancen ngoyak kabutuhan urip pancen ditlateni kanthi memet.
Sore-sore nalika anake tanggane ngeterake urak jaga (kaya adate nglakoni ngalih turu ana jagan lan entuk opah) kandha:
“Lik Juhari mengko dikon nyang nggone, pake.”
“Apa ana gaweyan ta, No?”
“Ra ngerti lik.”
“Ra kandha liya meneh?”
“Mung iku kok lik.”
Urak ditampa terus dicanthelake ana jagak sing diiras kanggo nggantungake klambi. Saiki pikirane mubeng. Lumrahe angger wis masrahake urak. Lan duwit jagan ora nate ana urusan liyane. Nanging saiki ndadak ana welingan liya. Mesthine wigati.
Mau sadurunge mangkat menyang jagan sing cedhak gedhung SD Inpres sing during nganti setengah tauh wis padha rotog gendhenge mampir omahe. Tekan ngarepane omahe Saman sing dhisik mung mbatur saiki dadi wong sing kajen. Omah gebyog saka jati. Dicet modhel desa nganggo warna-warna kang nampeg pandulu.
“Kene mlebu wae. Nang njaba ra kober diseblak. Tur pitike jan ra kena ditinggal.”
Tanpa diwangsuli terus mlebu. Pancen wiwit dhisik wis kulina mara. Nanging iku marga saka karepe lan butuhe. Balik saiki.
Ndadak diweksake sajak ana bab kang wigati.
“Enten napa ta, Wa? Kok sajak perlu nungkaske napa?” Wong sing diparani kanthi ulat padhang durung mangsuli selak kesusul wedang kopi kebul-kebul sanadyan panase awan iku ngentup gundhul.
“Akh, ra perl-perluan barang. Pa ra kena yen kala” kala omong-omong. Kaya karo sapa wae. Kowe karo aku ki sanadyan dudu sedulur ning pangrengkuhku ora wong liya. Dheweke isih kekuh ngrungokake tembung-tembunge ding ditekani.
“Lerese enten perlu napa ta, Wa? Kula nganti tab-taban.”
“Ra sah tab-taban ta, Ri. Aku ki rak krungu saka kakanganmu. Jarene kowe arep bara nyang Semarang, ki bener apa?”
“Nggih, nggih lere. Dos pundi tiyang ten dhusun nggih mung kados ngeten mawon. Gesang nggantungake teng bau. Tur boten kenging dijagakake.”
“Njur kowe arep bara iku?”
“Ha, nggih. Wong turene teng Semawis uger tesih rosa mawon arta gampil dipadosi.”
“Heem. Ya jeneng pancen urip. Ana ngendi wae angger gelem kemlawe ya kemlamet. Ngono kae. Ning njur anak bojomu apa ya terus arep kok gawa?”
Pitakon iku gawe pikirane gragapan. Jalaran wiwit dhisik pancen durung pinikir. Gedhene kepriye megkone anggone arep mangan saben dinane. Mula kaya dielingake dening wong sing diparani dina iku.
“Nggih niku sing dereng kula pikir.”
“Akh, sak jane rak gampang. Angger temen-temen kowe nyang Semarang golek pangan tenan. Aku utawa makmamu rak ya bisa ngeguhake. Tegese ya njupuk butuh ka kene. Lagi pendhak-pendhak tilik mrene kowe nyaur,”
Sakala atine dadi padhang njingglang bareng krungu dalan kang binuka. Kaya kena daya setrum listrik dheweke manut eguh pratikele wong tuwa sing dadi dhug-dhenge desa iku.
“Yen pancen Pakwa purun mbantu kula lan semah kula, semah kula kula sing nuwun sanget. Tiyang kados kula niki sinten sing ajeng nulungi yen boten kados panjenengan.”
“Akh, jeneng wong urip, Ri. Endi sing ana rak bisa dienggo luwih dhisik.”
“Ngotena kathah tiyang sing gadhah ning kalih tiyang kados sakula niki tibane mung ngremehake. Napa meih tetulung omong mawon paribasane wegah.”
“Wis, wis, Ri. Kuwi ana kemilan disambi.”
Rembug sing metu saka lesanne won sing sakawit pikir wong menehi dalan saiki malah kepara mbupeti dalan. Kaya nalikane bubar teka saka Semarang nanging ora bisa menehi sembul.
“Kutha piye, Ri? Rak ya apik-apik lan gampang golek rejeki?” nanging tembung iku kaya dene seblak pring tumiba gegere.
“Oo, ya bojomu rak kandha ta?”
“Nggih mpun, Wa. Anggene mendhet betah king ngriki?” wangsulane balik takon. Sajak ora ngerti.
“Haa, yo ngono.”
“Nggih niku ta , Wa. Anggene kula mriki niki nggih ajeng kandha.
“Kandha bab apa?”
“Anggen kula nyauri niku.”
Tembunge lirih alon. Padune ora wani mandeng sing dijak guneman.
“Ngono wae kok pikir mumet ta, Ri. Pa aku ki ya tega nagih yen pancen kowe rung duwe.”
Dina iku atine lega marga nyatane wong tuwa iku bener ora nagih. Sanadyan ing dhadhane kebak pitakon bandha apa sing bakal dienggo nglunasi. Nyatane pancen ana kutha ora kaya sing digantha sakawit. Urip sing mentereng. Banjur mulihe arep pamer karo wong-wong desane yen saiki wis ora guprat blethok maneh. Wis bisa omong bab kutha. Bab televisi sing ing desane dietung nganggo driji ora luwih ska driji tangan.
Mulane sing ping pindho kaya nalika mulihe sing dhisik. Anak bojone sing nunggu kanthi keyakinan tibane ngendhon bisa nyawang pangarep kothong. Banjur kaya nalika semana lunga menyang omahe wong tuwane sing selawase iki nguripi. Manut kandhane. Mung nyatane tembung iku lumah kaya tembunge wong kang sumedya pamrih.
“Aku mono ra kabotan Ri yen bojomu njupuk kebutuhan saka kene. Ning aku ki rak mesakne kowe. Apa suwe-suwe kowe ora malah sedhih nggagas. Wong kowe nyang kutha durung gumathok.”
“Lajeng dos pundi krenane Si-wa nggih?”
“Aku arep kandha engko gek aku ki diarani kaya Cina.”
“Nggih boten. Tiyang pancen niku kajeng kula mawon.”
“Ya wis yen ngono. Piye ta Ri tinimbang kowe kakehan pikiran yen sawah Jeblongan kae dienggo ganti?”
Pikirane minger dadakan. Jalaran sawah telung kothak iku sing durung tutas ana ijone Tasrip lurah dhongkol. Wektune isih nunggu telung usuman.
“Lha tesih nggene Wak Tasrip tigang usuman kok.”
Nanging wong tuwa iku ora kabotan.
“Ra pa-pa, Ri. Ning yaiku kowe kudu ngerti yen bojomu anggone njupuk butuh wis keliwat akeh. Lan mesthine yen mung diganti usuman aku ra bisa. Lha piye aku isih kudu nunggu telung usuman maneh. Mangka kowe mesthine isih durung tetep anggonmu golek rejeki ana kutha.”
“Mpun griku Wa angger anak bojo sami saged nedhi.”
“Tenan Ri, aku ora meksa. Yen kowe pancen duwe rejeki kanggo nyauri utangmu kabeh, sawah iku ra susah nyang nggonku.”
Mulihe atine semplah. Nanging ora wani kandha karo bojone marga mengko bakal nampa panutuh. Jalaran dhisik bojone wis nate kandha ora susah lunga kutha. Luwih becik lunga Sumatra.
Desa iku wis tininggal lawas. Kahanan desa meh lali. Urip ana kutha wis dipecaki. Nanging ora kaya lumrahe wong-wong sing urip tumata. Kaya dina iki kepeksa mlayu-mlayu marga gubug panggonane diresiki kota madya marga dina iki arep ana tamu saka Jakarta lan tamu saka luar negeri.
                                         Semarang, Pebruari 1977

Tidak ada komentar:

Posting Komentar