Translate

Senin, 30 Juni 2014

Kinepung Garis (Cerkak)



KINEPUNG GARIS
Dening Aierta Widya

Lan sepuluh dina iki bocah-bocah daktinggal. Esuk iki dina minggu pasien sakamar wis padha mulih wingi sore. Kejaba kari sihi wong wadon tuwa sing mung kari lunglit. Semono uga daksawang awakku wis beda karo dina-dina sadurunge, kepengin mulih orrra kayaa. Ngelingi bapake bocah-bicah sing pamcen montang-manting. Piye ora, sore ngancani aku ana zaal iki. Esuk uwis budhal nguruni pagaweyan [pandinan. Endah, pambarepku wis kena daktegakke. Bukak kios pendhak esuk, biasane dakkon bantu sore, sabubare sekolah. Lan dina-dina iki dina liburan.
Wingi sore nalikane bapake bocah-bocah ngancani kandha:
“Piye bu, awan mau isih krasa maneh ora?”
“Krasa. Sedela-dela mung ping papat.”
“Ah, muga-muga enggal mari, gek bali.”
Aku ngerti sepira repote bapake bocah-bocah, bisa dakngerteni sabanjure.
“Apa ora miring ya? Kok ora tilik mrene barang. Mangka kanca-kanca liyane wis padha tindak.
“Ah, ya mbok menawa during miring.”
“Dakabari pa ya!”
Atiku banjur tab-taban, kepriye anggonku arep mangsuli lan apa sebabe kok nganti bapake bocah-bocah kawetu tembunge mangkono. Senadyan aku pengin yen Mas Wid uga rawuh kalamangsane aku lara ngene iki.
“Ora susah, ya yen mengkono utawa kapan-kapan ketemu dikandhani ta!”
“Dikabari ya ora apa-apa. Sukur yen kersa tindak bengi ngene iki, kena kanggo kanca omong-omong.”
“Mbok menawa wae repot. Bocah lagi ngadhepi ujian.” Tembungku setengah mbelani.
“Ning, mesthine yen kersa rak bisa ngono.”
Aku njur meneng wae. Jalaran sadina sabubare aku ana rumah sakit aku wis ngabari. Apa tembunge bapake bocah-bocah iki mung mancing amarga ngerti yen aku wis ngabari. Mangka wis maringi wangsulan, yen lagi gerahpiyambak. Oh, sawengi iki mripatku prasasat ora bisa merem kagawa saka tembunge bapake bocah-bocah.
Upama laying iku ora konangan, mesthine ora bakal ana lelakon kabeh kaya ing wulan Juni. Kabeh nyalahake aku. Aku uga ngakoni kaluputanku. Ya mung aku urip nganggo pangrasaku. Ning, kanggone wong kang nglakoni nglakoni anane mung ora bisa aweh komentar. Dhisik antarane aku lan Mas Wid wis ana perjanjian yen arep bakal mbangun bale somah. Ah, ketoke mung kaya dene tresana bocah. Tresnane bocah-bocah cilik, tibake the first love never can die lan uwis ilang sewindu sajrone aku ora nate ketemu karo Mas Wid. Mas Wid kudu ngayahi tugas ikatan dhinese.
Nalika iku during nganti setaun aku ditinggal Mas Wid ndadak akun krungu kabar yen Mas Wid karma karo kenya tanah pangumbaran. Tibake mung siasat saka keluargane Mas Wid sing ora nyetujoni aku karo Mas Wid, dadi kanyatan ora ana bebrayan. Mangka kudune aku luwih percaya marang Mas Wid sing pancen setiya ing janji. Kalebu wong sing disilplin ora mung marga sesambungan karo aku, uga bab pagaweyan. Sing banjur sangsaya adoh, marga kabar mau aku wis wegah nulis layang, kabeh kaluputanku.
Oh, saiba kagetku bareng taun 1967 Mas Wid jumedul maneh kaya Mas Wid dek semana. Durung ana owal-owalan, lan ngendhikane dhisik kae diwujudake. Aku mangkat ijen Dhek Atik, mulihku kudu isih ijen.bengi iku rasaning atiku wis kumepyur nalika pahargyan hari pancasila ana kecamatan.  Mas Wid sing mbukak, banjur nalika pandulu gapyuk ing ruang riase bocah-bocah. Bisaku mung meneng ora bisa apa-apa. Rencana nggonku arep janji okes keroncong bapake bocah-bocah sakakeh-akehe nyabar. Kejaba lagune sing kerep daklagokake, dek semana yen ngedongi ana kumpulan ketemu Mas Wid. Yen ing tawang ana lintang, bubar iku aku bablas mlebu kamare Mbak Sum, nangis. Kabeh dak pendem ana atiku supayane wong liya ora ana sing ngerti (mesthine Mas WId piyambak sing pirsa atiku).
Tetemen iku wis mungkur adoh. Aku ora nate kepethuk Mas Wid, sanadyan ning ati kepingin kandha: nyuwun pangapura. Banjur bengi iku kaya dene impen ing tengah wengi. Ora kenyana babar pisan mulihku saka Semarang kewengen. Lan anggonku ngenteni opelet mesthine opelet pungkasan. Bengi iku kios sing isih bukak kiose Bu Tiek.
“Dhek Atiek.”
“Iya, mas. Kok bengi-bengi saka tindak ngendi?
“Mentas golek rokok. Lho, kok nganti bengi kondue piye? O, ya lha endi rekane?”
Banjur tumibaning tembung iku kaya ponis ukum gantung nyang dhiriku. Saka rumangsaku sawijining paweweh  aku tertuduh. Akhire sabubare aku njlentrehake lelakon wiwit bocahku ngantine kedadeyan iku. Yen sesambungan iki antarane aku lan Mas Wid diwiwiti dek isih pada dene aktip ana pakumpulan. Vonise aku kudu ora kena sesambungan wujud apa wae. Layang sing nyelakake pedot kudu daktulis kanthi dipirsani bapak lan bapake bocah-bocah. Anane ning ati mung angles ora ana maneh.
Wiwit lelakon iku sanadyan aku isih kapethuk Mas Wid, ananging tak coba ora ngawistarani.
Dina minggu kalamangsane angin sumribit, koreden alon-alon ketiup angin esuk lumebu kamarku. Zaal rumah sakit sing dadi kancaku sajroning lara, dumadakan wae kaya kena daya gaib panduluku tempuk karo priya kang lumebu. Oh, luhku bali maneh ambrol. Ora liya Mas Wid sing rawuh esuk iki. Sangsaya, nalikane Mas Wid lenggah ana sndhingku. Atiku kaya ranta-ranta, apa maneh iku Mas Wid luwih katon kera tinimbang wektu-wektu kepungkur.
“Ngapa Dhek Atiek ndadak nangis.” Banjur banjur astane ngregem epek-epekku. Atiku sansaya arep njeblug-njebluga, kaya –kaya ana daya kang adhem nlusuri saranduning awak.
“Wis, Dhek Atiek dienggo sareyan wae!”
“Mas Wid wis mireng?”
“Ngertine ya sabubare nampa layang saka kene kae. Ning nalika iku aku dhewe lagi lara. Mula pangapurane Dhek Atiek wae ya, aku ora enggal bisa tilik.
Banjur angen-angenku klambrangan lelakon sing akhir-akhir. Anggone Mas Wid olehe teguh sikepe.
“Piye, rak wis suda ta?”
“Mau bengi mung krasa sedhela. Tur kaya wingi-wingi.”
“Dak ajab gek enggal mari ya. Lan muga-muga dina rebo wis bisa nunggoni bocah-bocah, dak ewang-ewangi.
“Pangestune mas.”
Dina minggu iku Mas Wid neggani nganti jam 12.00 awan, nalikane  jam besuk.
***
“Ora metuk.”
“Njur kondure?”
“Mengko isih ana opelet pungkasan.”
Kanggo dalan anggonku arep nyuwun pangapura dak aturi ngeterake tindak daleme Yumar. Daleme Yu Mar sepi, lagi tindakan sekaliyan mauludan.
“Pinarak dhisik yam mas.”
“Piye ya, wis wengi.”
“Ora kersa ta?”
“Heem.”
Oh, nelangsane atiku ora kininira ajur. Banjur, banjur tanpa diekon luhku brol-brolan. Mas Wid kendel, mung gagasanku keplantrang adoh. Mas Wid wis kersa lenggah.
“Ora susah nangis Dhek Atiek nangis. Aku ora ngrti apa sebabe, ning kabeh kudu ngono.”
“Aku kang luput mas.”
“Kabeh ora luput. Kahanan kang pancen ora kena diselaki. Kahanan kang luput.”
“Apa Mas Wid pirsa atine Dhek Atiek?”
“Aku weruh lan ngerti. Ning, aku nyoba emoh ngerti merga kaya sing wis dak kandhake kabeh kudu dumadine mangkono.”
“Mas Wid kersa paring pangapura. Marga ora ana kang nduweni kaluputan.”
“Ngono kae mas.” Tembunge pedot.
“Ora mas. Aku kang luput Mas Wid kudu paring pangapura.”
“Heem. Becil kabeh dak apura. Malah sadurunge Dhek Atik nyuwun pangapura.
“Maturnuwun mas.”
Lonceng wis muni ping sewelas. Yu mas durung kondur. Tetemon bengi iku sing banjur ngungkar kremi lawas. Tangkepe Mas Wid kang teduh kaya dhisik-dhisik. Ora krasa kerep ketemune karo Mas Wid, banjur dikanteni lunga bebarengan. Aku sadar yen saiki sikilku tumapak ana prau loro. Prau kang disarangi bapake bocah-bocah lan prau ing pesisire Mas Wid.
Wulan juni aku nyoba kirim layang Mas Wid, dak aturi ngeterake Jogja. Lan nalika iku bapake bocah-bocah lagi budhal Jakarta niliki Dhek Niek. Ya, layang wangsulan saka Mas Wid mau sing njalari kabeh sandiwara iki badar. Oh, bisaku mung meneng wae nalika bapak nglandrad jalaran ngrumangsani kaluputanku. Bengi iku bapak ibu dirawuhake. Entek dina-dina candane isih nindaki besuk selasa. Sadurunge kondur ngendika:
“Rebo aku ora dhines. Dak coba rene rada esuk, ngiras aku dhewe arep kontrole.”
“Rawuh rene ya mas!”
“Ning diaturake masmu ya, yen aku sesok mrene. Ora bisa ngancani bengi marga isih dilarang dokter. Ora kena angin wengi, jalaran enggal kambuhe.”
Oh, sing banjur marakake dhadhaku sesek dina iki ya mung marga piye mengko yen Mas Wid rawuh. Sore iki opelet wis methuk lan dokter wis marengake. Selasa sore iki aku kudu ninggalake rumah sakit lan eluhku bali brol-brolan. Ning arep apa maneh Yu Mar sekaliyan, bapak ibu wis methuk.
“Piye Mas Wid rebu esuk?”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar