Translate

Senin, 30 Juni 2014

Bedhu (Cerkak)


BEDHU
Dening Ariesta Widya

“Wong edan ora bias nggawa keputusan.” Tembunge sakkepenake. Sifat nekade yen duwe karep sing wis dak weruhi wiwit dhisik nalika isih kumpul sinau ana senirupa. Sawijining sifat nekad kang konyol.
“Wis kok piker dawa yen tundhone bakal korban-korban?”
“Sing kok karepake bocah-bocah?”
“Mesthi kabeh wis dirancang tharik-tharik, kaya yen awake arep nindakake borongan dekorasi utawa nggawe patung.”
“Kowe jan edan tenan, Sam. Njur bubar iku apa maneh sing arep kok tindakake?”
“Hemm....” tembunge pedhot ampang.
“Kowe arep terus ngedan?”
“Aku ora arep ngedan. Aku arep mengambil keputusan sing nomer loro!”
“Huh... kowe pancen wis dadi manungsa kepanjingan setan.”
       Dheweke meneng, semono uga aku melu meneng.  Sanadyan iku, prakarane dheweke aku mikir memet. Dhisik entuke karo bojone aku melu dadi wong sing melu andhil amrih Sam sida ngepek bocah Pakem iku. Ngantik anak-anak loro. Apa ing bab iki aku ora melu tanggung jawab moril?.
“Apa keputusanmu sing nomer loro?”
“Hebat. Kowe mesthi ngarani aku wong dhegleng utawa kenthir.”
Dheweke tak pandeng. Dak coba nggagapi ati lan pikirane. Nanging dheweke katon ayem banget.
Karo pandelenge nrabas menjaba sawise nyeceg rokoke dheweke kandha. “Aku nyidakake karo Partini Dlangu.”
“Ha, kowe nekad tenan Sam? Ohh, Sam kowe pancen edan tenan.”
Nalika dheweke tak pandeng tajem polatane tetep ora owah.
“Kowe arep adhep2an karo Poejadi, Sam?”
“Dak kira kuwi dudu sebab Partini wis ngemohi lan gelem nampa aku.”
“Nanging....”
“Ora ana nanging, Jon. Iki keputusan besar sing wong liya ora kena melu cawe-cawe.”
Sawijining sore nalika aku lagi nyrempeng karo adhiku ngrampungake pesenan relief grobag sapi lan Rahwana nggondhol Sinta, Partini teka. Dak sawang praupane katon butheg. Ora kaya adat saben yen metu saka omah, sing sarwa rapi lan mriyayeni. Mesthi ana apa-apa. Nanging anggonku nemoni kaya biyasane dak samba ngrampungake gaweyan. Iku padatanku marang wong sing dang anggep raket.
“Mas Sam, rene mas.” Aku wiwit nggarit marang wiramaning basane.
“Ana soal?”
Dheweke ngulungake kertas stensilan sak cuwil. Saiki kepeksa dak tanggapi kanthi serius. Cuwilan kertas dak tampani terus dakwaca. Unine cekak: Aku lunga. Mulihku sak senenge. Sam.
“Wingi padha gendra?”
“Iya”
Bareng tak takoni ngono Partini ndhungkluk nyawang tatal-tatal jati sumebar ana jogan.
“Baba pa?”
“Ngene.” Tembunge mbacut sawise lungguh ana kursi ukiran pesenane Yoso mitra guru SMP 2 sing during kober dak garap.
“Mas Sam, lagi nulis naskah. Biasa ora ana apa-apa. Mau kandha kon nyetelake radhio Australia. Arep ngrungoakake “Dunia Ilmu Pengetahuan”.”
“Ya njur wis disetelake?”
“Ya kuwi sing maraho dadi setan. Lha lali ta mas. Wong nalika iku kebeneran RKPD lagu-lagu ne apik-apik, saka ngarep kamar kae takon apa during jam. Pancen aku luput bareng dak tiliki jam siaran “Dunia Ilmu Pengetahuan” wis bubar. Ya kaya ngan kae biasane yen ora ketururtan karepe.”
“Dhik Partini ya nglayani?”
“Lha wong njur ngundhat-undhat barang sing wis. Saking mangkelku naskah lan gambar sing arep dikirim dak wenyet-wenyet. Ora ngira mas, lha kok radhio dicandhak karo karo muni radhio iki sing marahi, terus dibanting.”
“Mas Sam ora rene tenan. Yan gene ta dhik wong yaw is ngladeni. Wis ngerti karaktere dianti wae.” ngarih-ngarihku.
Sanadyan ing batin muni padha edane. Nulung-nulung wong sing padha manut drowolone dhewe. Wis seminggu nan dheweke ora ngantor. Lan kepala kantor iku wis appal karo lageyane anak buah siji iki. Kelakuwane sing nganeh-anehi. Apike yen ngedhongi diwenehi tombok sauger iku ana gegandhengan karo kariere. Jalaran saka iku Partini teka ngomahku nakokake Sam saben sore. Malah bojoku sing tibane umur luwih enom dak kon ngerih-ngerih atine. Jalaran aku yakin Sam ora bakal lunga nggeblas kaya dara ucul saka pagupon. Keyakinanku iku marga dheweke isih duwe sanggeman nggarap relief ana kantor dhaerah.
Wis rong sore iki Partini ora ngetok. Aku ngira Sam mesthi wis bali maneh.
Selagine aku ngeblak gambar ana dhuwur papan sing arep dak garap ana tritisan keprungu swara sikil. Nalika sautara dak enteni Sam wis ngedhangkrang ana kursi.
“Partini ora mrene?”
“Ora.” Wangsulanku. Lan pancen wis rong sore ora mrene.
“Ngapa?” Ganti aku sing takon.
“Minggat!” Wangsulane.
“Ora kowe sing minggat?” dheweke malah ngguyu nyekakak.
“Kowe ngerti mesthine?”
“Aku ora kober melu mikir butuhe wong liya.”
“Dheweke mesthi mangkel. Radhione dak banting.”
Aku mung meneng jalaran crita iku wis luwih dhisik tak ngerteni.
“Ngapa ndadak kok banting?”
“Wis bosen nduwe radhio sak gelombang.”
Kepinginku misuh ora wis-wis ndeleng kelakuwane Sam sing nganeh-anehi wiwit dhisik. Buntelan sing wiwit mau dithangkrongake ana dhuwur meja dibukak. Aku mung nyawang.
“Saiki aku tuku radio telung gelombang.”
Radhio iku terus diputer. Bisaku mung ngelus dhadha.
“Iku during tilik ngomah?”
“Ngomah kuncen. Digembok.”
“Lha selawase iki lunga menyang ngendi?”
“Kowe ngerti aku lunga menyang ngendi?”
Mangkelku ora entek-entek. Ditakoni during mangsuli wis balik takon.
“Kowe mesthi gumun yen aku kandha lunga menyang Pakem.”
Sepisan maneh aku kepeksa ndlongop krungu tembunge.
“Lunga menyang Pakem?”
“Iya, kowe gumun?”
Aku tetep njenger ndeleng tingkahe wong siji iki. Banjur isih dibacutake tembung sing luwih nganyelake.
“Jon, Jon, tegesan ki yen tegesan gudhang garam rak tetep enak.
Teruse lunga member nggoleki ibune Dina sing wiwit mau utheg ana pawon. Lan mesthine ora krungu caturanku karo Sam.

Salam kanggo Bambang Harjono dan S. Jos sekota.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar