DUDU IMPEN
Dening Ariesta
Widya
Sedina wingi anggone narik songkro
ora mikolehi. Kanca sing wis suwe nyambut gawe bebarengan katon ayem. Pancen
iku watake wiwit dhisik. Sanadyan kahanane mbokmanawa padha wae nanging inta
laire katon luwih sigrak.
Nalika songkro diendhegake cedhak
panggonane metu tembunge:
“Piye yen dina iki butuhmu dak enggo
dhisik, Mir?” sing diajak kepenak nggoni nanggapi.
“Perlu banget pa, Kang?” bareng
pitakon iku metu saka Kasmir bisa nggraita yen sejatine uga mbutuhake. Lelagean
sing wis banget diapali samangsa isih mbutuhake dhewe.
“Lho yen pancen Kang Komar perlu,
aku dak njupuk sacukupe. Trima dienggo butuh mbokne Tinah.”
“Kowe ora butuh tenan to, Mir?”
“Ya butuh. Ning katone kowe kang
sijak aka kebutuhan sing banget.”
“Akh, yaiku ta Mir. Mbakyumu ki rak
wingi thenger-thenger. Wong wedok.”
“Ngapa?”
“Yen dipikir ya lucu. Kuwi ta larene
mau bengi ngimpi. Ing kanane bapake ki nganggo sandhangan putih-putih. Lha kok
ndadak ditegesi jarene nemu kasusahan. Mula arep nyektekake yen tenan apa ora.”
Sing dicritane trima ngguyu mlengen.
Jeneng mung impen kandhane wong-wong . impen kembange turu. Ora ana gunane.
Nanging kanyatan wong-wong sabangsane isih pecaya. Malah nalika jamane
wong-wong padha edan buntut impen malah padha digoleki tekan ngendi-ngendi.
Kepara direwangi turu tengah jaritan.
“Piye ys, Mir. Saumpama ora susah
lunga desa?”
“Ya kono ta, Kang. Jeneng wong yen
wis pecaya. Utawa maneh ana rembug liya. Mung marga saking kepingine niliki
desa banjur gawe-gawe entuk impen.
“Gek-gek ya ngono.”
“Ning ana becike ta kang, tilik desa.
Wong nyatane ya sewu ra tilik.”
Sakarone padha meneng. Meneng
engenut angen-angene dhewe. Sing siji ngenut angen-angene marga butuh iku
nyowot butuhe liyan. Iki ateges gawe repote liyan. Suwalike yen ora mengkono
karepe bojone ora kelakon. Kabeh ewuh.
“Kowe eklas tenan, Mir?”
“Rasah kakean piker kang.”
“Wisk on budhal. Ben atine lega.”
Kancane ngadu urip ana tengah kutha
adol kekuwatane otot iku diterake ilang ana ayang-ayangane gedhong jenggereng.
Mlebu panggonane atine ngambang.
Selawase iki manggon ana gubug sing dumunung ing pinggir kali tengah kutha.
Bubar iku nalika kutha iku ana pembersihan saka Kotamadya sidane melu
kebongkar. Uripe dipecaki sarana nunut kancane ing pinggiran kutha. Nanging
nasib iku tetep ngoyak uripe. Marga nalika perusahaan perumahan murah nggawe
omah kredhitan, tanah iku katut mlebu. Wiwit iku uripw sansaya kedlarung. Urip
mecaki dalan sing saiki krasa sansaya adoh saka wewayangan nalika semana.
Ninggal desa. Banjur urip ana kutha. Kebak pangangen-angen. Nanging saiki nyatane
pancen sabar kabeh. Ana kalane yen ngedhongi bojone kagol banjur diumpah.
Nyatane pancen mengkono mula trima meneng.
“Ngene pakne” sore iki bojone miwiti
omong kalamangsane anake loro wis turu.
“Aku ora bisa nglakoni.”
Sing lanang njenger krungu tembunge sing
wadon. Pancen nganune dina iki bojone sing ora nyambi adol rai ngubengi
kampong. Anane mung ngumpet ana njero gubug iku. Beteke urip emoh laya
wong-wong liyane.
“Kowe kudu mikir bocah-bocah, Pakne”
omonge nduwis metu runtut kaya etugas KB sesorah ana desa.
“Kowe kudu mikir, Pakne. Yen
bocah-bocah wis wiwit kudu sekolah. Awake dhewe wis bodho. Apa anake dhewe ya
kudu isih marisi bodho mau? Ya ben awake dhewe dadi kere. Nanging kudu
thenguk-thenguk nunggu tekamu.”
“Lha kowe ya ra gelem melu kaya
wong-wong liayane?”
“Okh, Kang. Aku trima emoh yen
nglakoni kaya wong-wong kae. Aku urip kaya ngene iki wis dak ampet. Isih kon
nglakoni urip njaluk-njaluk? Ngemis.”
“Tinimbang urip ki mung kaya ngene.
Aku dak ngalah bali desa.”
“Bali desa. Karepmu?”
“Ya mulih terus, ora bali. Tinimbang
kowe setengah mati nyambut gawe. Lha mengko yen entuk rejeki akeh ya dikirimke
wae.”
“Okh, dak kira sing kok omongke
wingi kae mung arep tilik. La tibake ngono?”
“Piye ta Pakne. Yen urip ana kene
mung ngene wae rak becik saupama aku ana desa melu buruh-buruh matun. Apa
liyane. Kowe ana kene yaw is tetep nyamut gawe. Dadik aku ora nganggur kaya
saiki. Aku mung rak bocah-bocah kudu beda?”
Bali sing lanang njenger ngrungokake
tembung-tembunge sing wedok. Pancen selawase iki ora nate mikir marang nasibe
anake. Kajaba saben dina ing angen-angene kepenclokan gagasan golek dhuwit
sarana ngadu otote. Wiwit srengenge mlethek ngantine srengenge angslup.
“Yen pancen kowe tegel Kang, marang
nasibe bocah-bocah ya kalah. Nanging aku gelem uripe kaya saiki mung tekan
sesuk. Sesuk esuk aku budhal. Syukur
kowe yen bisa nyangoni. Yen ora trima butuhe dina sesuk dak jaluk dak enggo
sangu.
“Kowe wis mantep tenan, Nem?”
“Apa sing kudu diwedeni, Kang.
Selagine urip ana kutha iki maribasane mung ngenteni tekaning pati. Ora ana
liya maneh. Mangan, turu kanthi ati kebak sanggan sing selawase mengkene
terus.”
“Kowe ya sing duwe gubug iki?”
Swara iku mlebu kupinge. Banjur
awake wis dicandhak ditarik diunggahake truk Kotamadya. Ora bisa suwala maneh
kajaba manut. Luhe dleweran dadakan ngrawuhi gubuge diganthol petugas kotamadya
kanthi sakepenake. Lan ing ndhuwur truk akeh wong sabangsane.
“Tujune mung aku. Upama saanak
bojone? Sida ora karu-karuan. Nanging lelakon iku ora tean semono. Jalaran ora
ana rembug liya esuke diangkatake numpak kapal. Nyabrang segara. Ora ana wektu
kanggo crita marang bojone. Okh mendah.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar