RANTAS
Dening Ariesta Widya
Pikirane
ngambang kaya keluk rokoke sing diakep. Wis kopang kaping bojone ngelokake
anggone ngrokok wangsulane malah nganyelake ati. Wusanane sing wadon wegah
muni. Wongkote pancen wis katon wiwit pacaran dhisik. Malah nalikane dikon
sabar ngenteni meh-meh wae bubaran. Rekane mono kepengin sekolah sithik maneh
kenoa kanggo tambah kawruh anggone dadi pegawe. Apamaneh ngelingi
sedulur-sedulure perlu bantuwane, yen mung mligi njagakake sak sumber krasa
abot.
Wingi
nalika mulih saka omah dokter. Wong loro numpak becak nrabas udan tumuju
terminal. Kekarone amem sing keprungu mung swarane banyu nyemplok rodha becak
kaya notok dhadhane. Tembunge dokter ahli sing wis tuwa iku pancen kaya nyigar
jantunge. Anehe sing katon luwih nratab malah sing wadon.
“Panjenengan
sampun mangertos gerahipun keng raka jeng?”
“Dereng,
Dokter.”
“Upami
mangertos kados pundi?”
“Punapa
untungi[un manawi kula boten mangertos lan mangertos?”
Dokter
tuwa iku mesem. Esem sing angel batangane.
“Nuwun
sewu. Ingkang kula kajengaken punika amargi kula kuwatos menggahing
panjenengan. Langkung-langkung keng raka.”
Sing
wadon nyoba mesem. Sanadayan esem iku mung samudana.
“Kanggenipun
kula langkung prayogi manawi mangertos. Tegesipun manawi kaconggah inggih dipun
usadani. Dene manawi boten.” tembunge ora dibacutake. Lan dokter malah dadi
pakewuh anggone arep mblakani. Jalaran lagi iki nemoni pasien sing sajak ora
ana rasa was-was mungguhing lelara sing disandhang.
“Panjenengan
kedah enggal mlebet griya sakit. Opname!”
“Mangke
rumiyin, Dok!” tembunge mronggol.
“Pak
dokter rak dereng ngendikani menggahing sakit kula.”
“Dokter
iku mesem, marga pancen sejatine ora arep aweh wangsulan kareben yen mengko wis
mlebu rumah sakit wae dokter sing ngrumat sing mblakake.
“Ouw
... ouw ... inggih, inggih. Ngantos kula kesupen.”
Saking
ora srantane dheweke ndhisiki mbadhe:
“Kula
kenging tumor, eh, punap kanker dokter?”
Dokter
iku mung manthuk. Sing wadon katon kaget kawistara praupane dadakn pucet.
“Inggih,
inggih dokter?” tembunge ngyakinake. Nanging dokter iku malah nyandhak amplop.
Isine layang pengiring kanggo rumah sakit sing bakal dituju.
“Mugi-mugi
enggal pikantuk pitulungan mirunggan.”
“kedah
dipun operasi dokter?” sing wadon nimbrung.
“Inggih.
Boten wonten margi sanes.”
Omah
dokter ditinggal. Tumiba ning udan wis dudu alangan. Gek enggal tekan ngomah.
Gek enggal mikir priye becikke. Marga iki ora trima..., lunga ngono wae. Kabeh
ana gandhenge karo pegaweyan. Sing ateges ana gandheng cenenge karo dhuwit lan
bayaran. Kepriye mengko panemune kepalane. Sanadyan saka kantor pancen ana
aturan mungguhing pegawene kang lara. Nanging saliyane kuwi?. Bojone, anakke.
Kabeh butuh pikirane.
Tekan
terminal bis awakke krasa lemes. Parandene prentahe dokter supaya mlebu rumah
sakit lagi sawise telung dina dilakoni. Akeh tetimbangan liya sing njalari
opname kasep.
Nalika
nemoni sing tinanggenah ngurusi dikandhani yen kamar-kamr wis kebak. Arep
kepriye maneh sanadyan kama riku kamar darurat kepeksane mlebu. Niyate kepleng
ing kene bakal ngilangi panandhange. Banjur kamar sing dituduhake dileboni
dikanthi bojone. Kamar jujugan, tempat tidure nem. Ing pojokkan mepet jendhela
gedhe ana tempat tidur kosong. Kiwa tengene wis ana sing ngenggoni.wong ing
sisihe isih katon nom tinimbang umur-umurane. Sawise tetpungan wong iku kandha
arep operasi marga kencing batu. Manut asile ronsen watune wis watara sak isi
salak.
“Lerese
mawon kula mpun niyat operasi. Ning sareng kula taken dokter yen mpuna dipendet
njing-njing nggih tesih saged enten malih, kula trima mopo. Ajeng medal mawon
pados dhukun Jawi.”
“Panci
inggih. Mboten wonten ginane manawi saged enten malih. Ngendikane dokter ginjel
kula niku mboten saged kerja napa dos pundi.”
Iku
wiwitane dheweke ngerti penyakite sebelahe. Dene sebelahe maneh wong tuwa wis
kari balung kulit. Critan kanca nunggal kamar lara sing kari ngenteni esuk sore
wae. Wengi sepisnan krasa sepine. Mung swara pangangkluh sing mlebu prungene.
Rasa-rasane bosen ana kamar iki. Mangka manut katrangan durung ana kamar
mirunggan sing kosong tangeh isih suwe.
Dheweke
wis meling bojone ora susah niliki terus. Cukup telung dina sepiasan wae.
Anakke sing cilik dhewe lagi umur nem sasi.
Meh
nyandhak seminggu lagi dipriksa temenan. Wingi-wingi lagi getihe wae. Dina iki
bali di Rontgen kanthi premati. Nanging durung ana tandha-tandha. Banjur nalika
bojone niliki sing ping telune ana katrangan saka dokter.
“Kudu
opersai Tien?!!”
“Rak
ya ana kene wae?”
“Akh
... embuh. Ngewuhake. Critane sesuk arep dijupuk sithik dhisik. Dene bacutane
ndeleng kahanane maneh. Utawa kepara kudu metu saka kene operasi nyang
Jakarta.”
Sing
wadon mlenggong. Ing panggraita mesthi penyakite sing lanang dudu sabaene.
Sanadyan nalika semana dokter kae wis ngadhakake nanging pikire ora tekan
semono.
“Mendah
ongkose nag Jakarta, Pak.”
“Iya.
Aku ora ngerti. Aku ora bisa mikir maneh.”
Dadakan
luhe sing wadon nrojos metu. Kaya ing wewayangan katon ana memedi.
“Pak
.... “
“Huh!”
“Bocah-bocah?”
“Aku
wos ora bisa nyawang bocah-bocah kaya saiki. Kowe ngerti paru-paruku tengen wis
kecandhak. Lan, wis dibuwang separengan.”
“Pak!”
sing wadon nyuwara ngeget.
“Dadi
... dadi ....?”
“Iya.
Ora susah kaget.”
Dadakan
luhe smbrol. Nanging ngguguk ing pundhakke. Kaya dhek isih jaman pacaran nalika
wong tuwane nglegani entuk kawin. Nanging saiki suwalike. Kaya dene arep
pepisahan selawase.
“Lan
sing luwih kudu dipikir yaiku dokter kandha ....”
“Kandha
priye? Priye?” omongane ditabrak.
“Kandha
yen uripku mung kira-kira kari setaunan. Malah kepar luwih cedhak maneh.”
Saiki
tangise wis ora bisa dempet maneh. Nangingngger, tangga sebelah mlengak ngungak
saka jendhela. Lan sedhela maneh anakke teka. Kabel leledhotan. Sing cilik
dhewe sing umur setaun ngrangkul gulune. Ora krasa luhe melu dleweran. Anakke
sing gedhe dicandhak dirangkul nganggo tangan kiwa sing nomer loro tangan
tengen. Swasana banget nujem atine. Dietung-etung lagi tentrem durung suwe.
Surung suwe anggone ngenggoni omah saka kringete dhewe, sanadyan durung
krebung. Banjur gegawangan mbakyune sing ora ana. Nalikane iku uga lagi kaya
dheweke ngene. Lagi arep kepenak. Ndadak kudu operasi sing wusanane ora
ketulungan. Larane ya kaya lelara sing disandhang.
“Banjur
kepriye, Pak?”
“Aku
ora ngerti. Mung sajroning sesasi iki kudu bali rumah sakit umum.”
“Iya.
Iki mung cara kanggo dedawa umur. Kejaba yen Gusti ngersakake waras. Manungsa
kaya-kaya wis ora kaconggah maneh.”
“Akh
....!!”
Anggone
saben dina namba wis lumaku seminggi. Ewadene rasane awakke sansaya lungkrah.
Banjur nalika mampir omahe sedulure sing wadon marga ora kuwat nahan ndrodhoge
awak sabubare disuntik, ipene kandha.
“Awakmu
ora kuwat dhik yen saben dina kudu mangkono. Kejaa awak lara ketambahan kesel.
Rak ora ana gunane tetamba. Yen gelem becik ana kene. Kamar ngarep iku rak
lega, perlune nyang RS cedhak.”
Tembung-tembunge
ipene dipikir. Sidane esuke bubar saka RS manggon ana kono. Kaya wingi-wingi
bojone niliki patang dina sepisan. Ngepasi yen arep suntik awakke ora kuwat
nglawat.
“Isih
ngrokok ta, Pak?”
Nalika
iku ana omah dhewekan. Wis suwe anggone arep ngrokok diampet. Rekane kanggo
tamba pengin.
“Siji.
Nggo tamba pengin.”
“Piye
bisane waras yen aturan dokter tansah dilanggar.”
“Wis
ta umurku ki kari pira. Mbok aku tak nikmati urip iki.”
“akh
... kudune mikir. Ya bener dokter kandha ngono. Sapa ngerti nyenyuwun banjur
bisa mari. Nanging aturan dokter bola-bali diterak kepriye dadine? Sing
peparing mesthine ora rena.”
Sing
dikandhani isih tetep nyerot rokoke.
“Akh
... rak prasasat nganyut tuwuh alon-alon ta pak. Bunuh dHiri mbaka sithik.”
Dheweke
isih tetep nglenthep rokoke kebal-kebul kepara anggone nyerot dijerokake sajak
nikmat. Ning sepira kagete sing wadon bareng keprungu swara.
“Adhuuuhhh
.... !!”
Banjur
sing lanang kegeblak ana kursi awakke anyep. Ambegane abot. Sakal bojone
bingung, ora ngerti apa sing bakal ditindakake. Bocah cilik ngadeg ana ngisor
wit pelem diundang. Dikongkon marani tukang becak. Batine arep menyang RSU. Ing
kana bakal njaluk tulung pegawe sing kampung, amrih cepet entuk pitulungan.
(Purnaning
Oktober 1981)
Tamat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar