PANGGATHA
Dening Ariesta Widya
Apa wis kok pikir tenan, ta Ri?
Pitakone nak ndulure nalika dheweke nggelar panemune bab anggone arep
ninggalake desa kelairan. Kanthi keyakinan tandhes kandha.
Oh, terang wis kang. Atiku wis mantep.
Aku arep nempuh urip anyar. Urip sing nyatane. Aku emoh urip sing mung
ngene-ngene terus.
“Apa
kowe wis yakin yen urip sing lagi kok gantha iku bakal ngundhuh woh?”
“Akh,
kang kakean piker. Kaya dene urip sing diawaki awake iki. Apa nate ngerti
sadurunge?”
“Yaw
is, yen pancen kowe mantep. Jeneng aku iki sedulur tuwa. Sanadyan mung
akon-akon.”
“Ora
kok kang. Aku wis yakin.”
Iku
nalika dheweke nduweni keputusan arep ngrubah tata rakite panguripan. Urip sing
ana desa kang padha wae. Ora ana kembang-kembange. Esuk tangi, mangkat tegal
utawa sawah. Iku wae sipate mung buruh-buruh. Jalaran lemah warisan sing mung
kena kanggo duwen-duwen ora nyakup kanggo uripe. Ngelingi maneh anake telu wis
ngancik gedhe, banjur paling-paling uripe masrahake tenagane buruh-buruh.
Sakecandhake. Ya buruh mikulake papan juragane Zarkoni. Utawa mikulake arenge
juragane Tamsir. Kepete mikulake blanjane Mak Nyai Kamsur sing bubar munggah
kaji sangsaya sugihe wong-wong kandha jarene mulih saka munggah kaji ngingu
jims aka Mekah. Mangka pancen ngoyak kabutuhan urip pancen ditlateni kanthi
memet.
Sore-sore
nalika anake tanggane ngeterake urak jaga (kaya adate nglakoni ngalih turu ana
jagan lan entuk opah) kandha:
“Lik
Juhari mengko dikon nyang nggone, pake.”
“Apa
ana gaweyan ta, No?”
“Ra
ngerti lik.”
“Ra
kandha liya meneh?”
“Mung
iku kok lik.”
Urak
ditampa terus dicanthelake ana jagak sing diiras kanggo nggantungake klambi.
Saiki pikirane mubeng. Lumrahe angger wis masrahake urak. Lan duwit jagan ora
nate ana urusan liyane. Nanging saiki ndadak ana welingan liya. Mesthine
wigati.
Mau
sadurunge mangkat menyang jagan sing cedhak gedhung SD Inpres sing during
nganti setengah tauh wis padha rotog gendhenge mampir omahe. Tekan ngarepane
omahe Saman sing dhisik mung mbatur saiki dadi wong sing kajen. Omah gebyog
saka jati. Dicet modhel desa nganggo warna-warna kang nampeg pandulu.
“Kene
mlebu wae. Nang njaba ra kober diseblak. Tur pitike jan ra kena ditinggal.”
Tanpa
diwangsuli terus mlebu. Pancen wiwit dhisik wis kulina mara. Nanging iku marga
saka karepe lan butuhe. Balik saiki.
Ndadak diweksake sajak ana bab kang
wigati.
“Enten
napa ta, Wa? Kok sajak perlu nungkaske napa?” Wong sing diparani kanthi ulat
padhang durung mangsuli selak kesusul wedang kopi kebul-kebul sanadyan panase
awan iku ngentup gundhul.
“Akh,
ra perl-perluan barang. Pa ra kena yen kala” kala omong-omong. Kaya karo sapa
wae. Kowe karo aku ki sanadyan dudu sedulur ning pangrengkuhku ora wong liya.
Dheweke isih kekuh ngrungokake tembung-tembunge ding ditekani.
“Lerese
enten perlu napa ta, Wa? Kula nganti tab-taban.”
“Ra
sah tab-taban ta, Ri. Aku ki rak krungu saka kakanganmu. Jarene kowe arep bara
nyang Semarang, ki bener apa?”
“Nggih,
nggih lere. Dos pundi tiyang ten dhusun nggih mung kados ngeten mawon. Gesang
nggantungake teng bau. Tur boten kenging dijagakake.”
“Njur
kowe arep bara iku?”
“Ha,
nggih. Wong turene teng Semawis uger tesih rosa mawon arta gampil dipadosi.”
“Heem.
Ya jeneng pancen urip. Ana ngendi wae angger gelem kemlawe ya kemlamet. Ngono
kae. Ning njur anak bojomu apa ya terus arep kok gawa?”
Pitakon
iku gawe pikirane gragapan. Jalaran wiwit dhisik pancen durung pinikir. Gedhene
kepriye megkone anggone arep mangan saben dinane. Mula kaya dielingake dening
wong sing diparani dina iku.
“Nggih
niku sing dereng kula pikir.”
“Akh,
sak jane rak gampang. Angger temen-temen kowe nyang Semarang golek pangan
tenan. Aku utawa makmamu rak ya bisa ngeguhake. Tegese ya njupuk butuh ka kene.
Lagi pendhak-pendhak tilik mrene kowe nyaur,”
Sakala
atine dadi padhang njingglang bareng krungu dalan kang binuka. Kaya kena daya
setrum listrik dheweke manut eguh pratikele wong tuwa sing dadi dhug-dhenge
desa iku.
“Yen
pancen Pakwa purun mbantu kula lan semah kula, semah kula kula sing nuwun
sanget. Tiyang kados kula niki sinten sing ajeng nulungi yen boten kados
panjenengan.”
“Akh,
jeneng wong urip, Ri. Endi sing ana rak bisa dienggo luwih dhisik.”
“Ngotena
kathah tiyang sing gadhah ning kalih tiyang kados sakula niki tibane mung
ngremehake. Napa meih tetulung omong mawon paribasane wegah.”
“Wis,
wis, Ri. Kuwi ana kemilan disambi.”
Rembug
sing metu saka lesanne won sing sakawit pikir wong menehi dalan saiki malah
kepara mbupeti dalan. Kaya nalikane bubar teka saka Semarang nanging ora bisa
menehi sembul.
“Kutha
piye, Ri? Rak ya apik-apik lan gampang golek rejeki?” nanging tembung iku kaya
dene seblak pring tumiba gegere.
“Oo,
ya bojomu rak kandha ta?”
“Nggih
mpun, Wa. Anggene mendhet betah king ngriki?” wangsulane balik takon. Sajak ora
ngerti.
“Haa,
yo ngono.”
“Nggih
niku ta , Wa. Anggene kula mriki niki nggih ajeng kandha.
“Kandha
bab apa?”
“Anggen
kula nyauri niku.”
Tembunge
lirih alon. Padune ora wani mandeng sing dijak guneman.
“Ngono
wae kok pikir mumet ta, Ri. Pa aku ki ya tega nagih yen pancen kowe rung duwe.”
Dina
iku atine lega marga nyatane wong tuwa iku bener ora nagih. Sanadyan ing
dhadhane kebak pitakon bandha apa sing bakal dienggo nglunasi. Nyatane pancen
ana kutha ora kaya sing digantha sakawit. Urip sing mentereng. Banjur mulihe
arep pamer karo wong-wong desane yen saiki wis ora guprat blethok maneh. Wis
bisa omong bab kutha. Bab televisi sing ing desane dietung nganggo driji ora
luwih ska driji tangan.
Mulane
sing ping pindho kaya nalika mulihe sing dhisik. Anak bojone sing nunggu kanthi
keyakinan tibane ngendhon bisa nyawang pangarep kothong. Banjur kaya nalika
semana lunga menyang omahe wong tuwane sing selawase iki nguripi. Manut
kandhane. Mung nyatane tembung iku lumah kaya tembunge wong kang sumedya
pamrih.
“Aku
mono ra kabotan Ri yen bojomu njupuk kebutuhan saka kene. Ning aku ki rak
mesakne kowe. Apa suwe-suwe kowe ora malah sedhih nggagas. Wong kowe nyang
kutha durung gumathok.”
“Lajeng
dos pundi krenane Si-wa nggih?”
“Aku
arep kandha engko gek aku ki diarani kaya Cina.”
“Nggih
boten. Tiyang pancen niku kajeng kula mawon.”
“Ya
wis yen ngono. Piye ta Ri tinimbang kowe kakehan pikiran yen sawah Jeblongan
kae dienggo ganti?”
Pikirane
minger dadakan. Jalaran sawah telung kothak iku sing durung tutas ana ijone
Tasrip lurah dhongkol. Wektune isih nunggu telung usuman.
“Lha
tesih nggene Wak Tasrip tigang usuman kok.”
Nanging
wong tuwa iku ora kabotan.
“Ra
pa-pa, Ri. Ning yaiku kowe kudu ngerti yen bojomu anggone njupuk butuh wis keliwat
akeh. Lan mesthine yen mung diganti usuman aku ra bisa. Lha piye aku isih kudu
nunggu telung usuman maneh. Mangka kowe mesthine isih durung tetep anggonmu
golek rejeki ana kutha.”
“Mpun
griku Wa angger anak bojo sami saged nedhi.”
“Tenan
Ri, aku ora meksa. Yen kowe pancen duwe rejeki kanggo nyauri utangmu kabeh,
sawah iku ra susah nyang nggonku.”
Mulihe
atine semplah. Nanging ora wani kandha karo bojone marga mengko bakal nampa
panutuh. Jalaran dhisik bojone wis nate kandha ora susah lunga kutha. Luwih
becik lunga Sumatra.
Desa
iku wis tininggal lawas. Kahanan desa meh lali. Urip ana kutha wis dipecaki.
Nanging ora kaya lumrahe wong-wong sing urip tumata. Kaya dina iki kepeksa
mlayu-mlayu marga gubug panggonane diresiki kota madya marga dina iki arep ana
tamu saka Jakarta lan tamu saka luar negeri.
Semarang, Pebruari 1977
Tidak ada komentar:
Posting Komentar