Translate

Tampilkan postingan dengan label Cerkak (Cerita Cekak). Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerkak (Cerita Cekak). Tampilkan semua postingan

Selasa, 08 Juli 2014

Garis Pepesthen (Cerkak)



GARIS PEPESTHEN
Anggitane Ariesta Widya
Saupama kabeh ora ana alangan mesthine bengi iki ora bakal nginep ana kuta sing katon tedhuh. Wiwit budhal esuk mau nalika ngliwati Cepu pikiran maknyut kelingan Hurry. Mlebu Blora mesthine wektu ngene iki, dina Minggu Poer Adi Prawoto isih tumiba ing impen sanadyan wis jam 06.00man. Semono uga nalika colt nrabas Kuta Bojonegoro kelingan Ya­yuk Sri Setya Rahayu sing dadi guru. Mengkonoa aku yakin yen wayah ngene Yayuk wis jumang­kah alon-alon ngematake hawa esuk sing cumle­kit ana kulit. Gatel kepenak. Tekan Nganjuk aku ngeling-eling sapa sing ana ing kuta iki. Akh... ora ketemu, nanging nalika mlebu Tulungagung atine kepingin kandha karo Mas Tamsir.
“Mas, nuwun sewu. Naskah panjenengan “Mencari Telur Cinde Laras” kae wis ora ana tanganku. Kaya janjiku ndhisik kae yen ana kan­ca dokter sing jarene nduweni kontak cedhak karo penguwasa kanggo ngetokake buku-buku Inpress. Panjenengan pirsa aku mesti kepencut. Lan nyatane aku gampang kepencut tumrap ba­rang-barang mengkono iku. Tenan, nganti saiki dokter iku uga ora nate ketemu. Ora ngerti ana ngendi. Isih dadi penduduk Kuta Semarang apa ora, aku ora ngerti.”
Udakara jam setengah telu awan. Seten­gah jam maneh mesthine bakal mlebu candhake kaya sing dikandhakake adhikku. Kutha Ngunut. Dina iki pancen nglegakake teka sakeluarga, tegese aku, masku lan adhikku. Sanadyan mung padha ijenan, kejaba masku sing sekaliyan. Pasar Ngunut isih katon rame. Banjur dak coba takon wong sing ana pinggir dalan ana ngendhi dununge pasar kewan. Kebenaran banget pasar iku ad­hep-adhepan karo kantor polisi kaya sing digam­barake adhikku. Saiki colt nlusur gang kampung. Gang Kamituwo V. Wektu iku kabeh wis sem­plah marga kampung iku pancen ora ana tandha-tandha wong duwe gawe. O... ya dina iku manut layange adhikku resmi ijab. Bocah-bocah cilik ngetut lakune colt. Sopir tuwa sing wis nganggo kaca tinggal iku pancen dak akoni sabar banget.
 “Kendel rumiyin, Pak.”
Pak sopir ngerem motore. Aku mudhun marani wong wadon sing mung nganggo kotang ana emperan.
“Nuwun sewu, badhe taken dalemipun Pak Jadi jagal punika pundi?”
Wong wadon iku ora enggal mangsuli. Sa­jake isih durung trawaca marang pitakonku.
“Pak Jadi ingkang kagungan damel, man­tu.”
“Oh... Margi punika bablas. Gang ingkan kaping kalih menggok nengen.”
Sawise matur nuwun, colt nlacak dalan kampung iku alon. Wong sacolt tanpa dikoman­do ngetung gang. Tekan gang nomer loro kanthi trampil mengok. Tibake mlebu plataran sing ngi­ras dalan. Lakune wis ngancik seket meter lan wis kepentog dalan buntu. Nanging omah sing tandha-tandha duwe gawe ora ana. Sidane ke­peksa takon maneh.
“Le, kowe ngerti daleme Mbah Jadi ja­gal?”
Bocah-bocah sing wiwit mau ngetutake ana mburi colt bebarengan kandha kaya swarane koor greja. Saking kepenginku ngerti bocah cilik sing mung kaosan tanpa kathokan dak candhak tangane.
“Kowe ngerti, Le?”
“Nika wau. Mpun kliwatan.”
“Endi?”
“Nika sing griyane dhuwur enten wite blimbing.”
Sidane colt mundur. Kajaba aku trima mlaku alon-alon ngawasake omah sing dikand­hakake bocah cilik mau. Tekan omah mau katon sepi banget. Kepara pancen ora ana tandha-tandha yen omah mau iki arep duwe gawe utawa mentas duwe gawe. Kabeh wis mudhun. Lan wong pitu iki sing ngerti calone adhikku mung bapak ibu. Kenale balika riyaya rong taun kepungkur. Mula kabeh ngenteni ana plataran. Mbok mena­wa ana wong katon. Omah iku tetep katon sepi banget. Dumadakan ana bocah wadon metu saka butulan pawon. Agahan ibu marani.
“Nak punapa punika dalemipun nak Sula­mi?”
“Inggih, Bu. Ibu saking pundi?”
“Kula tiyang sepuhipun Taryono.”
Durung nganti mangsuli keselak ana bocah wadon mlayoni ibu terus nyungkemi. Kabeh lega, dina iki wis tekan panggonan kang dituju. Lan sadhela maneh wis gupuh ribut. Taryono sing katon kaya mentas lara uga eng­gal nemoni. Ruang tengah omah model kuna sing pagere tembok iku dadakan regeng. Lan priyayi sing dadi jujugan katone mentas kekeselen. Sanadyan kene wis ribut swarane ngebaki omah nanging isih katon kepenak sare ana dipan ced­hak kursi tamu.
Kabeh isih mandeng kahanan omah iku. Pancen dina iki agawe pikir werna-werna. Geneya Taryono sing digegadhang ibu bakal nuduhake kaluwihane dina iki wis pethuk. Wiwit cilik yen omong edialis banget. Saiki meja cilik tengah ruangan iku komplit. Sing minangka sesepuh ya iku Pak Jadi lan Bu Jadi. Banjur sedhela nalika sing sepuh-sepuh padha ngendikan ana njeo aku kabeh metu. Kalebu Taryono.
“Lho, anggonmu matur ibu piye?”
Masku wiwit mbuka gunem, antep swarane. Pancen iku watake. Omong mung saperlu.
“Ya, matur yen Jumat malem Setu.”
“Dadi yen ngono gawene wis bar?”
Dheweke ndingkluk kucem.
“Kowe kebangeten kok Tar. Ora njunjung drajating wong tuwa.”
Adhikku wadon nimbrung. Dheweke gam­pang mangkelan samangsa ana kedadeyan sing sajake ora nyenengake ati. Apamaneh bab mau dianggep ngremehake sedulur.
“Kudune kowe mikir. Aku kabeh iki kok anggep apa? Apa kaya ngono iku bakal nuwuhake kamulyan, yen bisa ngampungi gawe dhewe. Ngo­no-ngono yen tuntas. Kanyatan iki kabeh dadi kagelan.”
Adhikku wadon sing dadi guru iki pancen luwih akeh maneh yen aweh komentar. Wiwit mudhun saka colt mau kabeh wis nggantha ati. Esuk mau, kedhungsangan budhal kanthi pan­garep-arep yen dina iki bisa melu ngrasakake kabegjane sadulur. Saiki mas bali takon maneh.
“Mengko dhisik. Lha banjur manut cara barang apa ya kok tindakake?”
“Lha wis piye, mbahe kene ngendika ora perlu. Sing penting angger wis sah.”
“Oh... oh... kebangeten. Kowe rak wis tuwa. Mosok wong omong ngono banjur kok tam­pa lawaran wae. Kaneh mau rak beteke kepengin nggagapi atimu. Kowe kudu tanggap ing semu.”
Ruang ngarep sing kupeng bali amem na­lika ana bocah ngeterake kopi metu dibarengi panganan. Nanging kabeh ing pikirane kebak ge­gambaran sing mesthine ora padha. Mung sing genah tumuju lelakon dina iki. Masku mbacutake omong.
“Aku ora nglarang!? Sedulur-sedulurmu ngrasa gembira sueger kabeh mau manut we­waton. Nanging kowe ngerti rasane ati dina iki. Kuciwa, kuciwa banget!! Kowe kudune bisa nge­mong rasame atimu sedulur. Gedhene panggalihe bapak ibu.”
Kahanan sejatine wis panas. Upama ana omah mbokmenawa meja iki wis digebrag ban­ter.
“Coba pikiren?! Mbahe kene ngerti yen sing teka ini sedulur-sedulurmu. Apa kirane ora bakal mengalih. E, tibake sedulur-sedulure kok ya ora padha nggape.”
Wiwit mau aku pancen wis wegah omong. Wiwit dhisik mula atiku cepet banget krasanan samngsa ana barang-barang sing ora beres. Iki dudu gugon tuhon. Nanging muhung: pangrasa sing kebeneran sok bisa nyenggol thelenging rasa. Saiki wis bubaran. Kabeh bali kumpul ana ing ruang tengah. Marga kudu ngrahapi dhahar awan. Sejatine weteng iki wis wareg isi kemang­kelan. Mula kanthi jangkah alon ruang njaba dit­inggal.
Ruang tengah sanadyan ing dhadha kebak mangkel ewadene isi bisa sinaput kahanan. Sing kagungan dalem katon gupuh anggone nawakake amrih ngrahapi. Nanging gandheng ati kuwur ngelih ndadekake kandheg. Kabeh wis bubaran. Katonne sing kagungan dalem kalegan banget. Lan kabeh isih kumpul. Sawise resik bapak ngan­dika.
“Kula sakulawarga matur nuwun. Dene dinten punika sampun purna sae. Tegesipun anak kula sampun tinampi ing tengahipun keluwarga mriki.”
Kabeh amem. Kabeh ngendhem rasa. Dina iki bapak besemangat banget. Selagine aku dhisik ora kersa ngendika apa-apa. Sing kagun­gan dalem isih durung kersa ngendika, bapak ngendika maneh.
“Sanadyan ing raos radi kagelan. Amarg ing pangangkah bilih dinten punika saged neng­gahi ijab. Nyatanipun sampun kepancal.”
Dadkan sing kagungan dalem nyaut.
“Ngaten. Keparengan kula nyelani atur. Kala semanten kula sampun nanting nak mas punika” karo nyawang adhikku.
“apa wis matur sakabehe. Criyosipun sam­pun. Malah ngantos bab dhawahing dinten. Kula temtu kemawon boten wonten raos sumelang” Bapak sajak meneng.
“Pancen kula ingkang lepat ing atasipun gadhah anak jaler boten saged nuntasi damel. Kepara malah damel susahing sanes. Kula ing­kang kedah ngilo dhateng githok kula” swasana dadi katrem. Pancen selawase iki bapak durung nate ndhodhog lawang nakokake. Jalaran dikir isih ngendeni mangsa. Dhisik bocah iki dolan ndesa nanging isih katon durung ana tandha apa-apa. Malah matur bapak bab anggone arep omah-omah ya durung. Saiki dadakan kepengin diresmekake.
“Nuwun, nuwun sewu lepat.” Sing kagun­gan dalem denti mrongsol. Dak pikir-pikir kaya diskusi ilmiyah ing fakultas. Aku mung ayem. Paling-paling mengko banjur kandheg.
“Boten kok kula nggagahi. Kepengin pados wah. Nanging punika dhapur nak mas punika mo­thah. Kalih minggu kepengker mriki bilih sampun nyuwun cuti. Malah kangge sawetawis wekdal kartu pendhudhuk saking Malang pindah mriki. Kula dados tiyang sepuh. Ngaten.”
Swara alon mandheg. Masku saiki melu udhu. “Mangke rumiyin. Kula matur amargi yek­tosipun kita sedaya punika” karo nyawang aku kabeh.
“Dereng mangertos larah-larahipun. In­gkang kula kanjengaken sinten sajatosipun ing­kang nurunaken sinten wau?”
“Prayogi kula pronggol. Mbakyu kula puni­ka nggadhah anak jaler inggih punika bapakipun gendhuk Lami punika. Sanesipun boten kula cri­yosaken. Kala semanten nyambut damel wonten kantor setenan. Nanging gandheng kawontenan akhiripun medal. Okh, dipun wedalaken. Nalika semanten sampun gadhah anak kalih inggih puni­ka pun Lami lan adhikipun ingkang wonten Ja­karta nderek pernah paklikipun.”
Kabeh ngrungokaka kanthi trawaca. Kepingin ngerti bacute. Swara kandheg sedhela marga ing njaba ana tamu nrambul nanging ora terus melu lenggahan.
“Kula lajengaken. Dereng ngantos gend­huk ageng ibunipun tinimbalan Gusti. Lare kalih kula pupu. Lajeng bapakipun sesemahan malih ngantos sapunika gadhah anak enenm mang­gen wonten Tulungaggung. Kala wau dalu inggih dhateng.”
Adhikku melu urun, “Lha kok saged pinang­gih kaliyan Taryono kados pundi?”
Saiki swasana dadi bening, kepara dadi guyon.
Mbakyuku ipe nambahi “Oom bageyane lho, digawe crita ya”. Aku mung mesem. Wong barang kaya ngono wae. Dak akoni aku seneng nggawe cathetan mirungan.
“Kala semanten gendhuk wonten Malang dherek paklikipun ingkang wonten Kodim. Kale­resan paklikipun ugi tepang kaliyan nak mas punika. Kok lajeng dangu-dangu sajakipun mam­bet ati. Lha kula nama tiyang sepuh, punapa ma­lih gendhuk langkung caket kaliyan kula tinim­bang bapakipun. Punapa kula lajeng badhe kumbi, mesakaken. Sanadyan ing manah kula ngakeni kirang prayogi menggahing bebrayan. Mila ing kalodhangan punika sepisan malih kula ngaturak­en gunging kalepatan.”
“Keng putra piyambak?”
“Oh, kula piyambak ngantos wekdal puni­ka dereng pinaringan momongan. Inggih punika ingkang njalari kula anggadhahi greget kepengin damel leganing lare kalih punika.”
Bapak manthuk-manthuk. Kalegan mes­thine. Saiki wong saomah wis ngerti apa sebabe nganti ana kadadeyan kaya mengkono. Bareng dak pikir-pikir ya kelakuane adhiku dhewe. Wi­wit mau ibu ora kersa ngendika apa-apa/ jam gandhul sing tumemplek ing saka omah kuna iku nuduhake jam 15.40. Rencana dini iki arep mulih kira-kira jam 16.00. persis jam 16.00 keputusan bakal mulih. Jalaran petung yen bisa lancar tekan ngomah jam 12.00 bengi. Sanadya ing pangaka­han bakal nginep dalan. Ngelingi sopir iki kelebu tuwa tur glagate ora kuwat terus-terusan.
“Jam papat mulih” ngono ngendikane masku.
“Ibu kepingin nginep ana kene” adiku mronggol. Kabeh ora ana sing mangsuli nanging masku katon ora seneng.
“Aku nerti. Marga kagelan pra nunggoni. Mesthine kepingin omong-omongan karo putrane lanang sing hebat” tembunge metu. Kabeh nger­ti yen tembung iku mengku rasa jengkel. Adhiku ageliran matur ibu yen sore iki kudu mulih. Jam lima kudu ninggalake panggonan iki. Dadkan ibu ngrawuhi karo muwun. Ewasemana keputusan iki wis kepleng.
“Sing arep nginep kena. Sesuk colt mba­lik mrene. Nanging aku emoh gawe repot ping pindhone marga nginep tumrap sing kagungan dalem iki.” Pasuryane katon mbrabak. Nanging bebasan dina iki pancen wis nggatha rasa.
“Sing kagungan dalem apa ora bakal gela?”
“Nanging sing kagungan dalem apa nate mikir sepira gelane nalika aku teka kabeh wis bubaran? Yen ngelingi wong liya kabeh ora bakal bisa cepet rampung.” Sidane jam lima theng colt ndleser lungan. Sanadyan sing kagungan dalem anggone ngarih-ngarih mbateg. Ana njero colt ora ana sabawa. Kejaba awak kesel uga lelakon dina iki dianggep nujem ati.
Jam wolu bengi colt mlebu Kutha Ngan­juk. Rumah makan sing mau awan diampiri saiki diampiri maneh. Banjur bengi iki niyate pancen neginep ana kutha iki. Nginep ing panginepan sing katon sigreng. Naning nyatane ora. Sanady­an awakku kesel aku ora bisa turu. Ribut sing ngebaki kamar ngarepku keletan sumur pompan. Nalika aku nyoba namatake ngarep kamar iku wis ana pasangan. Gayeng. Sengaja aku kepin­gin ngerti bacute. Nyatane swara iku ilang. Lan kamr iku terus tutupan. Esuke aku takon pak kebo sing mompakake.
“Niku wau manten anyar, Pak? Dheweke ngguyu.
“Manten anyar? Ouw, nggih, nggih.” Aga­han aku nyandhak karo karepe wong mau. Lan nalika aku arep budhalan isih bisa kepethuk karo bocah wadon sing lunguhan mau bengi.
“Ngantos dalu, Dhik?”
“Inggih, badhe kondur sapunika? Kok ke­sesa.”
Batinku, kon ngancani? Oh, anak bojo wis nyegoh rong dina ditinggal.
Tamat

Sectio Ceasaria (Cerkak)



SECTIO CEASARIA
Anggitane Ariesta Widya

Wis pirang-pirang jenengan mlebu kup­inge sawise cenger bayi keprungu. Lan pengine jenenge diundang bidan iku, banjur dikandhani anake lanang apa wadon tansah ngebaki dhadhane. Kepengin dina iku dadi jejering bapa sawise setaun kepungkur nampa sakramen ijab ana kathedral saka pastur. Djaja­panitra. Banjur wong-wong sing lungguh ana ru­ang tunggu disawang siji-siji. Kemeren kang tu­wuh samangsa ngawruhi bidan iku mbopong bayi selagine bapake mara kanthi rasa kabungahan. Kemeren sing nganggu atine wiwit mau esuk jam 3.30 fajar. Ibune sing nglairake ana donya iku uga krasa kebak wsa sumelang. Pikirane muyeng. Abot-abot ngluwihi nalika ngadepi meja ujian nggayuh ijasah sarjanane.
“Piye, Ries?”
Ibune takon kebak gagasan.
“Isih durung ana kepastian.”
Wangsulane ngambang kaya abluke rokok sing diakep kanggo ngilangake fantasine ala.
“ Kowe becike golek sarapan, saora-orane golek kopi”
“Wegah”
“Kowe bias masuk angin”
Ukara pungkasan iki ora diwangsuli sanadyan batine mbenerake. Nanging dheweke ngyakini yen panganan utawa banyu iku ora bakal kolu. Kejaba reamason sing diselisih saka wong Pekalongan sing bojone ngadheg “diluar kand­hungan” sayah banget. Mangkono uga kanca sing lungguh cedhak nunggal bangku. Ngakune nyam­but gawe dadi guru ana SMP Jepara lulusan saka ASRI Jogya: Bambang Harjono.
“Iki anakku sing nomer loro, Mas”. Dheweke isih meneng. Tembung iku uga ora mlebu pikirane.
“Lelakon pitung tahun kepungkur sing dak alami nalika nglahirake anakku mbarep Dina”.
Bambang crita pengalaman nunggu bojone nglahirake kanthi dalan dudu sabaene. Kepriye angele golek getih kanggo transfusi. Susahe yen laborat pemindhahan darah ora ana persediaan. Banjur muyeng-muyeng golek donator pinggir dalan utawa bocah-bocah enom sing mbutuhake duwit sarana ngedol getihe. Saiki kanca sing bisa aweh gegambaran lelakon kepriye angele wis ora ana. Wis ngetutake pindah ruang X khusus ruang intensif. Lan kanggone dhewe ruang intensif iku ora ngerti karepe. Sanadyan tegese secara mor­phologies ngerti.
Selagine pikirane nglambrang bidan sing gedhe dhuwur katon galak iku ngundang jenenge. Sawijining rasa gumelang ngebaki lelamunane.
“Sedherek ingkang ngateraken nyonya Dyah?”
“Inggih”
“Ngasta serat hasil ronsen saking pa­vilyun Johanes lapor anipun dokter Abubakar kangge dokter Sutoto?”
Dheweke agehan mbalik nyedhak bangku mbukaki tas golek laying saka dokter Abubakar. Pikire bingleng nalika nyata ora ana. Lan bidan galak iku katon ora sebenere.
“Kados pundi?”
Wangsualan iku ora dijawab saking kod­henge pikiran. Eling-eling bareng kelingan yen laying iku ana njero buku. H.I. sing lebokake ana saka mburi. Amplop coklat saka pavilyun Jo­hanes diulungake.
“Tengga rumiyin”
Bidan iku wis nggeblas mlebu kamar tung­gu bojone. Bali pikirane temlawung adoh. Kelin­gan critane Bambang sing nglairake ping pindho nganggo toh nyawa. Kelingan hasil pemeriksaane dokter Sutoto sing pungkasan. Awake iku sung­sang.
“Okh, mengkene abote arep diundang bapak saka daging getihe dhewek.”
Bali bangku dawa iku dilungguhi. Nalika bocah adol Koran nawakake kaya ora sadar dhu­wit receh susuk becak mau esuk diulungake. Ru­ang minggu Budaya sing saben-saben dijlemeti dhisik pendhak dina Rebo wis ora narik maneh. Kebah cabar. Dhisik wis dienam pikirane. Yen lanang arep dijenengake: Jan Ferdinandus jen­enge baptis. Dimariesta jeneng gabungan Dyah Maringin bojone lan jenenge dhewe Ariesta. Yen wadon arep dijeningake Catharina Dimasani. Sawijining jeneng ratu Rusia sing kondhang suci uripe lan adil tumindake.
Kabeh mau saiki wis ilang. Wis ora kepikir apa kuwi anak lanang apa kuwi anak wadon. Sing penting kahanan kaya saiki iki enggala liwat. Sanadyan piker pengangene notol anake wadon tumiba mbarep. Disawang mlebu kamare dokter sing ngrawat. Nanging iba gelane nalika dokter iku mlaku liwat ngarepe sajak ora maelu. Atine sangsaya kelara-lara.
Dadakan pikirane dadi goreh kalamang­sane bidan iku nyawang terus ngener pangg­onane lungguh. Ketege jantung sangsaya santer.
“Panjenengan ingkang nengga nyonya Dyah?”
“Inggih”
“Panjenengan kula aturi pados rah”
“Rah, suster?”
“Inggih”
“Punapa semah kula bioodding, suster?”
“Boten”
“Lajang?”
“Panjenengan boten perlu kuwados”
“Ngantena, suster”
“Panjenengan ingkang tenang. Panjenen­gan rak pitados dating dokter?”
Sakala dheweke meneng. Bali rasa kuwat­ire ilang. Nanging nalika bidan iku ngulungake lembar laying perjanjian getihe dadakan santer.
“Serat punika dipun waos. Lajeng dipun tapak astani.”
“Okh, persetujuan operasi semah kula badhe dipun operasi suster?”
“Inggih, mila panjenengan kula aturi pa­dos pasediyaan rah. Samangsa dipun perlukake.”
“Operasi ageng, okh, operasi berat pu­napa ringan.”
Bidan iku katon bingung anggone arep aweh wangsulan marang wong lanang sing diad­hepi.
“Kados pundi, suster? Kula kepengin nger­tos lan nyuwun keterangan.”
“Pokokipun keng putra anak mahal.”
“Okh”
Bidan iku gegahcangan lunga nanging isih dioyak.
“Suster, suster”
“Wonten kersa punapa malih?”
“Padosipun rah wonten pundi, suster?”
“Oo, inggih. Kula aturi tidak bagian pep­indhahan darah caket poliklinik. Yen wonten mriku, boten wonten pados wonten PMI Jalan Mgr. Sugiyopranoto.”
Doorloop rumah sakit iku dipecahi. Nang­ing rasane saiki abot jumangkah kaya-kaya ke­bandhulan watu. Botol cilik sing mau ditampa saka bidan diiling-ilingi. Golongan B gethihe bojone saliage getihe dhewek golongan O, yen kepeksane getihe gedhe ditukarake. Marga di­eting-etung dhuwit celengan diirit-irit. Mangka jarene Bambang anggone mbayar getih ana: PMI, nganti patang ewu rupiah. Yen ora arep nemoni kancane guru sing melu dadi pengasuh Palang Merah Remaja mesthine bisa ngeguhake.
Tekan meja bagiyan Pemindhahan Darah laying lan botol didokokake:
“Mbetahake sapunika?”
“Inggih”
Pertugas iku mlebu kamar tutupan. Lan saka jero keprungu yen getih sing diperlukake bojone lagi kentekan.
“Darah golongan B, saweg ketelasan”
“Mangke selak badhe kangge”
“Kula mangertos. Panjenengan miring pi­yambak saking bagian laborat”
Pikirane dadi pikiran ala. Yen ngelingi ja­man saiki akeh makelar ing sadhengah pangg­onan. Apa kelakon bab kamanungsan kaya saiki iki ndadak ana ing ruang iki?
“Sampun nganten. Pinten reginipun kula sanggup mbayar”
“Nyuwun pangapunten, pak. Punika boten ing bab regi. Nanging panic boten wonten”
Udan januari sing wis tumentes wiwit mau esuk sangsaya deres. Wong-wong sing arep bezoek nunggu lawang dibukak sangsaya uyel-uy­elan. Dheweke njenger semendhe cagak. Penguin ngenteni ngantine ana donator teka. Tritisan iku tansah telas ketampon. Wetenge krasa mules kagawa durung kelebon apa-apa uga kadhemen. Pikirane tambah mumet. Sing wadon perlu ban­get cepet. Mangka kahanane kaya mangkene. Tangane rogoh-rogoh sak pengen udud. Sing ketemu mung tesbeh. Agehan tangane nggawe tandha-pamenthangan. Nanging anggone nguca­pake sembahyangan Kanjeng Rama lan Sembah Bekti ora bisa genep.
“Sedherek ingkang nengga rah kangge nyonya Dyah?”
“Inggih”
Petugas ruang pemindhah darah iku diap­ndheng. Lan praupan iku nate mencolok ing pan­gangene.
“Lho, pak Aries ta?”
“Okh, kowe Murniwati”
“Inggih. Ngersakake kangge sinten?”
“Ibumu, eh”
“Kok boten ngedika wau-wau. Ibu nyonya Dyah?”
“Iya”
“Panci taksih wonten pasediyan nanging pesenanipun kanca. Mbak Lasmi”
“Bener. Pancen aku njaluk tulung Mbak Lasmi sing dinas ana ruang 2A”
“Mangga tengga sawetawis”
Murniwati bekas muride nalika isih dadi guru mlebu. Saiki atine binger. Dheweke ngra­sa aman. Nalika botol getih golongan B kanggo bojone ditampa gegancangan nraba wong-wong ngarep porter.
“Badhe bezoek”
Pitakone penjaga lawang.
“Boten”
“Tandanipun?”
Tanpa diwangsuli mung botol getih sing ditunduhake. Saumpama kahanan lumrah pisu­hane wis metu ngenggon. Bali door-loop iku di­pecaki pengine gekenggala tekan ruang tunggu. Tekan ruang tunggu lawang tugelan iku wis di­tutup. Saking notoling atine lawang tugelan iku diterak. Sakala ati geter nalika gledeg pasien iku metu saka kamare bojone. Lakune gegancan­gan pengin omong sakecap marang bojone.
“Suster, suster”
Bidan sing nggledheg iku mandheg. Nang­ing ngledheg iku diterusake bidan liyane.
“Suster, suster, punika rah ingkang dipun kersakake”
Tanpa nyauri bidan iku nampa botol nu­tuti bojone digledheg mlebu ruang oprasi. Tekan ngarep lawang tugelan nyoba pengin ngerti dok­ter sapa sing ngoprasi bojone. O, doktere loro. Dokter Hamiddun lan dokter: Bambang. Dicoba lungguh nanging ora betah. Kepengine cedhaki ruang operasi lakune nrabas tamanan lan blum­bang sing ana rencane wong mancing lan naga mlungkur. Banyu tuk metu saka cangkem naga. Doorloop iku isih tetep rame sanadyan wek­tune wis meh jam siji awan. Bali tasbeh sing mau digagapi ana ruang pamindhahan darah saiki diterusake. Ewadene tetep sembayangan iku ora bisa nandhes atine kaya nalika semabyang ros­saria ana greja Randusari utawa ana greja At­modirono.
Nalika kupinge kelebon cengenge bayi lakune dijengkahake bali mlebu ruang tung­gu. Kepengen ngerteni apa bener iku swarane anakke. Banjur dicoba takon wong-wong sing isih ngelntuk lungguh ngumbar angen-angene. Kabeh ora ana sing bisa aweh wangsulan. Yen jenenge diundang. Niyata pengen bali nyedhaki ruang op­eraasi ngarep lawang. Petungane mesthi digawa menyang ruang intensif sabubare operasi kaya sing diceritakake Bambang.
Nyandhak setengah loro bojone tenan digawa menyang ruang intensif. Atine isih ketar­ketir. Rong bab sing durung entuk wangsulan. Anggone ngetutake nganti ngarep lawang bubar iku lawang wis ditutup maneh. Anggone lungguh ana bangku doorloop ngarep kamar mahasiswa kedokteran. Undip sing padha praktekum nganti jam lima sore. Bubar dicoba niliki sanadyan mung liwat jendhela kaca. Kalamangsane bidan-bidan iku kelimpe. Disawang bojone isih merem. Katon pucet banget. Alat-alat transpusi lan pipa-pipa putih ngadeg ana sisih tempat tidure bojone. Nalika bali menjaba ditakokake yen iku penam­bahanglugose lan HCL. Kabeh iku ora ngerti apa gunane.
Kabeh iku wis mungkur sewelas dina ke­pungkur. Bojone wis pindhah ana ruang. Wis biasa lungguh. Wis biasa lunga kamar mandi dhewe. Lan pangarepe anake mbarep wadon sida kelakon. Kabungahan saperangan wis cumondhok ana atine. Loro-lorone bisa kekukup. Mung kari siji saiki sing nggubet pikirane pira ongkose sing kudu diwetokake, selagine dhuwit sing ana omah mung ana seketan. Iki wae ateges kanggo man­gane lan kebutuhane obat-obatan. Mau takon pasien sing ana sandhinge sing mung limang dina kathik ora nganggo operasi wae meh nyandhak telung puluh.
Gek pira kudu dhuwit sing disediyakake. Sedhenge dhuwit sing diarep-arep saka sawijin­ing Dewan Kesenian sing ngangkat jenenge dadi pemenang pertama mengarang wulan Agustus 1975 ngantine saiki dhuwit hadiah ora dikirim. Mung dijanjeni.
Dina iku nalika pamitan kepala bidan ru­ang sepuluh Bu Giyarti diterake muse sing nyam­but gawe ana rumah sakit kandha:
“Kedah ngatos-atos pak. Sampun cepet-cepet kagungan putra. Paling cepet tigang ta­hun.”
“Inggih, Bu”
“Sadaya sampun dipun beresaken dhik Kamdi”
“Sampun”
Kamar kepala bidan ditinggal. Lakune nglayang entheng. Sanadyan dina bisa mulih.
“Piye, mas kwitansine”
“Ora susah diurus dhisik. Wis pokoke padha waras dhisik.”
Dhuwit sing isih torah dienggo nyarter bemo tekan omah kontrakan nrabas udan Janu­ari dipenthuk ibune sing lagi nandhahi bocoran gendheng.
(atur panuwunku marang dokter, bidan, perawat lan karyawan rumah sakit Dr. Karyadi sing wis nglahirake anakku mbarep wadon: Cath­arina Dimasani).