VETERAN
Anggitane Ariesta Widya
Anggitane Ariesta Widya
Lagu penutup
pemancar, wis ilang. Terus kontak-kontak aliran tak pateni dhewe. Kaya adat
saben yen siaran ijenan. Tak sawang saka kaca ruang tengah mendhunge ireng
abot. Sedhela maneh mesthine udan. Lagi lawang-lawang arep dak kunceni
kaprungu swara sepatu munggah trap-trapan sing mlebu studio. Sidane lawang ora
dak tutup. Malah bali mlebu ruang operator. Ngiras ngenteni sapa sing teka aku
ngecek iklan-iklan sing dienggo siaran mengko bengi.
Petugas mengko bengi Mas Panji. Niatku iki
marga adhakane mensthi telat. Nalikane swara mandheg ana kaca ngarep operator.
Bnjur esem sing saben-saben nimbus atiku. Pancen dak akoni durung ana tembung
sing nate dak rungu pratandha ning simpati gedhene ngrembug sawijining
sesambungan antarane wong lanang lan wadon dewasa. Mangka kanca-kanca ing
kantor swarane wis mesthekake. Aku karo masa Joko sing kebeneran nunggal kntor
lan nduweni hoy ana pamancar.
“Wis munhun dhik Tatiek”
“Iya”
“Kok isih utheg?”
“Iklan”
“Sregep”
Wangsulan cekak.
“Ora selak kondur ta dhik Tatiek?”
“Ana kersa?”
“Iya”
“Penting?”
“Srius kok dhik Tatiek”
Saka atiku trataban. Aku lan mas Jojok padha
dene lagi dadi lakon. Dadi wong bingung-bingungku wiwit kahananku karo mas
Bambang ora karu-karuan. Lan mas Jojok aku ora ngerti uga lagi bingung karo
prombleme mbak Mari, ya wiwit iku antarane aku karo mas Joko kerep bebarengan
sing mengku teges jero.
Kadengaren sore iki dik Panji teka gasik, mas
Joko metu. Terus mudun ana aula ngisor sing biasane dianggap latihan badminton.
Lampu neon ing aula mung murub sing ana ngarep
panggung. Dak sawang saka trap-trapan mas Jojok lungguh marga katon geni rokok.
Aku ngerti yen mas Jojok pengen aku teka pratandha rek-e disumet maneh.
Nalikane aku nyedhaki mas Jojok sing lungguh ana kursi pring cendhani pasuryane
katon nggambarake sesanggan.
“Lenggah dhisik dhik Tatiek”
Durung nganti aku lungguh wis disambung
ngendikane maneh:
“Ora kesesa kondur ta”
“Ana kersa ta Mas?”
Sawise aku lungguh mas Jojok durung kersa
ngendika.
Saiki dak rungu pemancar wis munggah. Mesthine
lagi testing manasake memancar. Marga dak deleng jam durung jam: 18.55. Akh
lagu iku; lagune Brury Personalia: cinta takan padam. Ujug-ujug mas Jojok
ngendika: “Dhik Tatiek isih eling lagu iku?”
Sejatine aku mesem. Nanging mesthine mas Jojok
ora pirsa. Aku isih elingan nalikane pamancar iki durung pindhah ana jalan
Veteran: 67. Ya sore ngene. Sasore iku mas Jojok ngancani aku. Kadingaren
batinku. Yen sepisan iku mas Jojok ngeterake tekan asmara. Lan wiwit iku
pendhak-pendhak aku siaran sore mesthi ditunggoni lan ya diaterake mulih.
Sabanjure kepara saben malam minggu rawuh asrama. Luwih-luwih sikape sing
sangsaya dak rasa rumakete.
Sing ngyakinake maneh lan nggumunake yaiku
nganti ngerti dina jarugku. Sore iku rawuh ngersakake tindakan lan ngndika yen
iki mirunggan kanggo mahargya dina lahirku. Wis jelas mesthine. Bnjur ing
sawijining sore nalika pemancar testing, pamancare Undip: Jatayu nglagokake
lagune Brury mas Jojok ngaras bathukku. Bisaku mung meneng wae. Wiwit iku ing
antara ning aku karo mas Jojok intim. Iku sing nggawe atiku lali karo
persoalanku karo mas Bambang. Lan dak rungu uga persoalane mas Jojok karo mbak
Mari wis adem. Lelakon iku wis lumaku karo tengah taun tekane wulan Desember’74.
Ya tekan wulan Desember minggu iki, wengi iki
sing dak adhepi bebarengan mas Jojok.
Nalika pandangane mas Jojok ora dak wangsuli,
banjur ndangu maneh;
“Dhik T.ti isih kelingan lagu iku?”
Nalika lagu iku entek, disambung lagune Koes
Plus Hatiku Beku.
“Isih mas.”
“Angel?”
“Aku ora bisa matur”
“Kaya awake dhewe iki ta?”
“Bisa uga”
“Lho kok bisa uga. Iku tegese ora ngakoni karo
kanyataan.
“Pancen mas awakku dhewe urip ing antarane
kanyatan lan ora”
Lan kabeh iki ora bisa dijarake tanpa tujuwan
kudu ana tujuan yen arep mbacut. Kudu mandheg yen ora ngerti tujuwane”.
“Banjur kersane?”
“Kabeh kudu didhadhagi awake dhewe.”
“Dhik Tatiek tahu mikir utawa ngalmun piye
dadine kabeh iki?”Ngendikane mantap. Aku bingung anggonku arep nyaosi
wangsulan. Jer kanyatan ing batinku selawase iki ya mengkono kahanane.
“Dak kira kaya sing peninenengan galih mas”
Wangsulanku diplomatis.
“Hem, pancen sakawit aku pengen dalan iki ana
akhire sing nyenengake”
Ning kepeksa aku nempuh dalan iki. Aku kepengin
urip kanthi kayatan.
“Saelingku, Tatiek…” ngendikane mandheg rada
suwe
“Ing wulan Agustus, aku kudu ngeleg kanyatan. Sakawi
dalan iki arep dak rebut sauga aku bisa urip kanthi kanyatan Okh, aku manungsa
sing kudu nganggo akalku.”
Dak rungu mas Jojok unjal ambegan. Katone seseg
banget. Aku dhewe gela ngapa ndadak ngetokake tembung iku. Gela. Gela banget.
“Dik Tatiek”
Ngendikane mas Jojok.
“Ya marga kaya sing diucapke dik Tatiek mau aku
pengen kandha saiki.”
“Nuwun sewu lho mas. Yen iki ndadekake geraning
penggalih”
“Ora. Ora dik Tatiek. Tiwas kebeberan yen dik
Tatiek ya nglenggana kenyatan iki.”
Saiki mas Jojok ngasta rokok meneh Diakep suwe
lan dawa banget.
“awake dhewe wis mlaku adoh. Ning menyang
ngendi parane ora ngerti.
Bali ngendikane mandheg maneh rada sauntara
banjur.
“aku mulih ninggalake Pandanaran 107 marga aku
ketumbuk karo kenyatan.
“Mas Bambang teka, ta?” pitakone kaya ana
sidhang pengadilan.
“Iki sing dak arani aku kudu urip kanthi
kenyatan. Mula dina iki aku nyuwun pamit. Muga aku bisa nemoni urip kanyatan.
Dak ajap dik Tatiek uga”
“Banjur mas Jojok?”
Swaraku mandheg ing nggorokan selak kesusu
banget pancen nalika iku mas Bambang teka ana studio ngrembug sesambunganku.
Ning aku uga durung aweh kepasthian, lan kabar sing paling akhir dak tampa saka
ashiku yen mas Bambang wis melu BUTSI ana Maluku.
“Dhik Tatiek pangapurane sing gedhe lan wulan
Desember iki aku arep nempuh dalan kenyatan”
Dumadakan mas Jojok menyat terus ngaras
bathukku. Tanpa kaya ora sadhar aku ngrangkul mas Jojok. Banjur krasa kaya sing
sepisanan astane ngelus rambutku.
“Piye dhik Tatiek”
“Wis mas aku ora susah di penggalih”
Wong loro menyat ninggal aula gedhung Veteran
bablas mudhun dalan prapatan ngarep Taman Pahlawan Giri Tunggal. Saiki becak
sing dak tumpaki bablas ngener asramaku. Mas Jojok isih nganthi tekan asrama
lan isih kersa arep kondur ngendika:
“Dhik Tatiek isih kuat nunggoni aku nampa
sakramen ana greja?”
Bisaku mung manthuk kaya kena daya magnet.
Dina iki tanggal: 11 April 1975, aku isih eling
yen sesuk tanggal: 12 April 1935: dina wiyosane mas Jojok. Bubar kantoran aku
bablas lunga Johar tuku kartu. Tanpa tembung apa-apa trus dak lebokake kantor
pos. sesuk dina Minggu, dina Senin wis ketampa. Piye mengko penggalihe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar