Translate

Selasa, 08 Juli 2014

Garis Pepesthen (Cerkak)



GARIS PEPESTHEN
Anggitane Ariesta Widya
Saupama kabeh ora ana alangan mesthine bengi iki ora bakal nginep ana kuta sing katon tedhuh. Wiwit budhal esuk mau nalika ngliwati Cepu pikiran maknyut kelingan Hurry. Mlebu Blora mesthine wektu ngene iki, dina Minggu Poer Adi Prawoto isih tumiba ing impen sanadyan wis jam 06.00man. Semono uga nalika colt nrabas Kuta Bojonegoro kelingan Ya­yuk Sri Setya Rahayu sing dadi guru. Mengkonoa aku yakin yen wayah ngene Yayuk wis jumang­kah alon-alon ngematake hawa esuk sing cumle­kit ana kulit. Gatel kepenak. Tekan Nganjuk aku ngeling-eling sapa sing ana ing kuta iki. Akh... ora ketemu, nanging nalika mlebu Tulungagung atine kepingin kandha karo Mas Tamsir.
“Mas, nuwun sewu. Naskah panjenengan “Mencari Telur Cinde Laras” kae wis ora ana tanganku. Kaya janjiku ndhisik kae yen ana kan­ca dokter sing jarene nduweni kontak cedhak karo penguwasa kanggo ngetokake buku-buku Inpress. Panjenengan pirsa aku mesti kepencut. Lan nyatane aku gampang kepencut tumrap ba­rang-barang mengkono iku. Tenan, nganti saiki dokter iku uga ora nate ketemu. Ora ngerti ana ngendi. Isih dadi penduduk Kuta Semarang apa ora, aku ora ngerti.”
Udakara jam setengah telu awan. Seten­gah jam maneh mesthine bakal mlebu candhake kaya sing dikandhakake adhikku. Kutha Ngunut. Dina iki pancen nglegakake teka sakeluarga, tegese aku, masku lan adhikku. Sanadyan mung padha ijenan, kejaba masku sing sekaliyan. Pasar Ngunut isih katon rame. Banjur dak coba takon wong sing ana pinggir dalan ana ngendhi dununge pasar kewan. Kebenaran banget pasar iku ad­hep-adhepan karo kantor polisi kaya sing digam­barake adhikku. Saiki colt nlusur gang kampung. Gang Kamituwo V. Wektu iku kabeh wis sem­plah marga kampung iku pancen ora ana tandha-tandha wong duwe gawe. O... ya dina iku manut layange adhikku resmi ijab. Bocah-bocah cilik ngetut lakune colt. Sopir tuwa sing wis nganggo kaca tinggal iku pancen dak akoni sabar banget.
 “Kendel rumiyin, Pak.”
Pak sopir ngerem motore. Aku mudhun marani wong wadon sing mung nganggo kotang ana emperan.
“Nuwun sewu, badhe taken dalemipun Pak Jadi jagal punika pundi?”
Wong wadon iku ora enggal mangsuli. Sa­jake isih durung trawaca marang pitakonku.
“Pak Jadi ingkang kagungan damel, man­tu.”
“Oh... Margi punika bablas. Gang ingkan kaping kalih menggok nengen.”
Sawise matur nuwun, colt nlacak dalan kampung iku alon. Wong sacolt tanpa dikoman­do ngetung gang. Tekan gang nomer loro kanthi trampil mengok. Tibake mlebu plataran sing ngi­ras dalan. Lakune wis ngancik seket meter lan wis kepentog dalan buntu. Nanging omah sing tandha-tandha duwe gawe ora ana. Sidane ke­peksa takon maneh.
“Le, kowe ngerti daleme Mbah Jadi ja­gal?”
Bocah-bocah sing wiwit mau ngetutake ana mburi colt bebarengan kandha kaya swarane koor greja. Saking kepenginku ngerti bocah cilik sing mung kaosan tanpa kathokan dak candhak tangane.
“Kowe ngerti, Le?”
“Nika wau. Mpun kliwatan.”
“Endi?”
“Nika sing griyane dhuwur enten wite blimbing.”
Sidane colt mundur. Kajaba aku trima mlaku alon-alon ngawasake omah sing dikand­hakake bocah cilik mau. Tekan omah mau katon sepi banget. Kepara pancen ora ana tandha-tandha yen omah mau iki arep duwe gawe utawa mentas duwe gawe. Kabeh wis mudhun. Lan wong pitu iki sing ngerti calone adhikku mung bapak ibu. Kenale balika riyaya rong taun kepungkur. Mula kabeh ngenteni ana plataran. Mbok mena­wa ana wong katon. Omah iku tetep katon sepi banget. Dumadakan ana bocah wadon metu saka butulan pawon. Agahan ibu marani.
“Nak punapa punika dalemipun nak Sula­mi?”
“Inggih, Bu. Ibu saking pundi?”
“Kula tiyang sepuhipun Taryono.”
Durung nganti mangsuli keselak ana bocah wadon mlayoni ibu terus nyungkemi. Kabeh lega, dina iki wis tekan panggonan kang dituju. Lan sadhela maneh wis gupuh ribut. Taryono sing katon kaya mentas lara uga eng­gal nemoni. Ruang tengah omah model kuna sing pagere tembok iku dadakan regeng. Lan priyayi sing dadi jujugan katone mentas kekeselen. Sanadyan kene wis ribut swarane ngebaki omah nanging isih katon kepenak sare ana dipan ced­hak kursi tamu.
Kabeh isih mandeng kahanan omah iku. Pancen dina iki agawe pikir werna-werna. Geneya Taryono sing digegadhang ibu bakal nuduhake kaluwihane dina iki wis pethuk. Wiwit cilik yen omong edialis banget. Saiki meja cilik tengah ruangan iku komplit. Sing minangka sesepuh ya iku Pak Jadi lan Bu Jadi. Banjur sedhela nalika sing sepuh-sepuh padha ngendikan ana njeo aku kabeh metu. Kalebu Taryono.
“Lho, anggonmu matur ibu piye?”
Masku wiwit mbuka gunem, antep swarane. Pancen iku watake. Omong mung saperlu.
“Ya, matur yen Jumat malem Setu.”
“Dadi yen ngono gawene wis bar?”
Dheweke ndingkluk kucem.
“Kowe kebangeten kok Tar. Ora njunjung drajating wong tuwa.”
Adhikku wadon nimbrung. Dheweke gam­pang mangkelan samangsa ana kedadeyan sing sajake ora nyenengake ati. Apamaneh bab mau dianggep ngremehake sedulur.
“Kudune kowe mikir. Aku kabeh iki kok anggep apa? Apa kaya ngono iku bakal nuwuhake kamulyan, yen bisa ngampungi gawe dhewe. Ngo­no-ngono yen tuntas. Kanyatan iki kabeh dadi kagelan.”
Adhikku wadon sing dadi guru iki pancen luwih akeh maneh yen aweh komentar. Wiwit mudhun saka colt mau kabeh wis nggantha ati. Esuk mau, kedhungsangan budhal kanthi pan­garep-arep yen dina iki bisa melu ngrasakake kabegjane sadulur. Saiki mas bali takon maneh.
“Mengko dhisik. Lha banjur manut cara barang apa ya kok tindakake?”
“Lha wis piye, mbahe kene ngendika ora perlu. Sing penting angger wis sah.”
“Oh... oh... kebangeten. Kowe rak wis tuwa. Mosok wong omong ngono banjur kok tam­pa lawaran wae. Kaneh mau rak beteke kepengin nggagapi atimu. Kowe kudu tanggap ing semu.”
Ruang ngarep sing kupeng bali amem na­lika ana bocah ngeterake kopi metu dibarengi panganan. Nanging kabeh ing pikirane kebak ge­gambaran sing mesthine ora padha. Mung sing genah tumuju lelakon dina iki. Masku mbacutake omong.
“Aku ora nglarang!? Sedulur-sedulurmu ngrasa gembira sueger kabeh mau manut we­waton. Nanging kowe ngerti rasane ati dina iki. Kuciwa, kuciwa banget!! Kowe kudune bisa nge­mong rasame atimu sedulur. Gedhene panggalihe bapak ibu.”
Kahanan sejatine wis panas. Upama ana omah mbokmenawa meja iki wis digebrag ban­ter.
“Coba pikiren?! Mbahe kene ngerti yen sing teka ini sedulur-sedulurmu. Apa kirane ora bakal mengalih. E, tibake sedulur-sedulure kok ya ora padha nggape.”
Wiwit mau aku pancen wis wegah omong. Wiwit dhisik mula atiku cepet banget krasanan samngsa ana barang-barang sing ora beres. Iki dudu gugon tuhon. Nanging muhung: pangrasa sing kebeneran sok bisa nyenggol thelenging rasa. Saiki wis bubaran. Kabeh bali kumpul ana ing ruang tengah. Marga kudu ngrahapi dhahar awan. Sejatine weteng iki wis wareg isi kemang­kelan. Mula kanthi jangkah alon ruang njaba dit­inggal.
Ruang tengah sanadyan ing dhadha kebak mangkel ewadene isi bisa sinaput kahanan. Sing kagungan dalem katon gupuh anggone nawakake amrih ngrahapi. Nanging gandheng ati kuwur ngelih ndadekake kandheg. Kabeh wis bubaran. Katonne sing kagungan dalem kalegan banget. Lan kabeh isih kumpul. Sawise resik bapak ngan­dika.
“Kula sakulawarga matur nuwun. Dene dinten punika sampun purna sae. Tegesipun anak kula sampun tinampi ing tengahipun keluwarga mriki.”
Kabeh amem. Kabeh ngendhem rasa. Dina iki bapak besemangat banget. Selagine aku dhisik ora kersa ngendika apa-apa. Sing kagun­gan dalem isih durung kersa ngendika, bapak ngendika maneh.
“Sanadyan ing raos radi kagelan. Amarg ing pangangkah bilih dinten punika saged neng­gahi ijab. Nyatanipun sampun kepancal.”
Dadkan sing kagungan dalem nyaut.
“Ngaten. Keparengan kula nyelani atur. Kala semanten kula sampun nanting nak mas punika” karo nyawang adhikku.
“apa wis matur sakabehe. Criyosipun sam­pun. Malah ngantos bab dhawahing dinten. Kula temtu kemawon boten wonten raos sumelang” Bapak sajak meneng.
“Pancen kula ingkang lepat ing atasipun gadhah anak jaler boten saged nuntasi damel. Kepara malah damel susahing sanes. Kula ing­kang kedah ngilo dhateng githok kula” swasana dadi katrem. Pancen selawase iki bapak durung nate ndhodhog lawang nakokake. Jalaran dikir isih ngendeni mangsa. Dhisik bocah iki dolan ndesa nanging isih katon durung ana tandha apa-apa. Malah matur bapak bab anggone arep omah-omah ya durung. Saiki dadakan kepengin diresmekake.
“Nuwun, nuwun sewu lepat.” Sing kagun­gan dalem denti mrongsol. Dak pikir-pikir kaya diskusi ilmiyah ing fakultas. Aku mung ayem. Paling-paling mengko banjur kandheg.
“Boten kok kula nggagahi. Kepengin pados wah. Nanging punika dhapur nak mas punika mo­thah. Kalih minggu kepengker mriki bilih sampun nyuwun cuti. Malah kangge sawetawis wekdal kartu pendhudhuk saking Malang pindah mriki. Kula dados tiyang sepuh. Ngaten.”
Swara alon mandheg. Masku saiki melu udhu. “Mangke rumiyin. Kula matur amargi yek­tosipun kita sedaya punika” karo nyawang aku kabeh.
“Dereng mangertos larah-larahipun. In­gkang kula kanjengaken sinten sajatosipun ing­kang nurunaken sinten wau?”
“Prayogi kula pronggol. Mbakyu kula puni­ka nggadhah anak jaler inggih punika bapakipun gendhuk Lami punika. Sanesipun boten kula cri­yosaken. Kala semanten nyambut damel wonten kantor setenan. Nanging gandheng kawontenan akhiripun medal. Okh, dipun wedalaken. Nalika semanten sampun gadhah anak kalih inggih puni­ka pun Lami lan adhikipun ingkang wonten Ja­karta nderek pernah paklikipun.”
Kabeh ngrungokaka kanthi trawaca. Kepingin ngerti bacute. Swara kandheg sedhela marga ing njaba ana tamu nrambul nanging ora terus melu lenggahan.
“Kula lajengaken. Dereng ngantos gend­huk ageng ibunipun tinimbalan Gusti. Lare kalih kula pupu. Lajeng bapakipun sesemahan malih ngantos sapunika gadhah anak enenm mang­gen wonten Tulungaggung. Kala wau dalu inggih dhateng.”
Adhikku melu urun, “Lha kok saged pinang­gih kaliyan Taryono kados pundi?”
Saiki swasana dadi bening, kepara dadi guyon.
Mbakyuku ipe nambahi “Oom bageyane lho, digawe crita ya”. Aku mung mesem. Wong barang kaya ngono wae. Dak akoni aku seneng nggawe cathetan mirungan.
“Kala semanten gendhuk wonten Malang dherek paklikipun ingkang wonten Kodim. Kale­resan paklikipun ugi tepang kaliyan nak mas punika. Kok lajeng dangu-dangu sajakipun mam­bet ati. Lha kula nama tiyang sepuh, punapa ma­lih gendhuk langkung caket kaliyan kula tinim­bang bapakipun. Punapa kula lajeng badhe kumbi, mesakaken. Sanadyan ing manah kula ngakeni kirang prayogi menggahing bebrayan. Mila ing kalodhangan punika sepisan malih kula ngaturak­en gunging kalepatan.”
“Keng putra piyambak?”
“Oh, kula piyambak ngantos wekdal puni­ka dereng pinaringan momongan. Inggih punika ingkang njalari kula anggadhahi greget kepengin damel leganing lare kalih punika.”
Bapak manthuk-manthuk. Kalegan mes­thine. Saiki wong saomah wis ngerti apa sebabe nganti ana kadadeyan kaya mengkono. Bareng dak pikir-pikir ya kelakuane adhiku dhewe. Wi­wit mau ibu ora kersa ngendika apa-apa/ jam gandhul sing tumemplek ing saka omah kuna iku nuduhake jam 15.40. Rencana dini iki arep mulih kira-kira jam 16.00. persis jam 16.00 keputusan bakal mulih. Jalaran petung yen bisa lancar tekan ngomah jam 12.00 bengi. Sanadya ing pangaka­han bakal nginep dalan. Ngelingi sopir iki kelebu tuwa tur glagate ora kuwat terus-terusan.
“Jam papat mulih” ngono ngendikane masku.
“Ibu kepingin nginep ana kene” adiku mronggol. Kabeh ora ana sing mangsuli nanging masku katon ora seneng.
“Aku nerti. Marga kagelan pra nunggoni. Mesthine kepingin omong-omongan karo putrane lanang sing hebat” tembunge metu. Kabeh nger­ti yen tembung iku mengku rasa jengkel. Adhiku ageliran matur ibu yen sore iki kudu mulih. Jam lima kudu ninggalake panggonan iki. Dadkan ibu ngrawuhi karo muwun. Ewasemana keputusan iki wis kepleng.
“Sing arep nginep kena. Sesuk colt mba­lik mrene. Nanging aku emoh gawe repot ping pindhone marga nginep tumrap sing kagungan dalem iki.” Pasuryane katon mbrabak. Nanging bebasan dina iki pancen wis nggatha rasa.
“Sing kagungan dalem apa ora bakal gela?”
“Nanging sing kagungan dalem apa nate mikir sepira gelane nalika aku teka kabeh wis bubaran? Yen ngelingi wong liya kabeh ora bakal bisa cepet rampung.” Sidane jam lima theng colt ndleser lungan. Sanadyan sing kagungan dalem anggone ngarih-ngarih mbateg. Ana njero colt ora ana sabawa. Kejaba awak kesel uga lelakon dina iki dianggep nujem ati.
Jam wolu bengi colt mlebu Kutha Ngan­juk. Rumah makan sing mau awan diampiri saiki diampiri maneh. Banjur bengi iki niyate pancen neginep ana kutha iki. Nginep ing panginepan sing katon sigreng. Naning nyatane ora. Sanady­an awakku kesel aku ora bisa turu. Ribut sing ngebaki kamar ngarepku keletan sumur pompan. Nalika aku nyoba namatake ngarep kamar iku wis ana pasangan. Gayeng. Sengaja aku kepin­gin ngerti bacute. Nyatane swara iku ilang. Lan kamr iku terus tutupan. Esuke aku takon pak kebo sing mompakake.
“Niku wau manten anyar, Pak? Dheweke ngguyu.
“Manten anyar? Ouw, nggih, nggih.” Aga­han aku nyandhak karo karepe wong mau. Lan nalika aku arep budhalan isih bisa kepethuk karo bocah wadon sing lunguhan mau bengi.
“Ngantos dalu, Dhik?”
“Inggih, badhe kondur sapunika? Kok ke­sesa.”
Batinku, kon ngancani? Oh, anak bojo wis nyegoh rong dina ditinggal.
Tamat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar