SECTIO CEASARIA
Anggitane Ariesta Widya
Anggitane Ariesta Widya
Wis
pirang-pirang jenengan mlebu kupinge sawise cenger bayi keprungu. Lan pengine
jenenge diundang bidan iku, banjur dikandhani anake lanang apa wadon tansah
ngebaki dhadhane. Kepengin dina iku dadi jejering bapa sawise setaun kepungkur
nampa sakramen ijab ana kathedral saka pastur. Djajapanitra. Banjur wong-wong
sing lungguh ana ruang tunggu disawang siji-siji. Kemeren kang tuwuh samangsa
ngawruhi bidan iku mbopong bayi selagine bapake mara kanthi rasa kabungahan.
Kemeren sing nganggu atine wiwit mau esuk jam 3.30 fajar. Ibune sing nglairake
ana donya iku uga krasa kebak wsa sumelang. Pikirane muyeng. Abot-abot ngluwihi
nalika ngadepi meja ujian nggayuh ijasah sarjanane.
“Piye, Ries?”
Ibune takon kebak gagasan.
“Isih durung ana kepastian.”
Wangsulane ngambang kaya abluke rokok sing
diakep kanggo ngilangake fantasine ala.
“ Kowe becike golek sarapan, saora-orane golek
kopi”
“Wegah”
“Kowe bias masuk angin”
Ukara pungkasan iki ora diwangsuli sanadyan
batine mbenerake. Nanging dheweke ngyakini yen panganan utawa banyu iku ora
bakal kolu. Kejaba reamason sing diselisih saka wong Pekalongan sing bojone
ngadheg “diluar kandhungan” sayah banget. Mangkono uga kanca sing lungguh
cedhak nunggal bangku. Ngakune nyambut gawe dadi guru ana SMP Jepara lulusan
saka ASRI Jogya: Bambang Harjono.
“Iki anakku sing nomer loro, Mas”. Dheweke isih
meneng. Tembung iku uga ora mlebu pikirane.
“Lelakon pitung tahun kepungkur sing dak alami
nalika nglahirake anakku mbarep Dina”.
Bambang crita pengalaman nunggu bojone
nglahirake kanthi dalan dudu sabaene. Kepriye angele golek getih kanggo transfusi.
Susahe yen laborat pemindhahan darah ora ana persediaan. Banjur muyeng-muyeng
golek donator pinggir dalan utawa bocah-bocah enom sing mbutuhake duwit sarana
ngedol getihe. Saiki kanca sing bisa aweh gegambaran lelakon kepriye angele wis
ora ana. Wis ngetutake pindah ruang X khusus ruang intensif. Lan kanggone dhewe
ruang intensif iku ora ngerti karepe. Sanadyan tegese secara morphologies
ngerti.
Selagine pikirane nglambrang bidan sing gedhe
dhuwur katon galak iku ngundang jenenge. Sawijining rasa gumelang ngebaki
lelamunane.
“Sedherek ingkang ngateraken nyonya Dyah?”
“Inggih”
“Ngasta serat hasil ronsen saking pavilyun
Johanes lapor anipun dokter Abubakar kangge dokter Sutoto?”
Dheweke
agehan mbalik nyedhak bangku mbukaki tas golek laying saka dokter Abubakar.
Pikire bingleng nalika nyata ora ana. Lan bidan galak iku katon ora sebenere.
“Kados pundi?”
Wangsualan iku ora dijawab saking kodhenge
pikiran. Eling-eling bareng kelingan yen laying iku ana njero buku. H.I. sing
lebokake ana saka mburi. Amplop coklat saka pavilyun Johanes diulungake.
“Tengga rumiyin”
Bidan iku wis nggeblas mlebu kamar tunggu
bojone. Bali pikirane temlawung adoh. Kelingan critane Bambang sing nglairake
ping pindho nganggo toh nyawa. Kelingan hasil pemeriksaane dokter Sutoto sing
pungkasan. Awake iku sungsang.
“Okh, mengkene abote arep diundang bapak saka
daging getihe dhewek.”
Bali bangku dawa iku dilungguhi. Nalika bocah
adol Koran nawakake kaya ora sadar dhuwit receh susuk becak mau esuk
diulungake. Ruang minggu Budaya sing saben-saben dijlemeti dhisik pendhak dina
Rebo wis ora narik maneh. Kebah cabar. Dhisik wis dienam pikirane. Yen lanang
arep dijenengake: Jan Ferdinandus jenenge baptis. Dimariesta jeneng gabungan
Dyah Maringin bojone lan jenenge dhewe Ariesta. Yen wadon arep dijeningake
Catharina Dimasani. Sawijining jeneng ratu Rusia sing kondhang suci uripe lan
adil tumindake.
Kabeh mau saiki wis ilang. Wis ora kepikir apa
kuwi anak lanang apa kuwi anak wadon. Sing penting kahanan kaya saiki iki
enggala liwat. Sanadyan piker pengangene notol anake wadon tumiba mbarep.
Disawang mlebu kamare dokter sing ngrawat. Nanging iba gelane nalika dokter iku
mlaku liwat ngarepe sajak ora maelu. Atine sangsaya kelara-lara.
Dadakan pikirane dadi goreh kalamangsane bidan
iku nyawang terus ngener panggonane lungguh. Ketege jantung sangsaya santer.
“Panjenengan ingkang nengga nyonya Dyah?”
“Inggih”
“Panjenengan kula aturi pados rah”
“Rah, suster?”
“Inggih”
“Punapa semah kula bioodding, suster?”
“Boten”
“Lajang?”
“Panjenengan boten perlu kuwados”
“Ngantena, suster”
“Panjenengan ingkang tenang. Panjenengan rak
pitados dating dokter?”
Sakala dheweke meneng. Bali rasa kuwatire
ilang. Nanging nalika bidan iku ngulungake lembar laying perjanjian getihe
dadakan santer.
“Serat punika dipun waos. Lajeng dipun tapak
astani.”
“Okh, persetujuan operasi semah kula badhe dipun
operasi suster?”
“Inggih, mila panjenengan kula aturi pados
pasediyaan rah. Samangsa dipun perlukake.”
“Operasi ageng, okh, operasi berat punapa
ringan.”
Bidan iku katon bingung anggone arep aweh
wangsulan marang wong lanang sing diadhepi.
“Kados pundi, suster? Kula kepengin ngertos lan
nyuwun keterangan.”
“Pokokipun keng putra anak mahal.”
“Okh”
Bidan iku gegahcangan lunga nanging isih dioyak.
“Suster, suster”
“Wonten kersa punapa malih?”
“Padosipun rah wonten pundi, suster?”
“Oo, inggih. Kula aturi tidak bagian pepindhahan
darah caket poliklinik. Yen wonten mriku, boten wonten pados wonten PMI Jalan
Mgr. Sugiyopranoto.”
Doorloop rumah sakit iku
dipecahi. Nanging rasane saiki abot jumangkah kaya-kaya kebandhulan watu.
Botol cilik sing mau ditampa saka bidan diiling-ilingi. Golongan B gethihe
bojone saliage getihe dhewek golongan O, yen kepeksane getihe gedhe ditukarake.
Marga dieting-etung dhuwit celengan diirit-irit. Mangka jarene Bambang anggone
mbayar getih ana: PMI, nganti patang ewu rupiah. Yen ora arep nemoni kancane
guru sing melu dadi pengasuh Palang Merah Remaja mesthine bisa ngeguhake.
Tekan meja bagiyan Pemindhahan Darah laying lan
botol didokokake:
“Mbetahake sapunika?”
“Inggih”
Pertugas iku mlebu kamar tutupan. Lan saka jero
keprungu yen getih sing diperlukake bojone lagi kentekan.
“Darah golongan B, saweg ketelasan”
“Mangke selak badhe kangge”
“Kula mangertos. Panjenengan miring piyambak
saking bagian laborat”
Pikirane dadi pikiran ala. Yen ngelingi jaman
saiki akeh makelar ing sadhengah panggonan. Apa kelakon bab kamanungsan kaya
saiki iki ndadak ana ing ruang iki?
“Sampun nganten. Pinten reginipun kula sanggup
mbayar”
“Nyuwun pangapunten, pak. Punika boten ing bab
regi. Nanging panic boten wonten”
Udan januari sing wis tumentes wiwit mau esuk
sangsaya deres. Wong-wong sing arep bezoek nunggu lawang dibukak sangsaya
uyel-uyelan. Dheweke njenger semendhe cagak. Penguin ngenteni ngantine ana donator
teka. Tritisan iku tansah telas ketampon. Wetenge krasa mules kagawa durung
kelebon apa-apa uga kadhemen. Pikirane tambah mumet. Sing wadon perlu banget
cepet. Mangka kahanane kaya mangkene. Tangane rogoh-rogoh sak pengen udud. Sing
ketemu mung tesbeh. Agehan tangane nggawe tandha-pamenthangan. Nanging anggone
ngucapake sembahyangan Kanjeng Rama lan Sembah Bekti ora bisa genep.
“Sedherek ingkang nengga rah kangge nyonya
Dyah?”
“Inggih”
Petugas ruang pemindhah darah iku diapndheng.
Lan praupan iku nate mencolok ing pangangene.
“Lho, pak Aries ta?”
“Okh, kowe Murniwati”
“Inggih. Ngersakake kangge sinten?”
“Ibumu, eh”
“Kok boten ngedika wau-wau. Ibu nyonya Dyah?”
“Iya”
“Panci taksih wonten pasediyan nanging
pesenanipun kanca. Mbak Lasmi”
“Bener. Pancen aku njaluk tulung Mbak Lasmi sing
dinas ana ruang 2A”
“Mangga tengga sawetawis”
Murniwati bekas muride nalika isih dadi guru
mlebu. Saiki atine binger. Dheweke ngrasa aman. Nalika botol getih golongan B
kanggo bojone ditampa gegancangan nraba wong-wong ngarep porter.
“Badhe bezoek”
Pitakone penjaga lawang.
“Boten”
“Tandanipun?”
Tanpa diwangsuli mung botol getih sing
ditunduhake. Saumpama kahanan lumrah pisuhane wis metu ngenggon. Bali
door-loop iku dipecaki pengine gekenggala tekan ruang tunggu. Tekan ruang
tunggu lawang tugelan iku wis ditutup. Saking notoling atine lawang tugelan
iku diterak. Sakala ati geter nalika gledeg pasien iku metu saka kamare bojone.
Lakune gegancangan pengin omong sakecap marang bojone.
“Suster, suster”
Bidan sing nggledheg iku mandheg. Nanging
ngledheg iku diterusake bidan liyane.
“Suster, suster, punika rah ingkang dipun
kersakake”
Tanpa nyauri bidan iku nampa
botol nututi bojone digledheg mlebu ruang oprasi. Tekan ngarep lawang tugelan
nyoba pengin ngerti dokter sapa sing ngoprasi bojone. O, doktere loro. Dokter
Hamiddun lan dokter: Bambang. Dicoba lungguh nanging ora betah. Kepengine
cedhaki ruang operasi lakune nrabas tamanan lan blumbang sing ana rencane wong
mancing lan naga mlungkur. Banyu tuk metu saka cangkem naga. Doorloop iku isih
tetep rame sanadyan wektune wis meh jam siji awan. Bali tasbeh sing mau
digagapi ana ruang pamindhahan darah saiki diterusake. Ewadene tetep
sembayangan iku ora bisa nandhes atine kaya nalika semabyang rossaria ana
greja Randusari utawa ana greja Atmodirono.
Nalika kupinge kelebon cengenge bayi lakune
dijengkahake bali mlebu ruang tunggu. Kepengen ngerteni apa bener iku swarane
anakke. Banjur dicoba takon wong-wong sing isih ngelntuk lungguh ngumbar
angen-angene. Kabeh ora ana sing bisa aweh wangsulan. Yen jenenge diundang.
Niyata pengen bali nyedhaki ruang operaasi ngarep lawang. Petungane mesthi
digawa menyang ruang intensif sabubare operasi kaya sing diceritakake Bambang.
Nyandhak setengah loro bojone tenan digawa
menyang ruang intensif. Atine isih ketarketir. Rong bab sing durung entuk
wangsulan. Anggone ngetutake nganti ngarep lawang bubar iku lawang wis ditutup
maneh. Anggone lungguh ana bangku doorloop ngarep kamar mahasiswa kedokteran.
Undip sing padha praktekum nganti jam lima sore. Bubar dicoba niliki sanadyan
mung liwat jendhela kaca. Kalamangsane bidan-bidan iku kelimpe. Disawang bojone
isih merem. Katon pucet banget. Alat-alat transpusi lan pipa-pipa putih ngadeg
ana sisih tempat tidure bojone. Nalika bali menjaba ditakokake yen iku penambahanglugose
lan HCL. Kabeh iku ora ngerti apa gunane.
Kabeh iku wis mungkur sewelas dina kepungkur.
Bojone wis pindhah ana ruang. Wis biasa lungguh. Wis biasa lunga kamar mandi
dhewe. Lan pangarepe anake mbarep wadon sida kelakon. Kabungahan saperangan wis
cumondhok ana atine. Loro-lorone bisa kekukup. Mung kari siji saiki sing
nggubet pikirane pira ongkose sing kudu diwetokake, selagine dhuwit sing ana
omah mung ana seketan. Iki wae ateges kanggo mangane lan kebutuhane
obat-obatan. Mau takon pasien sing ana sandhinge sing mung limang dina kathik
ora nganggo operasi wae meh nyandhak telung puluh.
Gek pira kudu dhuwit sing disediyakake. Sedhenge
dhuwit sing diarep-arep saka sawijining Dewan Kesenian sing ngangkat jenenge
dadi pemenang pertama mengarang wulan Agustus 1975 ngantine saiki dhuwit hadiah
ora dikirim. Mung dijanjeni.
Dina iku nalika pamitan
kepala bidan ruang sepuluh Bu Giyarti diterake muse sing nyambut gawe ana
rumah sakit kandha:
“Kedah ngatos-atos pak. Sampun cepet-cepet
kagungan putra. Paling cepet tigang tahun.”
“Inggih, Bu”
“Sadaya sampun dipun beresaken dhik Kamdi”
“Sampun”
Kamar kepala bidan ditinggal. Lakune nglayang
entheng. Sanadyan dina bisa mulih.
“Piye, mas kwitansine”
“Ora susah diurus dhisik. Wis pokoke padha waras
dhisik.”
Dhuwit sing isih torah dienggo nyarter bemo
tekan omah kontrakan nrabas udan Januari dipenthuk ibune sing lagi nandhahi
bocoran gendheng.
(atur panuwunku marang dokter, bidan, perawat
lan karyawan rumah sakit Dr. Karyadi sing wis nglahirake anakku mbarep wadon:
Catharina Dimasani).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar