KOTHAK SABUN
Anggitane Ariesta Widya
Anggitane Ariesta Widya
Banyu kalen
sing ora bening merga mentas udan disawang tajem. Wong-wong sa-angsane keciburan
nawu ilining banyu. Kabeh manggon pinggir kali, winates dalan gedhe lan tembok
greja, wis biasa slulup. Senadyan mahanani sesawangan kontras, dheweke kelebu
ewoning wong-wong ing pinggir kali mau.
Wiwit mau mung meneng ngenut playuning pangangen.
Anake loro lanang wadon lagi ribut ngetung oleh-olehan dina iki. Adol swara ketambahan
kotak sabun mawa senar karet ireng-ireng. Panguripan selawase ngidak lan ngurud
urip.
“Ngapa Mak, kok meneng wae ora melu ngetung
dhuwit?” Karno anake lanang nyegerake lelamunane. Banjur mung mesem minangkani
pitakone anake sakarone. Anake wadon menyat anggone lungguh terus:
“Mak-mak.” Tembunge aleman njejeri emboke.
“Huh, dina iki entuk dhuwit akeh, mak.”
Bali eseme ngrenggani lambene, nyawang anake
wadon sing lendhetan lengene.
“Entuk akeh, Tarmi?”
Saiki Tarmi anake manthuk. Dhuwit oleh-olehane
dina iki digegem lan disuntak ana pangkone. Dadakan polatane owah
“Kowe entuk dhuwit akeh, Tarmi?”
“Ncen, mak.”
Anake lanang nyaut aweh wangsulan.
“Mau ana wong lanang dak cedhaki terus Tarmi dak
kon nyanyi.”
“He’eh, Mak. Mangsa aku kon nyanyi nganti
swaraku serak.”
Emboke nyapih wadulane.
“Ya gentenan ta, Kar.”
“Guluku lara kok mak, yen dienggo ngulu angel.
Kok kon dienggo nyanyi?”
Banjur gagehan njupuk obat gosok digosok-gosokake
gulune anake.
“Anu, anu, Mak.” Tarmi mbacutake ngecuwis crita
anggone entuk dhuwit akeh dina iki.
“Aku nyanyi sing marahi mak-e kae. Apa mak
jenenge?” embokne melu ngeling-eling.
“Sing ndi, Tar?”
“Sing, sing kae. Dhek durung ana kene.”
“Ah, emake lali.”
“Aku nyanyi sepisan rampung. Terus wong lanang
mau aba yen kon terus nyanyi. Nganti ping pat ya kar?”
Kakange manthuk karo terus ngetung dhuwite.
Aku njur diawe lan dirogohake dhuwit lan isine
seketan karo laweyan.”
`Anake wadon mudheng olehe crita dalan gedhe
wong-wong padha rame ngrubug colt mandheg marga makelar pingger dalan iku
tukaran karo kernet juragan awehe. “Banjur?” emboke genti takon.
“Kowe padha jajan mau?”
“Rung, no mak. Kuwi ta tarmi kok jajan ta
gelem.”
Anake lanang mangsuli, nanging anake wadon ora
nrimakake.
“Ra dhing Mak. Aku kandha jajanana, aku ora
pengin.
“Lhah ngapa kok ora jajan?”
“Sih wareg kok. Aku wis seneng entuk dhuwit akeh
kok mak.”
“Ngono kae suk neh dha jajan, nek masuk angin?”
“Lhah, mak e ya rung mangan ta?”
“Aku wong tuwa, wis biyasa.”
Malah wong tuwa gampang lara. Mdhek ana kana ae
wong kono. Tangane KIarno nudhingi panggonan buk ngisor kreteg.
Yen ora ana apa-apa ya uwis. Ning yen ana? Haa..
Wangsulane kebak
pengarep-arep kabungahan. Embokne bali meneng ora nyambungi pikirane tumlawang
adoh. Urip iki uripe, kaya kleyang aking godhong mahoni kang tumiba panggonan
kang dienggo mapan.
“Wis kana, kowe cah loro dha jajan!”
“Ra ah, nek ora mbi mak. Make wedok mbantah.”
“Rasah, wis ta.”
“Moh thik.”
Bali anake wedok aleman.
“Ngapa ta mak moh?”
“Aku rada aras-arasen. Seawanan krasa ngelu.”
“Nah, iku masuk angin mak.”
“Nek ngono yuk, Tar. Wetengku wis perih selak
sore.” “Ngko dak gawake wae ya mak?”
Mbokne manthuk trenyuh pikirane angles. Terus
bocah loro iku mudhun gumpingan nyidhat laku nyabrangt kali tekan rattan gedhe.
Pamandengetutake jangkahe anake nganti ilang ana enggok-enggokan dalan trotoar
anyar sing digarap kota madya.
Banjur lagi mingseg anggone lungguh mrebahake
kotak sabun sing wis direka dadi balok, sing saben dina dioyong-oyong anake.
Banjur blengker blek roti minangka pengeringe kotak sabun. Isih dikantheni
trempolong wadhah susur diiseni krikil kanggo marakas. Kabeh ditutupi plastic
menet tembok.
Srengenge wis meh ilang. Dalan anyar sing lagi digarap
iku wis ora patiya rame lan buruh-buruh iku lagi ambyur ana kali sing diadhepi.
Nanging wiwit anake ninggalake panggonane angen-angene mabur dhewe. Banjur
nalika saka sabrangan kali keprungu swarane lagi pikirane bali dadi kanyatan.
“Mak, mak-e.”
Anake lungguh njejeri terus mbukak buntelan
sega,
“Mau mak? Wong sing aweh dhuwit akeh temu neh.”
Mbokne ora melu kajaba mung omong ngambang.
“Ah, kowe kleru Tar. Utawa
padha rupa?”
“Ra kok mak. Tenan, persis mau awan kok.”
Nalika iku Karno sing wiwit mau mau melu
ambyuran wis ngadeg ana ngarepe embokne. Awake isih teles, banyune rambut
dleweran ana bathuk dilapi klambine.
“Ya, Kar ya?”
Embokne mandheg praupane. Karno sing isih dilapi
klambi dhikut.
“Bener, Kar?”
Embokne ngyakinake critane anake wedok.
“Apane, mak?”
“Wong sing aeh dhuwit akeh dhek awan rak mau
temu nang kana ya?”
Karno manthuk ngiyani.
“Dikira ngapusi.”
Gremenge Tarmi ish terus mbacot omong.
“Mau nakoni ta?”
“He-eh ki mak.”
Mbokne sangsaya ngungun krungu critane anake
loro ngethuprus.
“Takon piye?”
Karo nganggo klambi sing mentas dienggo ngelap
Karno, nirokake.
“Ra mbarengt neh kowe?”
“Mpun kesel.”
“Kowe padha ngapa mrene?”
“Ajeng tumbas sekul.”
“Dhuwitmu pira?”
“Niki napa.”
“Dhit ntuk aweh mau awan ndi?”
“Kula ken nyimpen mak-e.” banjur wong lanang mau
meneng terus ngawasake.”
“Mak mu ya isih?”
“Tesih.”
“Pak mu?”
“Criyose mak-e mpun pejah.”
“Wis suwe?”
“Kirangan.”
“Lhah manggon nang ndi?”
“Teng ngrika.”
“Ndi?”
“Cakey nggreja, cedhak kalen. Embokne mung
meneng krungu crita anake klanang ndremimil kaya dhalang. Buntelan sega wiwit
mau durung dibukak. Anake wedok melu nyanyi nerokake swarane lagu gamelan.
“Nah, iku masuk angin mak. Ngisor uwit cedhak
andheg-andhegan colt lan bemo. Bengine wiwit krasa sorote lampu natrium ing
bubnderan iku nuwuhake cahaya kuning semu abang. Ndadekake rerupan wong mlaku
dadi malih.
“Oya mak. Anake lanang anggone crita.
Wong lanang mau nunggoni terus nggonku tuku
sega. Aku wedi mak, ngetke terus. Njur dhek aku bali mrene ngetutake kok. Mula
aku karo Tarmi njur mlayu mau.
“Terus wonge nan ndi?”
“mbuh, aku selak wedi. Wonge gagah, mak. Nggo
kaos abang, kathoke dhawa ireng.”
“Mau ngetutake tekan endi?”
“Ra ruh. Ning gek aku ados mau wis ngadeg na
kono kae lho. Ngisor wit kae.”
Banjur dicoba pamendenge nimbus cahya
remeng-remeng nyawang wong-wong sing ngadeg ngisor wit, kaya sing dicritakake
anake. Nanging meksa durung bisa ngerteni.
“Nek saiki, kowe ruh maneh ra pangling?”
“Ra, no mak.”
Saiki pikirane muyeg. Nganeh-anehi, ngapa anake
ditutake wong blanang sing mung kenal saka anggone mbarang. Ah, banjur eling
lelakon iki, dalan urip sing saiki ditempuh. Urip bayangan, urut bayangan urut
dalan kaya kleyang kawur.
Dhisik urip-urip iki ditempuh kaya wong-wong
liyane. Nduweni papan sing tanggon. Duwe omah, duwe bojo sing syah manut kukum
sing kaprah.
Duwe anak saka tuwuhing
bebojowan karna saiki wis nempuh kasiling nasib.saiki cepet-cepet kelingan
nalika bojone diangkatake tahanan marga mung mateni wong mung jalaran salah
panampa bab upah anggone nukang. Taun-taun sing dianti wis kliwat adoh kabar
bojone ora anal an akhiring pikir dheweke nampa tanggane sing buruh-buruh ana
kutha iki. Tekaning ngedhon pahiting urip kudu dirasakake. Kabeh musna marga
wong lanang sing bisa dititipi uripe mung sumur, bayi bayine Tarmi.
“Ayo dha rana sik, Kat!”
“Marani wong lanang mau?”
“Ya, cepet Kar.”
Anake lanang digeret, nanging Tarmi trima
enak-enak klekaran. Tekan ngisor wit iku Karno mandheg diiringake mbokne,
banjur omong lirih.
“Kuwi mak!”
Dheweke mandeng ngawasake wong kaos abang kathok
ireng kaya sing dikandhakake anake pucuk jempol tekan rambut.
“Kang Karli?”
Wong lanang iku noleh. Sepisan maneh jeneng iku
diucapake.
“Kang Karli?”
“Kowe Ngat?”
“Iya, kang. Ah, iki mung marga Karno sing
kandha.”
“Karno?”
“Iki, iki Karno cah mbarang sing kok wenehi dhiy
mau awan.”
“Oh.”
“Iki anakmu, kang?”
Wong lanang iku nubruk Karno dikekep. Dheweke
dhewe mung njenger banjur.
“Kowe bisa ngapura aku kang?”
“Apa sing kudu dak apura?”
“Aku dosa gedhe kang, wong lanang iku mencereng
lan wong wadon iku luhe drojosan.”
“Aku wis duwe anak karo wong liya kang.”
Tembunge pedhot-pedhot nanging rasa kaget diendhem.
“Endi saiki?”
“Ana kana kae. Cah wedok sing mau esuk uga
ketemnu kowe kang.”
“Oh.”
Wong telu malu rikatan nrabas suketan pinggir kali
nggoleki Tarmi sing wis mlepus turu ngekep kotak sabun ssumerehing uripe.
Iba kagete, nalika tibane sangsaya deres nalika
dheweke turu kepati. Lan anake isih ngglinthing ana sandhige. Kali iku banyune
wis megung, sedhela engkas mbludhag ngeleb panggonanae. Dene sing diundang
kang isih ngringkuk ana lembaga pemasyarakatan nampa dhendaning panggawe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar