PADANARAN
Anggitane Ariesta Widya
Dina minggu
mulihku saka Sarangan durung patiya bengi. Benere aku isih rangu-rangu marga
kawarasanku pancen durung pulih, mung entuk cuti dokter seminggu. Kaya dhek
emben kae, akun njaluk tulung Dhek Wid tekan sanggar. Marga budhalku jam 3.00
bengi. Supayane tekan Sarangan isih esuk. Upama ora kepeksa mono rada rikuh
wong ya pada bujangan. Lan kanca-kanca mesthi nafsir sing ora-ora. Ya marga aku
nginggati tembung-tembung mau aku njaluk tulung: Dhik Wid, jalaran ngantine
saiki iki Dheik Wid dadi paraga pasrawungan kang becik.
Sore mau kanca sasanggar kandha yen Suka teka
ngomahku nganti ambal ping telu. Aku ngerti playuning tumrap dhiriku, Knggoku
tinimbang kabeh mau dadi pirembugan raire. Mangka ing batinku ora bisa nampa
kahanan iki marahi aku mumet yen mikir kuwi.
Dina senen bengi budhal menyang studio numpakm
becak. Kanca-kanca rada lengkap bengi iku pemancar isih testing. Lagu-lagu dak
puter kanggo ngisi acara kontak monitor. Tengah-tengahing siaran Dhek Wid teka
bebarengan Paulus lan Uut, terus mlebu ruang operator nyedhak:
“Yu Pur, entuk kiriman.”
Aku ethok-ethok ora ngerti, jalaran Dhek Wid
senengane guyonan.
“Yu Pur entuk kiriman, percaya nggak?” Tembunge
maneh, terus nuduhake laying.
“Percaya ora?”
“Saka sapa?”
“Titeni wae, tulisane sapa!”
Aku apal banget karo tulisan iku. Sabab
pendhak-pendhak tulisan iku dak tampa saka Jogja.
Operator digenteni Dhik
Paulus, aku mlebu ruang penyiar sing uwis ora dienggo selak ora sabar kepengin
ngerti isine. Oh, sumrepet rasaning sirah, iki buntute nalika aku ditimbali
mbakyu ana Yogya kae. Upama ora ana studio aku pengin nangis sakatoge, kepengin
nguras eluhku. Kanca-kanca isih padha ribut ana ruang tamu kawistara yen ora
ana sing ngerti kepriye rasaning atiku.
Kanggo ngilangake panguneg-uneg ati dak coba
mesem. Ah, dakkira kabeh mung panyakra bawa sing durung jelas garise. Angel
anggonbku arep ngeyakinake prinsipku. Seminggu kepungkur aku ditelegram
mbakyu sing ana Yogya ngrembug kahananku karo Mas Bambang. Aku wanita sing
saiki dadi tertuduh.
“Kowe kudu nyingkiri rasa pasrawungan sing saiki
Pur!”
“Pasrawungan sing endi?”
“Pasrawunganmu sing akhir-akhir iki.”
“Apa aku nerak wewatesaning norma pasrawungan?”
“Saiki ora. Sapa ngerti mbesuke.”
“Aku isih eling.”
“Pancen. Ning saora-orane sarana iku apa ora
ateges aweh dalan?”
“Pasrawungan rak mung maujud pasrawungan kanca
sakarier.”
“Bener. Apa ora jeneng mokal pasrawungan
sakarier sing njumbuhake rasa lan pangrasa bisa mujud marang niyat kang
manunggal? Lan mesthi bisa nuwuhake teges liya maneh sing luwih akeh.”
“Teges sing piye?”
“Ya sing bisa njalari bakal byugarake pengarep-arepe
Dhik Bambang.”
“Wektu iki aku isih bebas, bebas bergaul kanthi
wewaton normaning pasrawungan .”
“Aku ngerti, Pur. Ning suwalike aku uga emoh ngerti,
margaaku wis tuwa lan mripat sarta atiku uga wis tuwa.”
“Dadine aku disalahake marga pasrawunganku karo
Suka?”
“Kira-kira mamngkono. Kowe secara ora langsung
ngakoni.”
“Aku tetep berprinsip: aku bebas. Aku emoh
dikekang uripku saiki iki, marga aku isih bisa mbedakake abang lan ireng.”
“Yen ngantine Dhik Bambang
uga bertahan karo prinsipe?”
“Terserah. Jalaran aku ngantoi dina iki ora
nduweni owah-owahan. Kena apa kita kudu berprasangka sing ora gumathok.”
Iku kadadeyanku karo mbakyu ana Jogja seminggu
kepungkur.
Oh, dina iki ngendikane mbakyu numusi tenan.
Nanging batinku, aku arep mbuktekake yen ing antaraning aku lan Suka mujudake
kanca sakarier pencinta pemancar. Wis.
Bali perangan layange Mas Bambang sing ngenani
dhiriku dak waca:
~Yen Dhik Pur tetep berprinip sing ora ngerteni
karep lan dhiriku, aku uga emoh ngerteni karep lan dhiri Dhik Pur. Marga ing
antarane aku lan Dhik Pur padha dene nggekengi prinsip pribadi. Lan laying iki
mesthi wae dadi laying kang pungkasan sing dak tulis kanggo Dhik Pur.
Donga-Dinonga.
Selagine aku lungguh lenger-lenger, Dhik Wid
teka terus nyandhingi.
“Piye Yu kabare? Sajake kok …” tembunge ora
dibacutake, lan aku uga ora mangsuli. Dak sawang wit cemara ngarep markas kaku
nglangak langit. Bengi iku mendhung-mendhung kaya sore-sore sing kepungkur.
“Sapa sing nggawa layang iki?”
“Ora ngerti, mau awan tekane. Dak kon ngenteni
ora gelem, aku sejatine wegah omong ananging Dhik Wid terus kandha:
“Layang perih apa piye?”
“Ora.”
“Kok mendhung?”
“Yen ora layang pedhes?”
“Ah, embuh-embuh.”
“Utawa laying akhir?”
“Akhir apa?”
“Ya akhir april, iki rak wulan mei.” Wangsulane
karo ngguyu latah.
“Kaya ngertiya kae.”
“Kira-kira lho.”
“Wis tau perih ap?”
“Ora trima tau. Ping kopang-kaping kaya deret
dimet” bali Dhik Wid ngguyu maneh.
“Dhek Wid cah putra gampangan.”
“Apa dupeh bocah putra iki kaya ora susah.”
“Ngono-ngono kae banyak kebebasan.”
“Kebebasan kae uga ana watese. Apa ya banjur
bebas melar?”
Aku terima meneng. Yen omongan karo Dhik WId aku
mesthin kalahe. Selagi angen-angen bali keplanirang adoh Dhik Har. Crew Radio
New-Imelda numpak CB-ne.
“Sorry, ngganggu wong lagi…”
“Nganggu apa?”
“Lagi mendhung Mas Har langite.” Dhek Wid
mbacutake.
“Bagong ana?”
“Ora ketok wiwit mau sore, ning coba digoleki
ana mburi.”
Dhik Har mungkur. Aku lan Dhik Wid
isih-meneng-menengan. Mas Kiswo bagian tehnisi isih sibuk. Sedela krungu guyune
Dhik Paulus lan Mas Mekto.santer banget, grimis uwis tumiba.
“Mlebu wae Yu, mmengko mundhak masuk angin-angin
bengi.”
“Wis ben. Aku lagi seneng ngene iki.”
Lan nalika udan bres kaya disuntak, aku uga
durung menyat saka bangku. Dhik Wid uga durung obah kajaba bangku dipepetake
tembok.
“Mlebu ta yu, udane tambah deres. Watuk lho!”
“Wis kana Dhik Wid, tindak njero dhisik!”
“Widadarine melu bela sungkawa. Eluhe mili tekan
bumi”, Dhik Wid grenengan banjur isih dibacutake kaya wong maca puisi:
Dak tampa
layangmu
Pungkasan,
Kalamangsane
udan
Tumetes ing teras.
Wit-wit
cemara ngacir kaku
Nglangak
langit kulawu,
Arepku
Kepeksane aku ngguyu sanadyan jroning ati ndhongkol,
terus kaya ora sadhar Dhik Wid tak gablog karo aku menyat ninggalake bangku
ngarep markas mlebu kumpul kanca-kanca.
Mulihku sing lumrahe diterake Suka bengi iki
ora. Aku mau wis kandha karo Dhik Yona ngeterake tekan sanggar.
***
Minggu candhake, awan-awan budhalku numpak
becak. Karepku nglungani yen dipethuk Suka. Ing ngarep studio Dhik Wid lan Dhek
Yona lungguhan bangku ngisor cemara ngarep markas. Pemancar mengko munggah jam
loro awan. Isih ana wektu mesthine, dadine bocah telu padha lungguhan.
“Kuncine diasta, Yu?”
“Ora. Dak kira diasta Dhik Wid.”
“Aku rak ora tugas.”
“Kok ndadak rawuh barang.”
“We, kok galak. Yuk, mulih wae Dhek Yona. Wis
diusir sing kagungan studio.” Dhek Wid tetep mbanyoli.
“Rene ki mbantu! Malah ketiban bom dhateng kula
badhe nyaosaken punika ndara putri.”
Dhik Wid ngulungake kaset anyare “Zainal Group”
lan buku kata-kata mutiara. Aku banjur eling dina minggu iki ana ruang
kata-kata mutiara. Duku sing dhisik dak ilangake dak akoni Dhik Wid pancen
pinter srawung sing sejatine isih pegel ana atiku ndadak dibanyoli:
“Piye gerahe?”
“Lara apa?”
“Lha gerah apa kono, wisdangan!”
“Durung.”
“Gek diobati!”
“Obate ora ana apotik.”
“Yen ora digolekake dokter spesialis.”
“Uga ora ana.”
“Yu Pur wis yakin yen ora ana dokter?”
“Ah, embuh, embuh.”
“Yen ana piye?”
Aku meneng wae, jalaran ewuh anggonku arep
mangsuli.
“Kene ana dokter loro.”
“Loro?”
“Kae sing siji.” Tembunge karo nudingi Suka sing
lagi teka numpak vespane.
“Kae? Dudu. Dheweke calon dokter sing ora bakal
lulus dadi dokter.”
“Sebabe?”
“Marga aku dhosene.”
Dhik Wid ngguyu latah-latah.
“Yen ngono
mung kari siji. Yen lulus tentamen.”
“Ana ngendi?”
“Ora adoh.”
Aku bajur noleh Dhik Wid, dak sawang Dhek Wid
ora ngadhepi aku. Pamandenge tumlawung adoh.
“Ana ngendi?”
“Cedhak. Ana ngisor wit cemara Studio Cendikia
Puruhita jalan Pandawa 107, cedhak penyiar Purwitasari. Piye?”
Aku sakala bingung, sing dikarepake mesthi
pribadine pancen dak akoni. Akhir-akhir iki pendhak guyon Dhik Wid tansah
nyenggol-nyenggol atiku. Apa maneh yen ngedhongi ngaso bebarengan ana ruang
departemen, banjur yen nyawang praupanku nunjem ati. Aku wis krasa, aku diwasa.
Nanging apa tembung mau mung guyonan. Dadakan dadi problem anyar ing
pikiranku. Tuwuh pitakonan sing luwih dawa maneh. Ngertiku Dhek Wid ana
hubungan karo bocah dokter Cipto. Apa hubungane sida pedhot tenan. Iki kabar
sing dak rungu nganti anggonku ngayahi tugas siaran sore iki bola-bali salah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar