Translate

Senin, 30 Juni 2014

Rawuhan (Cerkak)



RAWUHAN
Dening Arista Widya
Desa iku kaya-kaya desa-desa liyan. Dalan kampung ing perang gunung-gunung lan cerak omah sing during ana owah-owahan, owah-owahan sing katon mung tambah lapangan bal-baloan sing dumuning kulon kampoung manggon tanah GG. Banjur sekolahan lawas dibrukake diganti sekolahan anyar, sanadyan balungane pra luwih kayu-kayu ;awas sisng dianyarake. Wedhi lan pasi trima tenanga gotong-royong kaya padatan.
Mengkono nelika peresmian daftar rega isih sinebut, nanging ora ana wong siji-sijia sing gelem takon. Wong-wong wis ngertio pitakon iku mung bakal cilakake awake. Mula trima meneng aweh slamete.
Ewadene wong sakampung iku padha ngungun nalika sumebar kabar yen bakal ana rawuhan. Sore wingi bayan kampung iku mbiwarake yen desane perlu ditata amrih nalika rawuhan ora ngisin-isini.
“Piye kang bayan?”
“Dhawuhe pak lurah bale ana rawuhan.”
“Rawuhan? Njur sapa sing rawuh?”
“Lha ora ngerti. Wong iki mau ya dhawuh saka kabuppaten.”
“Rawuh mriksa apa kang?”
“Wah, bab iku aku ya ora damang.”
Ora antarane suwe maneh warga kampung iku melu nrambul omong. Ngantine bayan iku mandheg rada suwe.
“Rawuhan mriksa lomba desa pa kang?”
“Bisa uga?”
“Apa penerangan KB?” Bayan iku bisane mung mangsuli sakecandhake. Pancen wiwit dheweke nyekel pangkat iku ora nate migatekake banget bab apa sing dumadi ana njeron kmoung iku. kajaba yen dhawuh ya cepet-cepet ditindakake. Pituwase antuk ngolah bengkoke sing kena kanggo duwen, gedhene kappet bisa didol mangsa garapane. Mula sengaja ora nate medal sumbi marang dhawug=h kang metu saka klurahan.
“Lha, apa ora ngisin-ngisii ta kang?”
“Apane?”
“Wong desane awake dhewe mung kaya ngene. Njur dadakan wae dilaburi barang kok ngertokake yen mung marga ana rawuhan.”
“Bener iku kang.” Tembunge sing siji marga ing pikirane ora cocog kao apa kang sanyatane. Mula tembunge dibacutake maneh. “Coba ta kang. Saupama lho iki melu lomba desa utawa bab liyane wis ta. Apa sing rawuh iki ya ora mikir. Kok laburane isih putih-putih. Kepara tabet-tabete labor isih njlepret ana lemah.”
Bayan desa iku isih meneng. Pancen selawase iki pikirane ora nate melu nggagas bab-bab sing kaya mengkono iku. Dina iki tembung iku mlebu gagasane lan kapeksa melu nyambung.
“Kuwi pancn bener. Nanging aku iki rak mung sarana. Tegese kon muni ‘a’ ya, ya kudu muni ‘a’. Lha ngko yen aku muni ‘e’ rak weteng iki sida klikikan.”
Wong loro sing ngadeg ana ngarepe isih meneng. Nalika bayane ngetokake lintingan kawetu tembunge maneh.
“Pancen, sing kok kandhakake iku ora luput. Ning sepisan maneh awake dhewe ora kuwasa lan ora wenang. Anane mung ditindakake. Ya ngidhep-idhep ngalbur omah lan pekarangane dhewe. Yen ora ngene ya tangeh yen kober.”
Wong loro bali meneng. Marga yen tembung bayane sing kepungkur iki sing dikarepake pancen ana untunge. Mung cara ngono iku dudu sing dikarepake.
“Ning ana rawuhan ta kang?”
“Nek tenane ya tenan. Apa pak lurah ki ngapusi. Mung sapa sing rawuh lan saka ngendi ya mesthi ora ngerti. Yen biasane ya saka kabupaten njur mesthine saka kepolisian barang. Ya kaya ngana kae ta, rombongan.”
“Lha ta kang, yen saben-saben ana rawuhan ngene rak malah payah ta.”
“Apane sing payah?” Sijine nyambungi.
“Lha coba gagasen, pak lurah ora-orane mesthi nganakanakake. Yen saupama ora nganti ora ya ngisin-ngisini. Manbgka apa ta hasil sing bisa dijagakake.”
“Ah, ya kuwi sing nganti saiki tetep dadi barang pocapan. Iku dung kandhane wong sing teka keri mronggol.”
“Kowe kelingan nalika Desa Mangunsari entuk hadiah. Banjhur angger ana motor bleber priksan, kunjungan mahasiswa-mahasiswa. Wis embuh apa kabeh sing teka-teka. Wusanane lurahe malah entuk jeneng ala mung marga rawuhan.”
“Entuk ala piye?”
“Dhuwit hadiah lomba iku lan bebana apa maneh saka pemerintah melu katut kanggo suguhan. Lhah meh klebu.”
“Nanging rak ora dienggo pak lurah. Wong ya dienggo nyuguh tamu-tamu.”
“Kudune ngono. Ning rak ya tetep luput ta? Wong wis ana pranatan ora perlu nyubya-nubya rawuhan. Lha kok tetep nganak-anake.” Kancane sing siji ora nrimakake.
“Saiki ngene. Sadulurmu sing adoh teka, mangka nyatane kowe gula kopi wae ora ana. Apa yak owe tegel nyuguhi banyu utih tanpa gula?”
“He-hem.”
“Ya, pancen bener ngono iku contone, lha mangka sing rawuh iku panggedhene. Wirang isin dilakoni utang tinimbang dicatu tembene. Sanadyan wis ngerti yen nganggo dhuwit negara pancen luput. Huh, angele dadi wong sing ana tengeh ngene. Saka ndhuwur dipenthelengi ora kendhat-kendhat.”
Bubar omongngono bayan desa ninggalake wong loo sing isih ngadeg, neusake laku nindhakake dhawuh. Sanadyan kala mangsane iku sejatine ngganjel kamanungsane. Nanging arep kepiye maneh. Ora ana dalan kang bisa tinempuh.
Sore iku daleme Pak Suprat, pensiunan guru katon regeng. Ora kaya adat saben. Lampu petromak sing biasa diurubake ana njero, saiki tekan pendhapa. Amben dhawa ing endhapa akeh wong desa iku padha lungguhan kaya adat saben,  padha ndeleng teve. Marga pancen lagi siji iku singb bisa nduweni, iku wae mung marga putrane sing nyekel gawe ana kutha. Wong-wong ing desa iki ora ngerti nyekel gawe apa. Ngertine numpak motor sedan utawa numpak jip nomere abang. Nanging desa iku kaya-kaya melu nduweni putrane pak guru pensiunan iku marga nduweni title dokterandes (dr.) banjur pangeten sing paling akhir yaiku nalika ing teve gambare katut bebarengan karo pak gubernur. Keyakinanae sangsaya kandel yen putrane pak guu pancen pangkate dhuwur.
Nalika bengi iku kober melu lungguhan ana desa iku takon.
“Napa prei to mas?”
“Boten. Niki wong niyate pengin ninggali dhusun niki napa?”
“Wah, malah keleresan lho mas.” Wong tuwa sing lungguh rada adoh nrambuk.
“Napane sing keleresan, wak?”
“Njing-enjing niku rak wonten rawuhan. Napa boten kaleresan, lha mase rak saged mbantu-mbantu ngendikane pak lurah. Dados boten ngisin-isini.”
“Tiyang mriki rak mpun biyasa kalih rawuhan.”
“Ngotena nika rak mase langkung hebat. Kados gek nika, gek ndherekake pak gubernu nggon gambar tivi.”
Sing diajak omong-omong mung mesem. Krungu omongane wong-wong kampung iku.
“Lha kok ndadak dilaburi napa ta pak?”
“Niku, dhawuh king pak lurah. Kajenge boten ngisin-isini.”
“O, nggih mas kinten-kinten sing ajeng dipriksa niku napane nggih?”
“Nggih kabehe. Tur, carane miksa niku boten kok mung taken pak lurah thok. Saged kalih sampeyan-sampeyan, kajenge bener-bener. Rak umume manungsa niku nek kepengin apik wanton ngapusi. Nggih napa boten?” Wong-wong padha manthuk-manthuk, ora ketang  ora ngerti apa sing dikarepake.
       “Ning napa boten suwalike? Sing mriksa rak nggih mikir, kok leburane isih anyar.
“Wiknok niku, niku dhawuh.”
Esuke klurahan wis rebut. Punggawa desa wis siyaga ana pendhapa. Malah womng kecamatan lan kabupaten uga wis. Wis kudu diwiwiti patemon rawuh dina iku. nanging iba kagete nalika tamu-tamu weruh putrane pak guru pensiunan dina iku, uga ana klurahan. Lan sing kuwih nratap maneh punggawa desa jalaran wis wiwit wingi.
“Para sedherek kanthi punika kula miwiti jejibahan sakinmg pemerintah, niti priksa kawontenanipun dhusun mriki. Lan sedaya wau sampun kula tindakaken wiwit kala wingi. Dados sinten punika kula anggep sampun cekap.”
Bubar iki, during nganti metu dhaharan wis nggeblas numpak sedan abang ninggal tamu-tamu liyane. Kabeh kaya ditapuk raine. Sanadyan dina iku upacara nganti awan nanging ora ana ulat sing katon sumringah.

Semarang, Juli 1977

Tidak ada komentar:

Posting Komentar