CEMARA GUNUNG
Dening Ariesta Widya
Kutho
Tomohon, sing bawane adhem ing saben wektu ketambahan angin desember kang
nggawa udan sangsaya krasa banget. Ereng-erangan mburi Simanari Manengah sing
asri lan wit cemara sumiyut, binareng tetesing banyu udan kang kanthil ing
godhong-godhonge cumlorot cahyane tiba. Kudune esuk mengkene sawangan endah
saka mburi Pasturan.
“Wegah
saupama ora kajibah keyakinan tugas mengko bengi pesta natal ekomene. Dina iki
kudu entuk wit cemara”, kanggo Christ Bom. Pesta agama kang ngelingake Wiyasan
Dalem Gusti Yesus Panebusing Manungsa lan mengko babalas mulih Manado, nglatih
tablou gabungan kanca-kanca PMKRI/GMKI.
Aku
pengen yen ada-ada nyedhakake golongan kang percaya marang Sabda Dalem Gusti
alelantaran Injil bisa gembleng dadi siji kaya purwaning pasamuan suci.
Luwih-luwih tembunge Rasul Yahya: Et Omnes unum Sint. Muga kabeh bisaa
manunggal.
Perengan
mburi Seminari cemarane. Lan aku wis tepung becik karo rama, ya rama moderator
PMKRI.
Nalika
aku mlaku anjor ereng-erengan winates kali, daksawang ana kenya methiki kembang
kang lumrah tuwuh ing dhaerah pegunungan kaya Tomohon iki. Luwih-luwih ing
mangsa udan wulan desember, kaya-kaya melu ngrangu tekane natalan lan taun
baru.
“Amek kembang, Non?” tembungku mlumpat.
“Iya,
rekasa ya dadi panitia, gerimis-gerimis kepeksa nglucut golek wit cemara kathik
nyang Tomohon pisan.”
“Ngretine?”
“Ngreti
pisan. Rak arep kanggo Christ, mengko bengi ta?”
“Bener!”
Aku gumun Julie kok pinter mbadhe.
Dheweke
banjur ngguyu latah sajak mbebeda. E, kok sajak tambah manis. Pancen
kenya-kenya dhaerah Minahasa, kaya dene Tomohon iki pakulitan kuning resik
sarta supel. Aku banjur nglumpukake pangeling-elingku. Dakira yen ora luput,
kepethuk ing sawijining wengi nalika Parade Bian ing Tomohon, Minahasa. Pembukaan
Universitas Kristen, klub dramaku Study Club Drama Manado melu nyumbang:
BARABAH-e Motinggo Boesja.
“Aku kok wis rada lali ya. Kapan nate
ketemu?”
“Ah, lalen temen.”
“Piye olehe ora lali, wong wis tuwa
ngene!” Aku mbanyoli.
“Nyatane kok ya, temu pisan kathik bengi
mung kaya impen.” Tembungku puitis nyenengake.
“Ing malam parade drama ya?”
“Gene, kok ya isih bisa kelingan.”
Bali guyune metu maneh.
“Ah, seniman kok ya, ning ora kena
sombong lho!”
“sapa ta sing sombong? Yen sombong
mesthine rak ora gelem karo putri Gunung Lakon.”
“Wis-wis.”
“Ah, ya durung uwis. Isih ana tambahe
aku, durung entuk ta? O, ya becike aku ndisiki, Agustinus.”
“Fransiska.”
“Kudune ana lengkape!”
“Fransiska Rompis.”
“O, ya jenengku ya durung lengkap,
Agustinus Widyatama.”
Bubar
ngrampungake wit cemara, aku bablas Menado. Sejatine aku rada gela, tetepungan
sing mung sedhela iku. Ning kepriye maneh, aku kudu ngoyak wektu.
Wit cemara diangkut nganggo pick up tekan
Gubernuran. Endie lan Herman malang kerik aweh instruksi kanca-kanca nggawe
panggung. Aku ngakoni prakara panggung angger dipasrahake cah loro iki mesthi
berese.
“Kae, Jawane teka!”
Undhang-undhangan spesifik, aku cah telu.
Endie saka Timor, Herman saka Kei, njur aku saka Jawa. Cah loro dak glandang
ngombe cedhak Kantor Pos, ngiringan Kodam XIII Merdeka.
Sinambi ngenteni nasi kuning, Herman karo
Endi iwis nggayemi nasi lan jahe.
“Iki pesta climen. Marga Sang Gatotkaca
mentas ketemu Pergiwa Sang Dewa Mahawu ketemu Dewining. Gunung Lakon.” Kandhaku
ngecuwis. Nyritakake temuku karo Siska (tur dak tambah-tambahi), cah loro mung
misuh-misuh.
***
Aku pinuju aweh asistensi Kasusastran
Jawa ana IKIP Kristen Tomohon. Daklaju saka Manado nalika bubar asistensi
angkahku terusan mulih, ngelingi mengko bengi mimpin Kader Forming PMKRI uga
kerawuhan moderator pusat., terus budhal Menado. Daktoleh Siska ngadeg ana
lawang.
“Aja tindak gubugku!” Tembunge andhap
asor. Ewadene aku isih meneng.
“O, ya mesthi ora sudi. Wong panggonanku
kaya kandhang babi.”
“Aku ewuh Siska. Piye mengko kanca-kancamu?”
“Apa durung suwe mener ana Minahasa? Eh,
Manado?”
“Ya wis, ning embuh ya! Oya, mbok buwang
wae embel-embelan mener iku! Kanggoku kok ora kepenak.”
“Iku kalumrahan kene.”
“Bener luwih becik diundhang jenengku wae
Agus, ngono! Minangka tandha sayekti paseduluran, gelem ta? Uga ngelingake
kasihing ibuku.”
“Dak cobane.”
Tenan, Aku sida mampir omahe Siska. Ah,
dakira luwih becik dak sebut villa ing pegunungan. Omah kang sedhengan gedhene,
kanthi swasana katentreman.
Kelir-kelir tembok lan dekorasi stylleven
sangsaya nambahi kanikmatan ngadhemake pangrasa. Mamah metu nepungake lan Aku
bisa mesthekake yen nalika kenyane, mesthi kenya narik ati. Sidane aku karo
Siska ditinggal ana kamar tamu.
Dakrasa banget yen tetemon dina iki krasa
nyang ati. Luwih-luwih tangkepe mamahe semono uga carane Siska ngadhepi aku.
“Agus mesthi ora kapok yen dolan mrene?”
nalikane arep pamitan mulih.
“Dakkira ora bakal kapok, angger isih
sudi daksaba.”
“Tenan?”
“Ya, tenan.”
“Ah, mengko gek mung tembung pemain
drama?”
Siska
ngguyu latah karo nyawang plataran jembar ditanduri kembang-kembang pegunungan.
“Iki
rak ora ana panggung ta Siska?” Ning ya kono, piye anggone Siska arep
negesi. Wong nyatane tembung mono kena
ditegesi dagelan. Benere ora?
Wiwit
dina iku kena diarani pendhak lunga Tomohon mesthi mampir lan sesambungan
kencan. Sesambungan kaya dene Mamanua lan Wulanlaka, kaya cerita dhaerah iki.
Nalika Aku karo Herman bebarengan tour sakanca PMKRI. Aku mrelokake mampir
omahe, omahe katon sepi kejaba rewange ana ngeringan omah.
“Layak
langite resik wong arep ana Dewa Gunung Klabat tumurun”, kandhaku.
“Iya,
arep nemoni widadari Gunung Lokon.”
“Wis-wis
iki ora ana panggung.”
“Kok
sepi?”
“Mama
karo papa tindak Tondano.”
“Beneran?”
“Beneran
apane?”
“Ya
embuh kono, ngreti dhewe.” Tembungku guyon.
“Piye,
Manado?”
“Biasa
wae, mung sing terang tetep maju. Wong nganti nglurug tekan Tomohon.” Siska
mung ngguyu sing saben wektu disuguhaken ana ngarepku.
“Tenan,
aku ana prelune rada banget piye? Rembugku dhisik kae lho.”
Siska
ngeling-ngeling durung diwangsuli wis daksambung.
“Jalaran
dakrasa cukup suwe, anggonone dhewe srawung”
“He’em.
Kabeh Aku ngreti, daktampa. Ning panjenengan aja menilai sing ora nyang dhiriku
merga caraku iki mung aku rumangsa ora susah ditembungake. Samudanane cah
dewasa cukup nyasmitani sakaliring karep.”
Aku
mronggol cepetan.
“Dadi
ditampa?”
“Iya!
Ning isih ana bacute. Ana bab sing angel dileksanani marga ora bisa jumbuh.”
“Bab
agama.”
“Ora
luput.” Tembunge gragapan.
“Pancen
Aku wis krasa sadurunge, yen iki sing dadi palangan. Lhah mungguhe Siska dhewe
piye?”
“Ah,
embuh. Aku dhewe banjur bingung Papa Mama tetep ora nayogyani yen aku manunggal
keyakinan karo Agus. Nadyan kabeh sejatine pada dene muride Gusti Yesus. Papa
mama ngendhika yen padha dene nerusake keyakinan dhewe. Dene bocah ya ben milih
yen wis dhewasa.”
“Ya
merga bocah Siska. Aku pengin yen saomah mung ana keyakinan siji., iki ora kok
dhasarku fanatik. Mung, mligi gampanging kahanan Siska lan Siska aja rumangsa
aku tindak berat sebelah. Kok ora aku wae sing manunggal. Kaya-kaya ora perlu
dakbaleni keteranganku dhisik-dhisik. Aku percaya yen antarane aku karo Siska
ora ana prasangka negatip. Jalaran prasangka bakal nuwuhake pradongdi,
saora-orane ngurangi katentraman.
“Ah,
embuh. Yen aku ngelingi iki kabeh, aku terima meneng. Ning yen meneng ateges
nyiksa batin.”
“Ora
terima batinmu Siska, ngejur ati? Apa batinku ora luwih saka iku. Oh, ndadak
dhisik awake dhewe ketemu barang saupama ora mesthine iki kober uga ura ana.”
Dina
iku dina pungkasan aku ngambah ngambah omahe Siska. Kajaba seminggu sepisan aku
ketemu ning ruang asistensi. Dakrasa sangsaya nujem atiku, samangsa aku aweh
asistensi. Iki gagaling sesambungan karo kenya sing ping papate sawise:
Mariyatun sing digondhol polisi, Hartani Tanahatu kenya campuran Ambon Sunda
diplayokake angkatan laut, Mieko Ong darah campuran Jepang Tionghoa sing aku
kalah posisi karo dhosenku, njur saiki iki Siska.
Bebarengan:
Endi lulus lulus sarjana terus ngadu nasib ana Jakarta, Herman mulih mbangun
dhaerahe. Aku nyoba nyoba-nyoba melu testing Pangkad ALRI.
1967
iki aku melu rombongan operasi Sangir Tallaud dhaerah penyelundupan Sulawesi
Utara lan Filipina Selatan. Pelabuhan Bitung sing anteng, ing antarane Tanjung
Minahasa lan Pulo Lembah sing banyune biru. Kapal labuh.
Mau
aku mlaku-mlaku arep nggoleki kanca-kanca nelika semana. Tekan ngarep Tugu Aru
sing ngelingake jaman Trikora, karyane pemahat Wowor. Pangrasaku kaya kena daya
magnet panyawangku kraket karo kenya sing lagi ngadang bis kadadeyan iku kaya
wingi sore wae.
“Siska,
Siska Rompis.” Tembungku mlumpat-mlumpat, pedhot lan praupan kang beda katon
kucem. Penganggo iku, penganggo sing tansah.
“Oh,
Agus. Kapan teka kene?”
“Mau
bengi, piye wis rampung studine?”
“Aku
wis ora mbacutake wiwit dhek kae.”
“Piye
Siska saiki?”
“Ah,
ya isih kaya dhisik. Kaya dhek jamane ketemu karo pemetik cemara gunung mburi
Seminari.”
“He’em,
romantis nemen tembungmu Siska. Oya, iki arep menyang endi?”
“Bali
Tomoron, mengko arep mampir daleme tante ana Tikala. Lha Agus arep lunga endi?”
“Dakangkah
arep mlaku-mlaku nggoleki kanca lawas lan mengko bengi arep nderek natal ana
katedral.”
“Oya,
papa mama ya isih sok nakokake piye yen ana wektu dolan-dolan Tomohon?”
“Kapan-kapan
wae. Iki lagi melu rombongan, mesthine yen ora pamit natalan ijine bakal
terbatas.”
“Piye
yen mengko bengi dak ampiri nderek natalan ana katedral?” Siska dak sawang mung
meneng wae, mratandai yen ora nolak.
Oh,
bengi iku dak sawang katedral luwih endah tinimbang katedral wektu-wekyu
kepungkur. Trenyuhing ati dibarengi lagu kidung melu ngebaki dhadha. Siska ana
sandhingku. Aku mung bisa matur ana ngarsane Gusti. Sumangga Gusti menawi
sampeyan dalem ngarsakaken temtu badhe maringi margi ingkang manungsa boten
nyata.
Dak
lirik mripate Siska kembeng-kembeng, aku melu trenyuh ning aku bisa nggapi yen
ing bathine wis dudu Siska sing dhisik-dhisik.
Iku
Nalika Missa Natal bubaran, dakgandheng ana ngarep guwa natal, terus nyengkeng
ana ngarep kandhang natal. Sepisanan iku Siska nggawe tanda pamentrangan. Ah,
atiku ngeles lan besuk arep Tomohon.
Sanggar
Bubrah, Sembungan Tengah 225 Ungaran, numpang salam kagem sutresna DK kang
mahargya riyaya natal. GLORIA IN EXELCISDEO.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar