BENANG-BENANG KATRESNAN
Dening Arieta Widya
Kabeh
wis lumaku 15 tahun. Awn iku nalika mboke kandha yen Tarmi tilik desa ana rasa
goreh sing godha atine. Tarmi bojone Barjo, loro-lorone nyambut gawe ana
kesehatan, dina iku tilik mulih. Dadakan rasa kepenin omong-omongan karo Tarmi
notol atine.
“Leh
teka karo bojone pa mbok?”
“Ra
patiya cetha.”
“Kira-kira
mampir kena pa ya?”
“Ketoke
ra rene. Wis bola-bali tilik desa kapan dha sudi mampir.. wis dha mulya yake.
Dha wegah. Dikira kene ngiler oleh-oleh.”
“Ah
ya ra ngono. Mbokmanawa preine mung sithik.”
“Ngono-ngono
nek trima anguk-anguk pa ra isa. Wong ncen wis dha ra sudi karo wong desa ngene
ki.”
“Ra
sah neka-neka bok. Aku pengin temu karo Tarmi.”
“Ndengaren.
Na penting pa?”
“Penting
ya ra. Mung perlu ngono wae.”
Mbokke
ditinggal. Sewat-sewut anggone ganti terus budhal. Lakune mlipir metu mburi
omah nrabas kebone lik kayat anjog dalan sing nugel desane. Nalika tekan
ngarepe omahe Badrun Petruk terus menggok warunge randhane Sanuwar sing saiki
dialap Sarman dudhane Siyam.
“Ajeng
teng pundi, Mas Rus?”
“Anu,
ajeng golek rokok niki napa.”
“Kok
kesesa sajakke?”
“Ajeng
teng Dhe Matkodir. Turene Yu Tarmi mriki.”
“O,
inggih. Nika napa sek dha jagongan kaih lare-lare.”
Tanpa
pamit panggonan iku dtinggal bablas nerusake laku pengin methuki Tarmi. Ana
prakara sing arep ditakonake.
Tekan
omahe Dhe Markodir ya wong tuwane Tarmi ora mlebu pendhapa nanging njujug
pawon, methuk Yu Ginah wong wadon sing wis kepapagan umur nanging tetep setya
anggone ngawula.
“Yu,
Yu Ginah. Kok gayeng men ana tamu pa?”
“Allah...
si mase. Ngeget-egeti mawon Mas Rus iki.”
Saking
ora sabare pitakone dibaleni, “Ana tamu pa, Yu?”
“Nggih,
nggih, enten tamu Mbak Tarmi kuwi.”
“Dheweke
pa, Yu?”
“Nggih,
kiyambakan. Turene enten perlu pados batur napa dos pundi?”
Ora
diatag Yu Ginah menyak anguk-anguk omah tengah karo ngaruhake yen ana tamu.
Dene Rus isih ngadeg njenger ana tengah pawon.
Ana
rasa rangu-rangu bareng arep ngadhepi Tarmi. Kepriye mengko anggone arep miwiti
pitakon?. Rasa lain nyingget lanange. Marga dhisik-dhisik wis supata ana
ngarepe Tarmi. Ora arep madal janji. Banjur nalika Tarmi manglung lawang
ngungak ora sranta sikile jumangkah mlebu.
“Ouw.
Yu Tarmi.”
“We...
lah ana tamu Dhik Rus. Kene-kene iki mau lagi ngobrol karo cah-cah.”
Tanpa
kakean rembug terus nyeret kursi mapan lungguh. Rokok sing mau tuku ana warunge
Sarman siduwek. Disumet siji sajak gragaban. Tarmi wis mapan ana ngarepe,
kalane angone udud keluke wis bola-bali nggeblas munggah.
“Dhewekan
Yu?”
“Ya,
bapakke mbuh ana perlu apa ngono. Iki rak arep golek bocah nggo momong.”
“Wis
suwe ya pindhahan nggon sing anyar iki?”
“Cukup.
Kapan dolan rana? Ja nduwel we ana omah. Ndhak marakake gelis tuwa.”
“Arepe
dolan-dolan wong nyatane rak ya wis tuwa ta, Yu?”
“Ngono
kae rak beda. Ja kalah karo sing nom-noman ngono.”
Atine
goreh nalika arep omong bab siji kuwi, tujune Tarmi maah bukak dalan.\
“Ouw,
Dhik. Aku sajake ki arep crita. Nong ngko gek marakake mala.”
“Ah
mandhak crita we dadi mala. Ra Yu ra. Critaa wis dak rungokne.”
Tarmi
nyeret kursine nyedhak. Mripate langsir ngiwa nengen mbokmenawa ana wong liya
sing melu krungu, awakke sansaya geter. Drijine melu ndhredheg nadyan durung
ngerti apa sing bakal disritakake.
Kaya-kaya
sing arep dirungu ya sing saiki lagi digagas.
“Dhik
Rus, ra tau kelingan cah-cah pa?”
Pitakon
iku kaya bledheg nyamber. Dhadhakan kaya bengkah-bangkah. Ora ngira ya pitakon
iku sing metu luwih dhisik. Sirah dadi mumet sakal.
“Piye
Dhik Rus. Kok njur kamitenggengen?”
“Piye
ra kamitenggengen ta Yu. Ngendi wong tuwa ra kelingan anak?”
“Ko
sik. Nggonku takon ngono ki, ee, kok le cep klakep ra ana kabare. Pa ngabarake.
Aku lho Dhik sing melu isin.”
“Ya,
ya, Yu. Aku ngerti.”
“Ngerti
apa ethok-ethok ra ngerti. Coba gagasen. Dhek semana sapa sing nglantarake?”
pitakon sing kaya mitralyur iku sangsaya rumangs asore dhirine. Ing atase wong
lanang tinggal glangang colong playu.
“Aku
sing luput, Yu.”
“Ra
cukup mung ngakoni lho, Dhik.”
“Njur
kudu piye?”
“Kudu
piye? Ya njaluk pangapura ngono.”
Pakon
iki maneh sing nambahi sanggan. Sanadyan pancen wis dadi niyate. Nanging ora
kok langsung arep njaluk pangapura nanging sarana pengin ketemu anakke.
“Njur
piye anggonku njaluk pangapura. Luwih-luwih karo cah-cah.”
Aine
saiki dadi karanta-ranta. Mendah kaya ngapa ajure ati yen tenan mengko ketemu
bocah-bocah sing pisah wis limalas taunnan.
“Wis
Yu kono piye bisane aku weruh bocah-bocah.”
“Lha
ngono. Dadine aku ki gampang nggone mikir.”
Tarmi
memburi sedhela. Terus disusul Yu Ginah nggawa kopi sagelas. Isih kebul-kebul
panas mentas disoki jaran saka ceret. Ora antara suwe Tarmi bali nemoni.
“Dhik
Rus. Sakjane anggonku pengin rembugan ki rak wis suwe. Ya prekara kuwi. Ncen
dina iki anggonku mrene uda bab iku. Babe Dhik Rus lan cah-cah.”
“Dadi
Yu Tarmi wis ruh cah-cah?”
Sing
ditakoni ora enggal omong nanging malah mesam-mesem sajak ngandhut penyenges
njalari atine Rus tambah goreh.
“Saiki
ngene Dhik Rus. Piye carane bisa sesambungan karo bocah-bocah maneh? Iki alamate ibune.”
Atine
kaya kasrempet jeblosan granat. Or angira yen bojone uripe wis mapan.
“Wis
omah-omah neh ta, Yu?”
Kabeh
tembunge ora ana sing arep diwangsuli. Diwangsuli mesthi keseser. Jer pancen
awakke dhewe sing luput. Luput nuruti kobonging ati dhek semana.
“Wis
Yu, matur nuwun.”
“Padha-padha
Dhik. Ning rembugmu sing tenan.”
“Mesthi,
Yu.”
“Lha
rene ki sajane mung dolan pa?”
“Akh,
waleh-waleh apa. Ncen anggonku madik-madik alamate cah-cah ki ya wis lawas.
Kebenaran Yu Tarmi mrene thik ya wis aweh dalan.”
Wedang
kopi disruput entek. Embuh rasane wedang kopi ora ngerti. Mung saiki
pengarep-arep iku cumondhok ana atine wong tuwa marang anakke.
Tekan
omah nulis layang. Meh sedina ndhuwel ana kamare. Mbok nganti gumun. Kadingaren
ora kaya adat saben. Bola-bali kertas sing wis diwiwiti disuwek. Kabeh jugar.
“Dengaren
ra metu-metu, Tus?” embokne aruh-aruh saka kamar tengah karo nyawisake wedange.
“Wegah.”
wangsulane cekak banjur metu nemoni mboke sing lagi nyeleh cangkir.
“Suk
minggu ngarep iki yo lunga ya mbok?”
Mbokke
mandeng paraupane anakke ngemi pitakon. Kaya-kaya ana pangangen sing digembol.
“Wong
ya gawene ndhuwel na omah we kok. Lunga-lunga ngendi.”
“E,
e, ya lunga dolan-dolan ngono. Aku ki ana perlu sethithik kok mbok.”
“Gek
perlu ap, Rus?”
Mbokke
lungguh bangko-bangko cedhak lemari sing dienggo nyimpen bala pecah. Nganti
suwe anggone ngenteni tembunge anakke nanging ora enggal kawetu.
“Ana
gawe apa ta, Rus?” pitakone maneh.
“Wingi
iki aku rak ka nggone Yu Tarmi. Ah wis ana pirang-pirang wektu iki kok ati iki
rasane kothong, mbok.”
Mbokke
sangsaya ora ngerti playune omonge. Anakke nerusi.
“Dak
pikir seprene rak wis limalas taunan ya mbok?”
“Apane
ta Rus, kok aku ora mudheng?”
“Ah,
rumangsa dosa wong tuwa ora mikiri anakke. Wog tuwa sing banjur lali marang
jejere. Mendak panutuhe anak.”
Siki
mbokke lagi bisa nggagapi apa sing dikarepake anakke.
“Ya,
ya Rus. Pancen kabeh luput. Aku sing dadi wong tuwa kudune aweh sesuluh uga
lali. Awakke dhewe lali kabeh.”
Brebel
luh tuwane ambrol. Mangkono uga luhe dhewe ora kena diampet.
“Hmmm.
Kok kira semono lawase ki isih ngarep tekane Dhik Rus. Cah-cah rak ya butuh
pengayoman sing mbapani?”
Sesorahe
Tarmi iki sing nambahi sanggane sangsaya abot.
“Saiki
piye? Kabeh wis cetha. Kurang apa maneh? Dalan wis dak bukak. Saiki kari Dhik
Rus sing bisa nglungguhi lanang. Aja kaya wong ora nate ngidak sekolah.”
“Yu
Tarmi wis ngerti kabeh kahanane bocah-bocah, mbok.” swarane tambah
ngondhok-ondhok.
“Nggonku
njintel ana kamar rak ya kirim layang mrana. Kepriye wae aku pengin weruh
cah-cah. Embuh ana kana ngko bakal dicecenges ibune aku ora bakal selak.”
“Ya
ta, Rus. Aku melu bungah yen ing atimu wis krenteg niliki anakmu. Njur kapan
nggonmu arep mrana?”
“Dak
angkkah seminggunan. Kira-kira layange wis ketampa. Dadi ra banget ngaggetake.”
“Ya,
iya. Sedheng kene isa nggawe oleh-oleh.”
Esuk
iku sida ngeposake layang tumuju tilas bojone.
Limalas
taun kepungkur dheweke nyambut gawe ana lembaga pemerintah tugas ing padesan.
Nanging ora ana desane dhewe. Banjur sawijining wektu ana petugas lapangan sing
ana gandheng rapete karo gaweyane. Bocah wadon mau mondhok ing omahe wong
tuwani Tarmi, banjur tuwuh kepingin sesambungan. Lan saka tangane Tarmi
tetepungan iku bisa sempulur ngandi dadi bojo anak loro. Sanadyan nalika semana
pancen ing desane uga ana sing ngayunake. Bocah nom sing ing desane uga kalebu
bocah nom sing kinurmatan, Suminto. Nanging Tarmi sing dadi jeksane. Putusane
pungkasan dheweke sing bisa mengku. Lan bocah wadon mau jenenge Wahyuni.
Nanging
sajak sesambungan iku pancen ana buntute sing dawa. Ana rasa sujana sing
mbutarepen ngenani bojone marga anggone ngayahi tugas dipindhah liya panggonan.
Dadine ora bisa kumpul. Ngantine tuwuh pengin tha-entha ing atine.
Kanggo
nyingkiri kabeh mau sing wadon njaluk pindhah panggonan sing nyedhaki wong
tuwane. Mengkono sebacute ngantine sawijining wektu tuwuh lelakon sing ora
kanyana. Nalika iku anak sing nomer loro lagi umur setengah tahunan. Kanthi
tatag bojone napa kahann iki. Tumeka tibaning putusan manut hukume yen sing
lanang wing ninggalake kewajiban marga rasa sujanane sing tanpa lelandhesan.
Mangka sejatine ing atine dhewe lagi kagiwang ing wong wadon liya. Kabeh dadi
bosah-baseh. Ngantine wong wadon sing dibujung-bujung iku tibane ya mung
ayang-ayang. Tegese cabar ora kaya sing digantha sakawit. Sing wusanane trima
kabali ditinggal. Bali urip kumpul karo wong tuwane.
Tibaning
wektu sida budhal bebarengan karo mbokke dikanthi adhine Karti. Ngregiyeng
anggone nggawa oleh-oleh. Ketang kepingine weruh daging getihe. Alamat saka
Tarmi digembol primpen. Bola-bali ditiliki. Sanadyan jenenge desane Wahyuni lan
jenenge bojone ya wis diapalake. Bis sing nggawa wong telu rasane nggremet.
Lelakon telung jam krasa nyiksa batin. Ning akhire uga tekan enggon. Mandheg
kaya welingane Tarmi, ing dalan pratelon sing lagi digarap. Maju sithik tekan
pabrik tegel banjur menggok nengen bablas. Kira-kira saka dalan gedhe ana
sepuluh somahan. Ing sisih kiwa omah ing kinepung wit rambutan. Ngarepe
ditanduri pager urip wit ceplok piring. Ngarep omah persis ana wit kemuning
sajodho. Kabeh piwelinge Tarmi disetitekake. Nanging bareng bener tekan omah
kaya sing diangen atine sangsaya goreh. Omah iku ora nganggo papan nama, bojone
Wahyuni.
Mbokke
lan adhine diglandang mlebu plataran. Swarane sing angel metu uluk salam. Saka
njero metu wong lanang. Dedeg priya gedhe kaya dheweke. Umur-umurane angel
dibedhek. Marga katon kaya wong umur patang puluh limanan. Awakke dhewe katon
luwih tuwa.
“Wonten
kersa?” pitakone wong lang sing lagi metu.
“Nuwun
sewu, punapa leres punika dalemipun Pak Kartiko?”
Pitakon
iku ora enggal diwangsuli nanging malah ganti dtakoni.
“Panjenengan
sinten?”
“Kula
Rusdi.”
Sing
duwe omah ngacarani lungguh sawise nampa wangsulan. Omah iku katon sepi. Ora
ana bocah kemliwer. Wong telu uga mung bungkem ora ana tembunge.
“Punapa
leres punika griyanipun Pak Kartika?”
Wong
lang sing ditakoni mung manthuk.
“Punapa
leres garwanipun ibu Wahyuni?”
Sepisan
maneh wong lanang iku manthuk, banjur pitakone :
“Lajeng
wonten kersa napa??”
Pitakon
iku sing saiki nyumpet pikirane. Kepriye anggone arep njlentrehake. Apa ora
gawe kagete. Apa wahyuni durung crita ngenani layang sing dikirim. Kabeh nggoda
atine. Ujug-ujug saka mburi jumendhul Budi lan Wida anake Wahyuni karo dheweke.
Atik anak gawane bojone Wahyuni sing saiki. Kaya kena daya listrik metune
bocah-bocah mau njalari mbokke mengok.
“Bidi
kowe Budi Setiawan?”
Bocah
mau manthuk. Sakala mbokke ngrangkul. Bocahe njenger ora ngerti.
“Oh,
putuku. Endhi adhimu Wida, Bud?”
Tangane
kemlawe nudingi Wida Dwianti sing ngadeg ana sisihe. Bocah loro dirangkul, kudu
mberot. Swasanane dadi oa karuwan.
Adhine
Rus melu nrambul. Ning ora isa apa-apa kajabaluhe ambrol-ambrol. Wong telu adus
luh. Sin duwe omah lungguh nyawang sawijing lelakon sing ora kenyana.
Bocah
loro nadyan kudu mberotdigujer ana kursi cedhake. Banjur lagi wiwit ngomong,
“Nyuwun pangapunten”.
Kartiko
mung mesem kaya kaya dene ora manoni lelakon apa-apa.
“Kula
nyuwun pangapunten dene sampun tumindak kirang samesthinipun.”
Karti
adhine Rus melu mbuka gunem, marga kakange ora bisa ngomong kajaba kamisesegen
ngempet rasaning ati.
Kabeh
crita dibuka kanthi ngeblak amrih ora ana sengga runggi. Sanadyan Kartiko
sejatine wis dicritani Wahyuni yen bakal ana tamu bapake Budi lan Wida.
Anghone
lungguhan wis kliwat telung jam. Nanging Wahyuni durung katon. Nadyan boyoke
tamune kesel banget ora ana sing wani takon, sajake Kartiko wing anggap.
“Menawi
badhe pinanggih ibunipun Budi kedah ngrantos ngantos sonten. Piyambakipun saweg
pilkantuk tugas setunggal minggu ngantos sonten.”
“Boten
dados punapa, sampun pinanggih lare-lare.”
Wong
papat anggone omong-omongan ora gayeng marga padha nggembol rasane dhewe-dhewe.
Anggone lungguhan wis nyandhak patang jam. Srengenge wis meh angslup. Wong telu
pamitan mung dienggihi.
“Kapan
kowe tilik bapak, Budi, Wida?”
Bocah
loro ora mangsuli kejaba mung dhungkluk nyawang lemah abang sin kadonan.
Nanging wong telu lakune mandheg tumoleh ninggal omah sing kanggo nggedhekake
daging getihe.
“Apa
bakal katresnan iki bisa tuwuh?” batine Rusdi nalika bis wiwit nggondhol
nggeblas dalan enggok-engokan panggonane tilas bojone lan anakke. Luhe isih
deres metu sanadyan kabeh sing digantha wis dilakoni.
“Ah, apa tenan Wahyuni dines? Apa ora mung marga kepingin nglungani
tekane?”
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar