KINEPUNG GARIS
Dening Aierta Widya
Lan
sepuluh dina iki bocah-bocah daktinggal. Esuk iki dina minggu pasien sakamar
wis padha mulih wingi sore. Kejaba kari sihi wong wadon tuwa sing mung kari
lunglit. Semono uga daksawang awakku wis beda karo dina-dina sadurunge,
kepengin mulih orrra kayaa. Ngelingi bapake bocah-bicah sing pamcen
montang-manting. Piye ora, sore ngancani aku ana zaal iki. Esuk uwis budhal
nguruni pagaweyan [pandinan. Endah, pambarepku wis kena daktegakke. Bukak kios
pendhak esuk, biasane dakkon bantu sore, sabubare sekolah. Lan dina-dina iki
dina liburan.
Wingi
sore nalikane bapake bocah-bocah ngancani kandha:
“Piye
bu, awan mau isih krasa maneh ora?”
“Krasa.
Sedela-dela mung ping papat.”
“Ah,
muga-muga enggal mari, gek bali.”
Aku
ngerti sepira repote bapake bocah-bocah, bisa dakngerteni sabanjure.
“Apa
ora miring ya? Kok ora tilik mrene barang. Mangka kanca-kanca liyane wis padha
tindak.
“Ah,
ya mbok menawa during miring.”
“Dakabari
pa ya!”
Atiku
banjur tab-taban, kepriye anggonku arep mangsuli lan apa sebabe kok nganti
bapake bocah-bocah kawetu tembunge mangkono. Senadyan aku pengin yen Mas Wid
uga rawuh kalamangsane aku lara ngene iki.
“Ora
susah, ya yen mengkono utawa kapan-kapan ketemu dikandhani ta!”
“Dikabari
ya ora apa-apa. Sukur yen kersa tindak bengi ngene iki, kena kanggo kanca
omong-omong.”
“Mbok
menawa wae repot. Bocah lagi ngadhepi ujian.” Tembungku setengah mbelani.
“Ning,
mesthine yen kersa rak bisa ngono.”
Aku
njur meneng wae. Jalaran sadina sabubare aku ana rumah sakit aku wis ngabari.
Apa tembunge bapake bocah-bocah iki mung mancing amarga ngerti yen aku wis
ngabari. Mangka wis maringi wangsulan, yen lagi gerahpiyambak. Oh, sawengi iki
mripatku prasasat ora bisa merem kagawa saka tembunge bapake bocah-bocah.
Upama
laying iku ora konangan, mesthine ora bakal ana lelakon kabeh kaya ing wulan
Juni. Kabeh nyalahake aku. Aku uga ngakoni kaluputanku. Ya mung aku urip
nganggo pangrasaku. Ning, kanggone wong kang nglakoni nglakoni anane mung ora
bisa aweh komentar. Dhisik antarane aku lan Mas Wid wis ana perjanjian yen arep
bakal mbangun bale somah. Ah, ketoke mung kaya dene tresana bocah. Tresnane
bocah-bocah cilik, tibake the first love
never can die lan uwis ilang sewindu sajrone aku ora nate ketemu karo Mas
Wid. Mas Wid kudu ngayahi tugas ikatan dhinese.
Nalika
iku during nganti setaun aku ditinggal Mas Wid ndadak akun krungu kabar yen Mas
Wid karma karo kenya tanah pangumbaran. Tibake mung siasat saka keluargane Mas
Wid sing ora nyetujoni aku karo Mas Wid, dadi kanyatan ora ana bebrayan. Mangka
kudune aku luwih percaya marang Mas Wid sing pancen setiya ing janji. Kalebu
wong sing disilplin ora mung marga sesambungan karo aku, uga bab pagaweyan.
Sing banjur sangsaya adoh, marga kabar mau aku wis wegah nulis layang, kabeh
kaluputanku.
Oh,
saiba kagetku bareng taun 1967 Mas Wid jumedul maneh kaya Mas Wid dek semana.
Durung ana owal-owalan, lan ngendhikane dhisik kae diwujudake. Aku mangkat ijen
Dhek Atik, mulihku kudu isih ijen.bengi iku rasaning atiku wis kumepyur nalika
pahargyan hari pancasila ana kecamatan.
Mas Wid sing mbukak, banjur nalika pandulu gapyuk ing ruang riase
bocah-bocah. Bisaku mung meneng ora bisa apa-apa. Rencana nggonku arep janji
okes keroncong bapake bocah-bocah sakakeh-akehe nyabar. Kejaba lagune sing
kerep daklagokake, dek semana yen ngedongi ana kumpulan ketemu Mas Wid. Yen ing
tawang ana lintang, bubar iku aku bablas mlebu kamare Mbak Sum, nangis. Kabeh
dak pendem ana atiku supayane wong liya ora ana sing ngerti (mesthine Mas WId
piyambak sing pirsa atiku).
Tetemen
iku wis mungkur adoh. Aku ora nate kepethuk Mas Wid, sanadyan ning ati kepingin
kandha: nyuwun pangapura. Banjur bengi iku kaya dene impen ing tengah wengi.
Ora kenyana babar pisan mulihku saka Semarang kewengen. Lan anggonku ngenteni
opelet mesthine opelet pungkasan. Bengi iku kios sing isih bukak kiose Bu Tiek.
“Dhek
Atiek.”
“Iya,
mas. Kok bengi-bengi saka tindak ngendi?
“Mentas
golek rokok. Lho, kok nganti bengi kondue piye? O, ya lha endi rekane?”
Banjur
tumibaning tembung iku kaya ponis ukum gantung nyang dhiriku. Saka rumangsaku
sawijining paweweh aku tertuduh. Akhire
sabubare aku njlentrehake lelakon wiwit bocahku ngantine kedadeyan iku. Yen
sesambungan iki antarane aku lan Mas Wid diwiwiti dek isih pada dene aktip ana
pakumpulan. Vonise aku kudu ora kena sesambungan wujud apa wae. Layang sing
nyelakake pedot kudu daktulis kanthi dipirsani bapak lan bapake bocah-bocah.
Anane ning ati mung angles ora ana maneh.
Wiwit
lelakon iku sanadyan aku isih kapethuk Mas Wid, ananging tak coba ora
ngawistarani.
Dina
minggu kalamangsane angin sumribit, koreden alon-alon ketiup angin esuk lumebu
kamarku. Zaal rumah sakit sing dadi kancaku sajroning lara, dumadakan wae kaya
kena daya gaib panduluku tempuk karo priya kang lumebu. Oh, luhku bali maneh
ambrol. Ora liya Mas Wid sing rawuh esuk iki. Sangsaya, nalikane Mas Wid
lenggah ana sndhingku. Atiku kaya ranta-ranta, apa maneh iku Mas Wid luwih
katon kera tinimbang wektu-wektu kepungkur.
“Ngapa
Dhek Atiek ndadak nangis.” Banjur banjur astane ngregem epek-epekku. Atiku
sansaya arep njeblug-njebluga, kaya –kaya ana daya kang adhem nlusuri
saranduning awak.
“Wis,
Dhek Atiek dienggo sareyan wae!”
“Mas
Wid wis mireng?”
“Ngertine
ya sabubare nampa layang saka kene kae. Ning nalika iku aku dhewe lagi lara.
Mula pangapurane Dhek Atiek wae ya, aku ora enggal bisa tilik.
Banjur
angen-angenku klambrangan lelakon sing akhir-akhir. Anggone Mas Wid olehe teguh
sikepe.
“Piye,
rak wis suda ta?”
“Mau
bengi mung krasa sedhela. Tur kaya wingi-wingi.”
“Dak
ajab gek enggal mari ya. Lan muga-muga dina rebo wis bisa nunggoni bocah-bocah,
dak ewang-ewangi.
“Pangestune
mas.”
Dina
minggu iku Mas Wid neggani nganti jam 12.00 awan, nalikane jam besuk.
***
“Ora
metuk.”
“Njur
kondure?”
“Mengko
isih ana opelet pungkasan.”
Kanggo
dalan anggonku arep nyuwun pangapura dak aturi ngeterake tindak daleme Yumar.
Daleme Yu Mar sepi, lagi tindakan sekaliyan mauludan.
“Pinarak
dhisik yam mas.”
“Piye
ya, wis wengi.”
“Ora
kersa ta?”
“Heem.”
Oh,
nelangsane atiku ora kininira ajur. Banjur, banjur tanpa diekon luhku
brol-brolan. Mas Wid kendel, mung gagasanku keplantrang adoh. Mas Wid wis kersa
lenggah.
“Ora
susah nangis Dhek Atiek nangis. Aku ora ngrti apa sebabe, ning kabeh kudu
ngono.”
“Aku
kang luput mas.”
“Kabeh
ora luput. Kahanan kang pancen ora kena diselaki. Kahanan kang luput.”
“Apa
Mas Wid pirsa atine Dhek Atiek?”
“Aku
weruh lan ngerti. Ning, aku nyoba emoh ngerti merga kaya sing wis dak kandhake
kabeh kudu dumadine mangkono.”
“Mas
Wid kersa paring pangapura. Marga ora ana kang nduweni kaluputan.”
“Ngono
kae mas.” Tembunge pedot.
“Ora
mas. Aku kang luput Mas Wid kudu paring pangapura.”
“Heem.
Becil kabeh dak apura. Malah sadurunge Dhek Atik nyuwun pangapura.
“Maturnuwun
mas.”
Lonceng
wis muni ping sewelas. Yu mas durung kondur. Tetemon bengi iku sing banjur
ngungkar kremi lawas. Tangkepe Mas Wid kang teduh kaya dhisik-dhisik. Ora krasa
kerep ketemune karo Mas Wid, banjur dikanteni lunga bebarengan. Aku sadar yen
saiki sikilku tumapak ana prau loro. Prau kang disarangi bapake bocah-bocah lan
prau ing pesisire Mas Wid.
Wulan
juni aku nyoba kirim layang Mas Wid, dak aturi ngeterake Jogja. Lan nalika iku
bapake bocah-bocah lagi budhal Jakarta niliki Dhek Niek. Ya, layang wangsulan
saka Mas Wid mau sing njalari kabeh sandiwara iki badar. Oh, bisaku mung meneng
wae nalika bapak nglandrad jalaran ngrumangsani kaluputanku. Bengi iku bapak
ibu dirawuhake. Entek dina-dina candane isih nindaki besuk selasa. Sadurunge
kondur ngendika:
“Rebo
aku ora dhines. Dak coba rene rada esuk, ngiras aku dhewe arep kontrole.”
“Rawuh
rene ya mas!”
“Ning
diaturake masmu ya, yen aku sesok mrene. Ora bisa ngancani bengi marga isih
dilarang dokter. Ora kena angin wengi, jalaran enggal kambuhe.”
Oh,
sing banjur marakake dhadhaku sesek dina iki ya mung marga piye mengko yen Mas
Wid rawuh. Sore iki opelet wis methuk lan dokter wis marengake. Selasa sore iki
aku kudu ninggalake rumah sakit lan eluhku bali brol-brolan. Ning arep apa
maneh Yu Mar sekaliyan, bapak ibu wis methuk.
“Piye
Mas Wid rebu esuk?”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar