DALAN GAWANGAN
Dening Ariesta Widya
“Piye
mas?”
Satim
Petruk tangi saka anggone klekaran.
“Akh.
Cilaka dhik. Kanca-kanca ra dha nglumpuk. Piye?”
“Aku
mung sadrema nggawa kabar iki, mas. Kahanan pos kene sakersa panjenengan.”
“Njur
iki terus nge-pos Mundingan?”
“Dak
angkah mengkono.”
“Ning
yen kahanan dianggep gawat aku kudu tanggu jawab pos iki ta dhik.”
Iya.
Naning yen kanca-kanca ora ngumpuk iku sing ngewuhake mesthine.”
Durung
nagnti kurir saka pos Mundingan mandheg olehe lapuran, selak kesusu swarane
motor mabur mbengung. Wong telu meneng mremanakake saka ngendi swarane.
Selagine
wong telu ngrasakake swasana sin mulekake motor mabur iku wis liwat ndhuwur.
Kepara endhek. Nggeblas ngidul banter. Bubar iku katon kembang api abor mudhun
kaya teja mantheng.
“Edan,
edan tenan. Kae dhaerah Gunungpati, dhik.”
“Bener
mas. Piye iki?”
Regu
pos dadakan ambyar metu saka klirahan. Lakune setengah mlayu mudhun sengkan
blabas munggah sengkan Kwasen. Lan motor mabur iku isih mubeng-mubeng. Banjur
lagi wae nyandhak dalan rata wis keprungu swarane mortir. Sakala kabeh mandheg
ngawasake paran.
“Ka...
Kalipancur.”
Kabeh
gembreneng terus balik mlaku cepetan tumuju ara-ara sing nyingget kampung Kwasen
lan Kandiri. Lamino mogok nalika Desa Kandiri wis katon.
“Tekan
Kandiri nilik pos. Yen wis kosong nrabas metu Blabag marga dak kira pos
Mundingan mundur ngulon metu Kali Kranji.
Tlatah
Asistenan iku wis suwe bisa dibroki. Nanging perangan lor kampung-kampung iku
wong-wong durung entuk bali. Tetep isih ana pengapsen. Kajaba Desa Mundingan
kulon dalan sing wis kena dienggoni minangka dhapur umum, pembantu asis tenan
Gunungpati. Uga minangka pos pembantu (tlatah perangan kulon) asisten Boja.
Ngantine wektu-wektu iku tlatah iku isih bisa lestari dikuwasani. Sanadyan pos
persiyapan. Sadeng dumunung ing puthukan sing disingget Kali Gibrig wis
mlangkah tlatah pertahanane mungsuh. Tlatah sing paing ruwet marga dadi
ajanging penyelundupan pangan. Iki ateges secara ora langsung mbiyantu tlatahe
mungsuh entuk kekuwatan pangan.
“Piye
dhik, dhaerah kene?” pitakena Pak Ambar. Komandan dhaerah pertahanan
asistenan-asistenan iku. Nalika esuk umun-umun nekani pos Sadeng.
“Wah
radi repot, Pak.” Wangsulane Lamino sing wis rong dina iki manggon pendhapa
klurahan sing dadi pos pertahan mlebu kutha.
“Repot
apane?”
Dheweke
isih meneng yen kelingsan kedadeyan-kedadeyan rong bengi sing kepungkur. Banjur
durung kawetu tembunge wis disusul pitakon maneh.
“Kurang
tenagane? Apa ransume ora nyukupi?”
“Boten.”
“Ana
bab sing nyalawadani?”
Dheweke
isih meneng kaya wong kena hipnotis.
“Ngene
lho, Dhik, aku ki pengin ngeteni stategi perbatasan iki. Jalaran yen ora ngono
tangeh banget anggone arep mlebu Semarang.”
Saiki
pandelenge menjaba adoh nembus papan pendhapa sing wis ora kerumat.
“Ngaten,
Pak.” Tembunge seret.
“Dhaerah
mriki dhaerah penyelundupan.”
“Penyelundupan
mata-mata?”
“Bab
punika saged ugi. Nanging ingkang jelas dhaerah punika dhaerah penyelundupan
pangan mlebet kitha.”
Pak
Ambar meneng sanadyan ing bain krasa kaget krungu laporan Lamino. Anak buahe
sing dikenal banget wiwit tlatah iku dipasrahake ana tangane. Lan ing batin
kepingin ngyakinake yen saka tangane kutha iku bakal dibroki.
“Sing
dikarepake Dhik Lamino wong-wong sing manggon ana dhaerah dhewe adol pangan
nyang kutha ngono?”
“Inggih
makaten.”
“Dhisik-dhisik
piye?”
“Manut
katerangan inggih makaten nanging saged dipun gagataken.”
“Beras
sing digawa?”
“Inggih.”
“Banjur
barang-barang iku?”
“
Ingkang sampun kalampahan saperangan dipun tilar wonten mriki. Sanesipun dipun
kintun dhateng dhapur umum pembantu Mundingan.”
Pak
Komandan Ambar meneng. Pikirane mubeng memet. Marga kanthi mengkono wektu sing
dirancang arep mlebu kutha bakal rumit.
“Manut
Dhik Lamino, apa sebabe?”
Lamino
mencereng nglumpukake pikirane, “Ingkang jelas dhaerah mriki rumpil kanggenipun
tiyang enggal.”
“Akeh
jurange ngunu?”
“Kajawi
kathah jurang ugi kita kirang tenaga.”
“Oh....”
tembunge disaut.
“Dadi
yen ngono perlu tambahan pasukan?”
“Tambahan
pasukan kanthi tenaga ingknag kenging dipun agul-agulaken.
Saiki
ngerti karepe anak buahe siji. Sawijining tenag mudha sing encer utege nanging
ora kakehan omong.
“Sesuk
dak tambahi bantuan kaya sing kok karepake, Dhik.”
Lamino
mung dhingkluk ora wangsulan. Lan ora suwe Pak Komandan Ambar iku ninggalake
pos Sadeng sawise nemoni anak buah sing tugas. Saungkure Komandan, panggonane
lungguh durung ditinggal. Pikirane isih kelingan anggone ngoyak wong-wong
nalika mlipir metu kampung Talungkacang sing adhep-adhepan karo pos iku.
Dheweke bebarengan Tarmuji lan Asrul rombongan iku cukup akehe. Lan cetha
banget ana sing digawa. Nanging nalika dheweke arep mbursk rombongsn iku
Tarmuji kandha.
“Wong-wong
kuwi arep golek urip, Lam. Kaya awakke dhewe iki.”
“Nanging
wong-wong iku nggawe ringkih awakke dhewe.”
“Kowe
yakin?”
“Yakin
banget si ora.”
“Lha
thik?”
Ning
bener kandhane Lamino, Tar” Asrul nimbrung nyapuh omongane.
“Awakke
dhewe ora mungsuho wong-wong kuwi ta?”
“Pancen.”
Wong
telu meneng nalikane rombongan iku wis wiwit nyabrang kali Gribig. Banjur mung
bisane ambegan menggeh-menggeh ngampet mangkele. Akh, ngapa mau ora kandha
pisan marang Pak Ambar bab crita iku kareben ana dalan liya kanggo nyametake
kahan ing pos iki. Saora-orane regi sing saiki dipindhah kabeh disnti regi
liya. Nanging ngapa kaya wong kentekan engetan. Kaya wong linglung. Pos Sadeng
esuk iku sangsaya sei. Regu sing jaga ora katon. Kajaba awakke dhewe nunggoni
pendhapa klurahan.
Selagine
ngenam-enam pikirane dadakn ing plataran ana kanca saka dhapur umum pembantu
Mundingan. Dheweke apal banget. Prantiyo lan Satim Petruk. Jangkahe katon gugup
ngidak suket teki ngarep klurahan. Dhewekke menyat methukake.
“Ngapa
Dhik?”
“Anu
Mas. Penting” Satim Petruk
ndhisiki kandha.
“Ayo, dha mlebu wae.”
Tekan pendapa swasane sepi.
“Kanca-kanca, Mas?”
“Dha lunga. Adus ayake. Sewengi
nyegat nang Tulukacang. Kalebon terus.”
“Mata-mata?”
“Ra, Dhik. Wong-wong nyundhup mlebu
kutha.”
“Ngene Mas” Pratiyo munggel gunem.
“Situasi genting. Mungsuh stetling
ing perbatasan Gunungpati, Ungaran.”
“Haa… Piye Dhik?”
“Mungsuh arep mlebu Gungpati knthi
kekuwatan sing cukup lan kabeh siap-siap mudhun ngulon.”
“Boja pa Cangkriman?”
“Manut informasi, kulon uga areo
dileboni.”
“Wah, edan yen ngono. Njur iki
prentahe piye?”
“Kanca-kanca kene kon nggabung pos
Mundingan, Mas.”
“Oh.”
Pangangkluhe terus menyat nguber
kanca-kancane sa pos. Nanging mangkele memet. Marga kabeh ora katon. Banjur
bali nemoni kurir sing isih klekaran ana amben dawa kanthi bathuk manther
nimbus pyan kepangan jaman.
“Mengko pos Mundingan nunggu awake
dhewe, Mas.”
“Iki pikiran sementara. Marga yen
ndadak metu Cepoko nang pos Mundingan wektune entek.”
Bubar iku lakune wis setengah mlayu.
Saka kadohan sekolahan sing dienggo pos iku wis katon sepi.
“Awakke dhewe kejepit.”
Merga nalika iku mortar wis liwat
ndhuwur Kampung Kendri. Lan swarane saka kadohan wis keprungu. Terus isih
kesusul brondongan manut kembang api saka motor mabur. Lamino sansaya bingung
nalikane motor mabur iku mencos ngalor tumuju tlatah sing dipecaki. Tekan
Blabag uga wis nyenyet. Lan rencana arep nyegat lor Kampung Mundingan
dibatalake. Lakune nrabas Kampung Ngablak. Pamrihe bisaa ketemu karo wong wong
pos Mundingan ana Kedungjangan. Lan motor mabur iku isih tetep ngleyang. Swara
mortar tetep mecah sepining awan iku.
Metu saka alas pinggir Desa Ngabalk
ngurud wangan nrabas sengkan mlipir dalan cilik tekan Kedungjangan. Tlatah iku
sepi. Tabet-tabet wong-wong pos Mundingan ora katon. Mesthine mundur metu
semayan Si Putih ngepos Kampung Bentur.
Tenagane kabeh wis meh entek. Ora
ana dalan liya kajaba mung mlaku ninggalake pos-pos sing selawase iki
ditunggoni. Tekan pinggir Kali Tempuran dicoba ngulur napase. Kabeh melu
mandheg. Banjur kelingan yen dheweke sng tanggung jawab. Dheweke balik ngetung
nyawa-nyawa tanggungane. Raine njengkerut.
“Ngapa, Mas?” tembunge Mitra Gareng
karo kempis-kempis.
“Tarmuji.”
“Tarmuji?”
Kabeh taping pentheleng ngawasi
siji-siji. Nggoleki Tarmuji anggota regune. Kanca sing omongane sapenake dhewe.
Banjur lakune diterusake nalika motor mabur iku ngeneni Pos Mundingan. Nanging
pikirane Lamino lagek bias nggabung Pos Mundingan. Nanging pikirane Lamino
kecanthol karo Tarmuji. Apa sesambungane omonge nalika patrol kae karo serangan
iki?”
“Okh … Okh ….”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar