MONITORING SETIA
Dening Ariesta Widya
Esuk iki kebeneran ora mulang. Ewadene
kudu teka ana kantor ngisi bukiu absen. Ing bbatin nggrundhel piye ora?
Wektu-wektu sing bisa dienggo kebutuhan liya kepeksa dikalahake. Sedina muput
karepe kaya pegawai negeri sing title ping sanga. Saying mung absene gajine ya
gajine wong PGPN lumrah. Ah, embuh mumet gundhul.
Dharma
sing lagi daktampa dakbukaki. Mmesthine tulisanku diemot. Akhir-akhir aku wegah
nulis. Aku pengin nulis sing liya. Sing dudu ngrembug bab katresnan periya nom
lan kenya nom kabeh-kabeh nulis iku-iku. Ing batin aku maturnuwun karo Mas
Arwondo sing gelem ngemot tulisanku bab nelayan sing kapiran ing Maluku. Pancen
ancasku pengin nulis bab ngono-ngono iku. Soal masyarakat soal penguripan sing
wajar sing sedihe pancen lagi jamane.
“Piye
Dik Moel, sesok kosong ta?” Tembunge Mas Mekto nyugarake lelamunanku. Mas Mekto
penanggung jawab Radio Cendikia Puruhita duweke Yayasan Pelajar Brigade XVII.
“Ora
kok mas. Ngapa ta?”
“Ngene,
sesok dik Gi’o ora bisa tugas. Ancasku Dik Moel sing siyaran.”
“Bisa
mas. Ning, aku durung patiya becik kanggo operator.”
“Ben
didampingi Dek Win. Kebenaran mau ketemu lan sanggup.”
“Yen
ngono bisa wis la.”
“Oo,
ya yen sesuk ana relasi sing arep pasang iklan diberesi pisan.”
“Iya
mas.”
Mas
Mekto pancen raket karo aku kepara kaya keluarga dhewe. Ngantine aku dikon
mbantu dadi penyiar senadyan kasile ora sepira ning nyenengake.
***
Tenan
esuke aku teka kantor ancasku mung tanda tangan terus pamitan kepala sekolah.
Tanda tangan awan bisa mengko 12.30, marga siaran rampung jam 12.00. mangkatku
mampir omahe Dek Win, petunganku ngirid duwit becak bisa nggonceng DKW-ne Dek
Win. Tibake petunganku luput, marga dek Win wis budhal luwih dhisik. Kapeksa
mbecak uga ateges rokoke, rokok ketheprak ijen-ijen.
Tekan
studio dik win wis sibuk nyiapake piringan hitam lan cassette. Pemancar wis
dipanasake terus aku mlebu ruang penyiar. Dik Win mung mesem ing antaraning
pilihan kronconge Mas Moelyadi “randa ngarep omah”. Dik Win ngguyu nyekakak,
sidane aku melu ngguyu.
Pemancar
wis munggah, swaraku wis mabur atiku uga melu mabur, mabur bebarengan karo
gelombang 112 meter. Lan aku yakin mesthi tilpun muni terus. Oh, pancen donya
ngono kebak pepalson. Laying-layang sing mlebu kandha yen swaraku penak
dirungokak. Kadang-kadang ana pitakon: kaya ngapa kak moel iki? Apa isih sedulur
karo Eddy Moelyono penyiar RRI Surabaya? Paling-paling banjur mung ngguyu
dhewekan, bodho, bodho banget. Diapusi karo swara lan nate ana tamu kabeneran
aku dines esuk. Tamu sing cukup ngeyakinake yen tamu-tamu mau kahanane ukuran
jaman saiki klebu mewah. Numpak motor sedan corona cat abu-abu, kandha yen
nggoleki penyiar Agoes Moelyono. Mangka nalika iku aku dhewe sing nemoni, piye?
Aku kapeksa dora yen mitra Agoes Moelyono lagi wae metu. Dina iku dheweke
nggawa piringan hitam lan cassette bisa dienggo nglengkapi siyaran. Ah, embuh
dina iku aku emoh kandha yen Agoes Moelyono, ya aku iki. Aku wedi mundhak
dheweke gela, ge’a marga antarane swara lan blegering lahir ora padha. Siasat
iki dak enggo amrih aku tansah bisa entuk bantuan cassette utawa piringan hitam
ora luwih.
***
Tilpun
wis muni ping bola-bali, aku menyat nututi telepon.
“Ya
betul di sini Cendikia Puruhita. Dengan siapa bicara?”
“Agus.”
Banjur krungu swara guru renyah, batinku misuh dadakan.
“Kenapa
tertawa?” Swara mau ngguyu mareh. Nanging aku isih bisa ngampet nepsuku.
“Apa
perlu?” Swara iku dadi malih lembut
nyenengake.
“Selamat
siyang kaka goes?” Saiki nepsukun ilang. Oh, padha karo disiyang jendhol. Mati
ngadeg, durung nganti dak jawab getonne
dheweke wis kandha maneh:
“Ini
pencinta Cendikia Puruhita. Lebih-lebih pencinta swara Kak Agoes.” Dadine aku
sing malah ngguyu.
“Terimakasih.
Biarlah cinta dengan swaranya. Oya, adik siapa namanya?”
“Malu
ah. Tapi biarlah, Diah. Oya, kapan Dik Diah bisa ketemu Kak Agoes?”
“Kapan-kapan
saja. Tapi jangan kaget Kak Agoes ini macam apa ya, tuh-tuh macam Bagong.”
Tilpun
dak pedhor lan tak rasa-rasa uwis cukup suwe, mesthi Dik Win misuh-misuh.
Tenan, Dik Win nggrundhelan jarene aku kesuwen. Ah, ditampa wae, kabeh uwis
ilang jalaran uwis lumrah mengkono. Jeneng pirang-pirang wis nate mlebu kuping.
Mlebu banjur ilang lumrah radio amatir pancen mengkono kahanane. Arep piye
maneh, kabeh kudu ditampa kanthi rasa manyadulur. Ah, apa teges jeneng. What is
the name? tembunge William Shakepeare.
Wis
pirang-pirang dina iki pendhak ana ruang pilihan pendengar, Diah mesthi kirim
maneh. Kanca-kanca dadi rame soale ya mung Diah. Paling-paling aku mung ngguyu.
Oh, pacaran karo angin batinku.
Sawijining
dina aku ditugasake Mas Mekto nagihi relasi sing dadi sponsor.
Omah
iku cukup ngeyakinake yen sing duwe wong kecukupan. Tatanan moderen sing eyub
sing netremake ati. DKW-ne Dik Win dak srobot, nalika aku ngancik plataran
jembar iku wis dipapagake kenya dewasa.
“Bade
pinanggih Bapak Soewignyo. Punapa saged?”
“Wonten,
kersa?”
“Urusan
iklan.”
“Oh,
bapak saweg tindak, lan mbokmenawi kalih dinten malih saweg kondur.
“Ngaten,
menawi saged serat punika katilar sanes wekdal sowan. Kenya mau nampa laying
terus ngiling-ilingi amplop Cendikia Puruhita. Dheweke nglirik aku ngerti ing
praupane katon sawijining tanda pitakon.
“Mas
saking Cendikia Puruhita?”
“Inggih.
Wonten kersa?”
“Tepang
kaliyan Kak Agoes Penyiar?”
“O,
inggih-inggih tepang. Tepang sanget, wonten kaperluwan?”
“Boten.
Namung remen dating swantenipun. O, inggih. Nuwun sewu menawi pinanggih kinen
salam kagem Kak Agoes saking Diah.”
“Inggih-inggih,
mugi-mugi boten kesupen.”
Omah
gedhe iku daktinggal. E, tibake iku ta Dek Diah sing sok nilpun kae. Tekan
studio aku kandha karo Mas Jito nunut salam kanggo Diah yen salame wis ditampa.
Ah, sandiwra maneh.
Dina-dina
candhake pendhak tinggal. Dak sawang priyayi setengah umur jumeneng ana ngarep
lawang. Aku sesalaman terus lungguh.
“Kalih
dinten kepengker nak mas tindak griya?”
“Inggih
pak.” Omonganku glagepan marga wong kaya aku ngene diajak basa modhel ngono
ilat bisa tugel.
“Punika
sedaya arta kangge kontrak relasi sampun kula bekta tigang wulan.”
“Leres
pak, lan maturnuwun.”
“Wah,
damel sampun damel repot bapak.”
“Ah,
boten dados punapa. Tiyang wau punika pun.
***
Dina
iku sandiwara kepeksa badar. Aku tugas dhewekan kaya adat saben mesthi aku
kandha.
“Inilah
penyiar anda Agoes Moelyono kembali mengunjungi anda. Sayangnya penyair anda
sendirian.”
Dumadakan
bel ngarepan muni, kapeksa aku nemoni cassette Koes Bloes dak pasang, ngelingi
yen mengko ana rembugan dawa.
“Gendhok
ngoyek-ngoyek ngriki bade pengin sumerep studio?”
“Namung
kados mekaten kok pak.”
“Sampun
sae. Piyambakan punika kok nak?”
“inggih.
Kanca-kanca saweg sami tentamen.”
Saka
njaba dak sawang ana kenya mlebu. Oh, kagetku ora kinira. Diah nderek bapake,
Diah ndungkluk ormat terus melu lungguhan karo Pak Soewigyo.
“Iki
Diah, nak Goes Moelyono. Sing sok kok kandhakake swara ulem kae.”
Sakala
raiku abang, semune Diah uga kaget. Aku menyat ulungake tanganku. Aku ora
nyebut jenengku. Diah uga meneng kanggo ngirang swasanana aku kapeksa ngusir
alus.
“Nuwun
sewu pak, gandheng dalem piyambakan kapeksa..”
“Inggih-inggih
kula mangertos.” Mangga-mangga batinku. Matik aku, Diah wis ngerti yen aku ngapusi.
Sandiwara, sandiwara wis badar. Dakkira sandiwara iku badar tekan semono,
tibake isih dawa. Lan luwih dawa maneh. Lan pendak nagihi jane Pak Soewignyo
aku mesthi menyanggupkan dhiri luwih dhisik. Jelas Diah sing nemoni, ngantine
dina iki. Diah dadi monitor sing palingf setia, malah setia nyandhungi ana
studio la nana ngomah Diah Marini Moelyono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar