DINA-DINA
KAWURI ORA BAKAL BALI
Dening Arista Widya
Saking bungahku, aku ora bisa apa-apa.
Kejaba mripatku bajur kembeng-kembeng, dakliik pendulu kang luruh iku. ah,
bisaku mung kandha.
“Mesthi tak tampa, Yan.”
“Tenan iku Magda?”
Bareng dakrasan Cahyono wis lungguh ana
sandhingku. Oh, ora ngira yen problem sing dakadhepi semono lawase iku rampung
bengi iku. iku dumadi ing wulan mei 1964 cinathet dakbocku. Ngantine Cahyono
pamitan bali, lan lonceng muni ping sepuluh. Tembunge dibaleni maneh.
“Kowe wis mantep tenan, Magda?” Sarana mung daksauri manthuk, banhur mripatku
ora kuwat nadhahi pendulune. Krasaku mung kaya impen ing tengahing engi. Endah
nanging tanganku isih kenceng gondhelan tangane.
Saiki atiku uwis lega, kari ngrembakake
sesambungan antarane aku lan Cahyono donyanjung Cahyono, drama, organisasine.
Dakcoba daktegui saorane aweh semangat. Malah aku langsung dadi pembantune ana
IPMI, lan aku nawakake tenagaku kanggo study club dramane kariere Cahyono
sangsaya nynengake.
Taun candhake sawijining dina. Sore
sawise nonton ana benteng kaya adat saben mulihhe mlaku luwih kepenak.
“Magda, aku sida arep mentasake ana
Wisma Miangas. Ana persetujuan karo Mayor Marrouw, gabunbgan IWAPENSI.”
“Kok, ana Wisma Miangas?”
“Iya, iki gabungan aksi social kanggo
nggedhekake Asrama Pikat Bubar karo ALRI, Floating Recreation. Ana Menado
nganggo kapal Klingi, malem minggune.
“Meriah, ya?”
“Embuh, yen sukses kudune ngono. Magda
pengen melu?”
“Apa sing arep dipentasake?”
“Magda wis nonton kabeh ‘Nyonya dan
Nyonya Motinggo’, ‘Penggali Intane Kirjo Mulya’? Yen pengen ana Wisma Mianggas
wae supaya bubar nonton bisa terus bali Sedheng Floating.”
“Becike sing ana kapal wae.”
“Piye mengko brurmu watake, Magda? Aku
kok ora arep nyelaki upama didadekake sebab. Ning, apa ora ana cara kang luwih
becik?”
“Ah wis ben. Upama ana apa-apane aku
wis ta…”
“Ya dipikir sing becik, Magda. Aja
grusa-gusu karuwan iku wis dadi tanggung jawabku seratus persen. Becike, ora
kabeh wae yen ngono. Mau esuk sida tenan aku kandha, lan pangirane Cahyono ora
luput.”
“Ngapa kowe bengi-bengi kluyuran ana
nduwur kapal? Apa kowe wis bisa wareg senimu kuwi? Kowe ngerti, aku sutik
ndeleng yen ngantiya budhal.”
Brur Henkie, putrane Brur Papa. Dadi
yen kao aku nunggal opa, nanging wewateke kang kagawa tanpa sedulur iku angel
dielukake. Dhasare kecukupan tinggalan warisan, omah tingkat telu iki, lan
pabrik obat ‘Liong You’. Yen ngelingi aku kabeh. Oh, bakal lebur sesambunganku
karo Cahyono.
Sidane aku tetep nekad, koper cilik
daksediakake isi pakean kanggo ana kapal. Acara bebas bengi iku aku nyandhingi
Cahyono minangka semangate.
Jam 4 sore, Cahyono bebarengan Endie
Sinagula numpak land, trove ALRI. Persis Brur Henkie ana ngarepan, banjur
nalikane aku maani lan rover. Oh, mripat kuwi mencereng kepleng kaya mata Liang
Liong, raine abang kaya urang kepanasen. Land Rover bablas dalan wenang menggok
dalan pasar, dlab Sam Ratulangi mampir sanggar SDM terus Walea ngamipiri
instrument band gita rama, dheweke pelukis Makasuci. Motor boat wis ninggalake
pelabuhanMenado, nyedhaki kapal Klingi.
“Brurmu katon mendhung, Magda.”
Tembunge sing selaningswara mesin.
“Wis ah, aja. Ora susah ngrembug iku
dhisik. Dipikir wae sing bakal kelakon mengko, main sing becik supaya karimu
nyegerake. Tetep dadi pengarep-arep pencinta seni yen mengkono aku luwih bungah, tinimbang
ngrembug bab liya. Bab iku dirembug sabubare, sing penting bengi sukses
pangarih-arihku.” Kaya ibu mbujuk putrane. Marga aku pengen Cahyono tetep kelet
karo donyane. Sebab, yen ngantiya gugat bisa dipasthekake aku sing dadi sebabe.
Sore sadurunge acara, Cahyono dakajak
mbaleni teks-teks lan saiki wis bali sigrak maneh.
Tenan bengi iki aku bangga, merga kabeh
acara nyegerake. Malah nalika acara bebas Cahyono mimpin polonice, terus
dibacutake melantai nadyan, mung ping pindho. Lintang ing langit ngilo
tengahing laut, ombak nyempyok-nyempyok lambunging kapal tanganku digandheng
Cahyono. Mlaku urut tepising buritan kapal, Cahyono mandheg ning anggone
nyekeli tanganku sangsaya singset. Wengi iku wengo-wengi sing daklalekake,
rembulan wis mangklung mangulon, adhem nlusuri balung, tembunge Cahyono kawetu.
“Piye bengi iki pangrasamu, Magda?”
“Apa sing mbok karepke, Jon?
“Aku ora bisa ngudhar nganggo tembung.
Kowe ngerti Magda, apa sing sumimpen ana atiku?”
“Ya ora ngerti ngono, wong atine liyan.
Nadyan aku tetep prasaja.
“Kahananmu mau esuk sajak nggawa
firasat ala.”
“Wis, pasrahna wae marang aku. Pancen dakarah mengkono amrih aku bisa oncat
saka djl Asia Arika.
“Piye? Kok malah mbingungake.”
“Bener kandhamu. Ngertiya ibu
dhisik-dhisik aku kumpul karo mama ana Tikala. Ning sabanjure papa sowan ing
ngarsane pangeran. Oh, kena pinaribasake burung dalam sangkar emas. Saiki dak
aggep kowe Jon, sing bisa dadi lelantaran ngrampungake panandangku. Oh, aku
maturnuwun banget, dakkira ora ana wong liya sing bisa nangekake donyaku kang
wis ambruk.”
Lan
bengi iku angin wengi bola-bali ngelus pipiku. Esuke aku bali nyang omah djl.
Asia Afrika. Tenan firasate Cahyono numusi. Lagi aku munggah trap-trap Brur
Henkie wis methukake. Kanyatane dina iku aku ninggalake omah djl. Asia Afrika,
terus babalas Tikala kumpul dadi siji maneh karo Mama Martha adhiku nangis.
Tekan ngomah Tikala sepi Dannie ragilku, mama daktakoni Ruthna lunga Tomohon
karo calone, mama kumpulan emmanuel ana Aimadidi.
Sorene lagi krasa, bareng digugah mama.
Aku gragapan marga aku ngimpi digejer mama.
“Ngapa Magda, kok pakaianmu digawa
mrene kabeh? Aku ora mangsuli.
“Dinesoni, Henkie.”
“Iya.”
“Sebabe?” karo tembungku a lot aku
crita wiwit niyatku mbiyantu Cahyono nganti mulihe.
“Ha, ya ta aku welas karo Cahyono.”
“Melas apa tresna?”
“Ya, loro-lorone.”
“Dadi kowe wis mantep. Wis kok piker
jero ngarani pribadine Cahyono.”
“Dak piker uwis. Aku wis cukup srawung
suwe. Mula aku mung kari duwe soal siji yaiku gumantung mama sing
ngrampungake.”
“Kowe wis gedhe, Magda. Panimbangmu dakkira
cukup wiring, mama ora ngalang-ngalangi.”\
Aku njur nangis ngguguk, mama
dakrangkul. Apa maneh rambutku dielus-elus lan bathukku diaras, eluhku sangsaya
ora kena sangsaya dicandhet. Wulan juli tanggal 19, taun 1965 aku karo Cahyono
ning galake omah Tikala.
Mampir dhisik Rumah Makan Esa Mokan.
Minangka mangan pungkasan, kang mbukak purwaning.
Purwaning mangan bareng kang langgeng
sawise kudun pepisahan dhisik. Aku ora mangsuli, marga sjatine aku wegah
banget. Atiku krasa kosong lan daksawang lampu-lampu ing ndalan surem, kaya
sureming atiku. Batinku arep-arepa ndempling. Manganku kesandhet-sandhet,
ewadene emosine Cahyono babarpisan ora kawistara.
“Ayo ta Magda, mbok aja sedhih-sedhih.”
Aku banjur melu ora karu-karuwan.
Tembung-tembung ngarih-arih nalikamunggah
dhokar tumuju bioskop benteng. Filem bengi iku ‘Love in the Trapize’, ewadene
ora ana gambar siji-sijia sing kanthil an angen-angenku kajaba perpisahan sesuk
esuk. Ah, emosiku emosine wong wadon. Baline aku karo Cahyono mlaku ngurud djl.
Klabat, Cahyono wiwit guneman.
“Ayo Magda, mbok ya njanji-njanji. Wis
aja sedhih-sedhih.
“Piye kon ora sedhih ta Jon. Sesuk
bakal pepisahan, njur suwe ora temu.
“Mbok ya aja ngono.”
“Piye ora. Bengi iki bengi pungkasan
dakrasa kaya dibethot kasenenganku kang lagi mekar.
“Ngono kae. Bubar iku njur ora
pisah-pisah maneh.” Aku isih meneng, nanging tanganku sangsaya sinkset.
“Jon. Jon!”
“Piye, Magda?”
“Kowe janji, ya?”
“Janji piye?”
“Janji yen ora arep ninggalake aku. Aku
wedi kelangan, kelangan kowe.”
“Ah, kok nganeh-aneh. Ngrembug sing
ora-ora.” Bengi iku aku isih bisa lungguhan ana plataran ngarepan lan nalika pamitan. Oh, atiku enenge mung luh
dleweran nelesi dhadhane Cahyono. Saupama ora ngelingi pisike sesuk akupengein
bengi iki omong-omong sing akeh. Oh, bengi iku kangelan banget anggonku arep
turu.
Tanggal 20 juni sore mengko Cahyono
budhal Ambon ngayahi gaweyan anyare. Aku bungah dene kadhudhukane sangsaya
mundhak. Sedhih marga aku kudu pisah.
Dina iku aku nyedhiakake sangune
Cahyono kanggo ana kapal lawuh lan keju
kanggo ngurangi ‘sea sick’. Nanging atiku tetep ora ka-karuan wedi kasamaran
lan akeh maneh. Nganti awan anggonku ngrangu Cahyono. Marga aku pengin
ngeterake, mung dak sawang langite mendhung. Angin sangsaya santer. Lebu-lebu
djl. Klabat mabur bebarengan karo godhong pelem ngarepan nomah. Tenan budhale
menyang pelabuhan dibarengi grimis tumemplek ndhuwu dhokar.
Balika kabeh wis munggah boat motor,
Cahyono isih njege, tangane isih dakcekeli. Banjur tembunge:
“Magda?” Kasilep getering swara ombak
nyemplok darmaga.
“Aku dak budhal ya?” Getering getihku
santer dakrasa napase Cahyono ncedhak pipiku. Banjur nalikane Endie ngaruhake
yen kapal wis stoom pindho.
Bisaku mung nheteake Cahyono. Ilang
saka pandeleng ing samburining blegering gudhang-gudhang kopra ing pelabuhan.
Saiki aku bali sepi kayata taun-taun sadurunge lungguh dhewekan. Sepi ah, lagi
saiki dinane aku ngerti. Apa iku sepi lan kaya ngapa gedhening tegese Cahyono
kanggoku ing sedinane. Mung, aku tetep isih seneng layang-layange sajrone ada
dalanan. Ternate taktampa, apa maneh meh saben rong minggukabare mesthhi ana.
Nalika umurku sing ping 22, 4 september
kae kapinujon. Kancaku sakuliyah cah Ambon, Mas Huliselan katemu Cahyono baline
menyang Manado aku dikirimi weeding. Oh, atiku sansaya mantep tenan. Njur ing
layang antarane taun 1966 masa dhinasku ana Ambon wis entek. Aku bali Menado
dakajab kowe, uga uwis rampung sarjana mudamu. Bubar iku terus pahargyan tukar
cincin. Mengko resmine dicocokake pisan karo perajanjian dhisik. Kae crita ing
tanggal 11 Mei.
Tahun 1965 wis mungkur. Taun 1966 wis
wulan oktober. Mesthine rong wulan maneh Cahyono bali.
Winginane nalika aku lunga Biro IKIP
lan perpustakaan, bali layange Cahyono daktampa. Mulihku cepetan, selak pengin
ngreti isine. Oh, bungahku ora kinira-nira.
Magda dakkira aku bisa melu mahargya
natalan ana Menado. Banjur wong loro melu missa natalan. Mendah seneng lan
bengi iku aku arep matur nuwun dene arp diparingi calon sing lembut. Bubar
missa natal arep dakpasrahake Ibu Dalem Maria, ben binerkahan sih kaibuan dalem
Pangeran.!~
Dakanti sajroning rong wulan iki.
Geneya Cahyono meksa durung ana kabare. Natalan wis mungkur. Taun baru wis
lewat.
Dina iki atiku kaya remuk-remuka. Terus
ora kelingan mama melu bingung. Post loppe sing nggawa layange Cahyono sing
nuwuhakke awakku sedina iki ora nggawa daya. Pangarep-arepku entek, kekuwatanku
semplah kejaba wewayangane Cahyono, seniorku
dhek masa perplancongan.
Seminggu iki aku ana Air Madidi ,
ngleremake ati. Daksawang gunung klabat, kalimput pedhut. Omah ngarepan omahe
omku kawistara sepi, cahyaning srengenge metu selaning godhong manggis,
ngeringan kang nujem atiku.
Magda, ing donya iki ora ana barang
sampurna. Kowe ngerti Magda, keputusanku sing paling akhir sajrone ngayahi
tugas iki. Aku isih tresna karo kowe Magda, kaya-kaya dhisik-dhisik during
luntur, during owah janjiku kabeh, durung ana sing lali.
Ana bab sing dakkira Magda dung ngerti.
Magda kaya dhisik sing nate dakkandhakake wohing katresnan antaraning piya lan
wanita diwujudake ana bebrayan kawin. Aku ngakoni ning rak ora muthak ta? Mula
Magda banjur aku banjur narik kesimpulan, ana kalane ora tumeka nehira, ora
tekan kawin. Mula aku kandha tetep tresna.
Mung katresnanku kang nate dakesokake
ana ngarepe. Magda aep dakbalekake ana punjering katresnan kang luhur dhewe,
Gusti kang Mubeng Gesang. Katrresnan arep dakgawe senjata pamungkas njembarake
kraton dalem gusti. Apa kowe ora seneng Magda? Yen nduweni mitra njur gelem
melu nderek Gusti Yesus. Kudune bangga wiwit natalan kepungkur iki, aku wis
mlebu panggeladhi rohani calon-calon
Wihara Sarekat Yesus ing Ngayogya. Pamujimu dak jaluk .~
Iku layange kang gawe remuking ati.
Oh, sajroning seminggu iki aku nggagas
tekade Cahyono, olehe keras. Oh, kanthi ati semplah dak kuwat-kuwatake aku
ngeculake Cahyono ngembara ning Keraton Dalem Pangeran. Muga-muga besuk sawise
tamat saka seminariumm dadiya pastur kang wicaksana, kang bisa nglantarake
tuhuning katresnan sejati.
Saiki angin alon tumiyup saka lembah
gunung. Klebat hawa sore kang adhem nyiram kutha Airmadini. Adhem tulus kanthi,
tulus aku ngeculake Cahyono lan binareng
lonceng greja muni ping nem, mratandhani angelus rampung anggonku nulis naskah
iki. Ngenani awakku lan piya manca kang perwira.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar